Trigangga Takon Bapa (kempalan balungan gagrak Surakarta)

SAWISE oleh atur saka prajurit pajineman (telik sandi) kang ngandhakake, “Ooooo Sinuhun, bapa paman jengandika pun Mapatih Prahasta ing wekdal punika sampun gugur ing madyaning pabaratan. Ajur mumur kuwandanipun kinepruk tugu dening prajurit kethek ingkang awasta Anila!” Prabu Dasamuka sakala lenger-lenger. Byasing wadana nuduhake raja raseksa kang seneng sesongaran, ora tedhas tapak paluning pandhe sisaning gurinda, tan kenaning pati sawise ngambung pertiwi awit kegadhuhan aji kang aran Pancasona, uga ora bebas saka rasa uwas.

Kang kumlebat ing padoning mripat kang ajeg sumorot abang kaya getih, pitakon, “Sawise Paman Prahasta, sapa maneh kang patut piniji dadi senapati aguling ayuda, kang bisa ngasorake yudane Ramawijaya, Laksmana dalah wadyabala para wanara?” Kumlebate rasa uwas mau mung saklebatan. Atine Rahwana-raja kobong maneh dening nafsu angkara murkane. Durung nganti oleh pamudharan, kaselak ana prajurit raseksa kang arambut gimbal, miyak pasowanan ngabyantara nata, matur klawan gurawalan, yen ing jaba ana satriya loro kepengin sowan.

“Ooo, adreng sanget niyatipun satriya kekalih anggenipun nedya sowan, senadyan wongsal-wangsul anggen kula menggak! Nyumanggakaken ing karsa Njeng Sinuhun!”

Ujare Sang Yaksendra klawan swara sugal kaduk ugal-ugalan, “Tumuli iriden sowan mrene! Ingsun kepengin pirsa, sapa lan kaya ngapa wong-wongane!”

Satriya leloro mau kang siji bregas, cakrak, ngaku aran Bukbis alias Pertalamariam. Sijine awujud kethek putih, isih ingusen, aran Trigangga. Kethek putih Trigangga iku ngaku adhine Bukbis, mung adhi ketemu gedhe. Nalika Bukbis lagi mentas saka segara kang dadi papan padunungane Dewi Urangayu, ibune, weruh ana kethek putih dhedhe ing tepining segara. Nalika iku, nalika ditakoni Bukbis, wanara seta mau ngaku tanpa aran, tanpa dhangka, ora disumurupi sapa wong tuwa kang nurunake. Kethek putih mau njur diaku adhine, lan dening Bukbis dijenengake Trigangga, lan diajak bebarengan ngupaya bapa. Anut pituduhing ibune, Dewi Urangayu, Bukbis iku isih trah Alengka, putrane Prabu Dasamuka.

“Mula Dhi, ayo bebarengan digoleki, karuwan wis cetha asma kratone. Si Adhi iya kudu ngaku putra Prabu Dasamuka!” Trigangga nginthil. Sawise disowanake ing ngarsane sang raja binathara, kalorone banjur lungguh anut tata trapsilaning pasowanan ing kraton.

“Apa sedya kalorone sowan ngabyantara rene?”

Rehne nalika iku Sang Rahwana-raja lagi emeng menggalih gugure Sang Mapatih Prahasta ing pabaratan, lan isih durung oleh wewengan sapa prajurit Alengka liyane kang pantes sinengkakake dadi senapati minangka gantine kang wis gugur ing ngayuda, mula olehe ndhawahake pitakonan iya klawan swara sugal, sora, serak, lan blas gak merduli tata kramane nampa tamu anyar katon. Ature Bukbis klawan sareh lan anoraga, ”Makaten Sang Prabu ingkang dahat kawula mulyakaken! Anut dedongenganipun ibu kawula Dewi Urangayu, paduka punika taksih kapernah bapa kula piyambak. Adhi kula pun Trigangga, wekdal punika ugi saweg bingung ngupaya Bapa. Manut keyakinan kawula, paduka punika ugi ramanipun adhi kawula Trigangga!”

“Bedebah, bangsat, aja mung angger ngoceh, omong sasenenge udelmu dhewe. Ing salawase iki Dasamuka ora rumangsa darbe turun kaya dhapurmu? Apa maneh kaya kethek putih adhimu kuwi….”

Prabu Dasamuka njur ndhawuhake parentah marang prajurit pajineman supaya ngusir tamu kang ora ngerti aturan. Bukbis sumela atur, “Mangke rumiyin, Sang Prabu. Nyuwun duka ingkang kathah-kathah, yen wonten galap-gangsulipun atur kawula ingkang boten adamel sarjuning penggalih. Keparenga kawula ngaturaken cariyos larah-larahipun anggen kawula kumawantun ngaturaken sadaya kalawau….” Sawise nata napas sedhela, sarta “antuk angin”, awit semune Sang Prabu Dasamuka isih kasdu mirengake dedongengane, Pertalamariam alias Bukbis njur mbiyak cathetan ngenani “mangsa kepungkure” Prabu Dasamuka.

“Mesthinipun Paduka boten badhe kekilapan, kala samanten Paduka kapanduk ing asmara turida dhumateng satunggaling apsari ingkang mila tuhu sulistya, asma Dewi Widowati. Senadyan Dewi Widowati boten kersa nglanggati, nanging greget sarta adrenging penggalih boten kemba. Malah saya makantar-kantar hurubing asmara turida senadyan Dewi Widowati namung kantun wewayangan, awit tata lairipun –awit saking kipa-kipa sanget boten kersa nglanggati asmara paduka– lajeng milaur ambyur ing hurubing dahana.

Yen wewayanganipun Dewi Widowati karaos manjing ing sawenehing tetuwuhan, tetuwuhan wau lajeng paduka bedhol, rinumrum sarta inglela-lela, pindha saweg mbopong wanodya yu ingkang weweg sedhet ing sarira. Semanten ugi nalika wewayanganipun Dewi Widowati katingal kados manjing ing urang ingkang ayu, urang kalawau sakala katubruk sinambut ing rasa asmara. Senadyan pun Urangayu mopo, ning rehne paduka trus –kadereng ing saya mangalad-aladipun hawa nafsu– wusana Dewi Urangayu, mbabaraken putra mijil jalu, inggih pun Bukbis. Dewi Urangayu wau ibu kula….!!”

Runtik banget penggalihe Prabu Dasamuka mireng dedongengane Bukbis, mula njur mbengok gawe njomblake kabeh para prajurit pajineman kang nalika semana lagi nunggu dhawuh, “Tutup cocotmu kang gak genah, kumawani mbeber wewadi ing sangarepe para raseksa. Aja mbok bacutake olehmu crita ngayawara mau, setan laknat!!”

Mung, ing batin Sang Raksendra –senadyan mung saklebatan– ngakoni mungguh benering dedongengan mau. “Mung…., bangsat-bangsat kalorone iku aja padha kaduk ing panduga yen Ratu Alengka, Dasamuka gelem ngakoni sira kalorone minangka anak. Ora, ora!” Nalika iku Dasamuka njur mak nyutttt kelingan karo kepentingan pribadine, kepentingan nggolek gantine senapati Prahasta kang wis gugur ing madyaning palagan. Iya kepentingane mau kang rada bisa nelukake ngangsa-angsane penggalihe Sang Yaksendra Dasamuka, njur kawetu ing lesan –rada sareh— nanting kasekten sarta kaluwihane satriya lelorone mau.

“Mangertiya Le, ora bakal ana tedhak turune Dasamuka kang tembre, gak gableg kasekten utawa kaluwihan, senadyan durung bisa nandhingi wong tuwane. Mula Bukbis, murih bisa diaku anak dening Dasamuka, apa kasektenmu, apa kaluwihanmu? Buktekna Le, yen ora gelem disebut bangsat….”

Bukbis ngaturake sembah sungkem. Sawise iku njur nganggo topeng waja. Bareng topengan waja mripate sumunar abang, abange getih. Sorot mau saya suwe malih dadi hurubing dahana kang ngalad-alad, nglebur tanpa dadi sapa wonge kang ketaman. Rehne, nalika iku sorote katujokake marang Prabu Dasamuka, mula Prabu Dasamuka sakala ginjal-ginjal ketaman soroting topeng waja, nganti kepeksa mlayu, mudhun saka dhampar kencana.

“Mandheg Bukbis olehmu namakakae topeng waja! Aja mbacut. Aja mbacut!” Bukbis nuhoni dhawuh. Sawise wudhar saka olehe topengan waja, Bukbis bali kaya sakawit. Lungguh sila ngalumpruk ana ing sangarsane Sang Yaksendra kang uga wis bali lenggah ngedhangkrang ana ing dhampar kencana. Ing batin Prabu Dasamuka rumaos mongkog ngyektekake kasekten sarta kaluwihane Bukbis, jalaran Alengka bakal oleh tambahan kekuwatan kang kena diandelake kanggo numpes Rama sawadyabalane.

“Ha…ha…ha…ha… Bukbis, sira pancen getih dagingku, anakku! Kasektenmu sadrajad karo putra-putraku liyane, Indrajit dalah adhi-adhine!” ngono Sang Yaksendra olehe umuk karo gumujeng ngakak, kumandhange nganti tekan sanjabane pandhapa agung. Bukbis kang maune dipisuhi dibangsat-bangsatake, banjur rinangkul klawan asih. Wadanane diarasi bola-bali.

Sawise iku Prabu Dasamuka genti noleh nyang kethek putih Trigangga. Wadana kang maune katon sumeh lan sumringah, bali abang mbranang klawan sorot netra abang getih nyawang Trigangga, “He munyuk ingusen, mangertiya senadyan kadang wredhamu si Bukbis wis ingsun akoni minangka putra, aja mbok kira sira uga katut diakoni minangka putra Rahwana-raja. Ooooo lha kok enak enggrong! Ora bisa, bangsat tengik! Mboten saged sira melu ngglundhung semprong. Ora! Nganti saiki ingsun ora rumangsa nate peputra munyuk. Apa maneh kang dhapure elek kaya sira….”

“Nanging Sang Prabu, kawula punika adhinipun kangmas kula pun Bukbis, alias Pertalamariam. Mila, punapa boten samesthinipun kawula ugi kalebet putra paduka Sang Yaksendra, tetungguling bawana. Sampun dangu kawula kekalih ngumbara sapurug-purug ngupaya Bapa!”

Aneh, ature Trigangga kang maune dibangsat-bangsatake, wusana tinanggapan klawan patrap kang sareh, “Satemene Dasamuka ora bakal sudi ndhaku monyet elek minangka pulunaningsun, putra Dasamuka. Ning, iya wis….” Sang Yaksendra mandheg sedhela olehe manembrama. “Ingsun lagi kersa ndhaku Trigangga minangka putra, sawise bisa mbuktekake kasekten sarta kaluwihane. Pedah apa ngingu munyuk kang bisane mung njaluk cadhong mangan?”

Mandheg sedhela Prabu Dasamuka olehe ngundhamana, kaya ana kang dipenggalih. Sawise iku klawan sareh mbacutake pangandika, “Sepisan maneh, ingsun ora bakal sudi ngakoni kethek elek minangka pulunan, apa maneh anak…! Mung bae….” Dasamuka wiwit ngetung untung lan rugine kanggo kepentingane pribadi. “Yen sira bisa nyeret Ramawijaya dalah adhine Laksmana urip-uripan nganti tekan ing ngarsaningsun, lagi ingsun kersa ngaku sira putraku…!”

Kethek Trigangga banget panas atine oleh tantangan saka Rahwana-raja ngono mau. Rumangsa dikilani dhadhane. Mula, tanpa ninggal wicara sakecap wae, Trigangga njur mlesat metu ngambah dirgantara tumuju Gunung Suwela, nedya mbuktekake Trigangga dudu sabarang munyuk: bisa nyeret Ramawijaya dalah Laksmana nganti tekan ngarepe Sang Rahwana-raja.

WAYAHE wis bengi sepi, nalika Trigangga ngancik ing bumi Suwelagiri. Pasanggrahan Suwelagiri jinaga rapet kenceng dening para wanara. Isih akeh prajurit kethek kang padha wira-wiri rondha. Nyumurupi kahanan kaya ngono mau ing batin Trigangga ngaku: ora bakal bisa nembus barisan kethek kang kenceng lan rapet banget olehe njaga pasanggrahan Suwelagiri. Mula, Trigangga njur ngempakake aji-aji panyirepan. Angin wiwit karasa bali sumilir, lan saka sethithik daya panggendam panyirepane Trigangga tumama marang para wadyabala wanara, banjur padha krasa arip, ngantuk, wusanane padha keturon ora eling apa-apa. Suwe-suwe meh kabeh wanara ing pasanggrahan Suwelagiri ora ana kang kuwat nadhahi aji panyirepane Trigangga, akeh kang padha kerem ing impen werna-werna. Bisa uga ana kang ngimpi lagi geguyonan karo widadari satuhune widadari, dudu widadari kethek.

“Anoman, ya gene bengi iki beda karo adat saben, bengi kang njalari banget ngantuk. Tolehen, para wanara padha nglipus turu sadurunge wayahe,” ngono ngendikane Sang Ramawijaya!

“O, sesembahan, mangke gek-gek badhe wonten punapa-punapa, ingkang awujud bencana. Dalu punika raosipun kok sakalangkung endah, kados dereng nate kelampahan ing saderengipun, kejawi wonten ing impen!” Anoman matur klawan teteh karo setengah ngantuk.

“Anoman, rasane ingsun ora kuwat nglawan ngantuk iki. Mripatku rasane ora tahan mirsani gelar kaendahaning wengi iki, lan kepengin tumuli merem!”

“Namung kemawon, saderengipun ngersakaken leren kangge njageni yen mangke wonten punapa-punapa, paduka kekalih kula suwun kersa lumebet ing cupu kula punika!”

Rama dalah Laksmana mung manthuk ngiyani. Sri Rama lan Laksmana kacrita padha sare pules ing sajroning cupu.

Anoman dhewe ngetog kekuwatan kanggo nolak pangrangsange aji panyirepane Trigangga. Mula njur ngeningake cipta, ngunjukake panyuwunan marang Kang Maha Ngayomi Jagad, supaya diparingi kurungan kaca kang tinutup rapet. Anoman njur turu nglipus ing sajroning kurungan kaca mau. Dene cupu kang isi junjungane sakaloron, Ramawijaya dalah rayine, tansah sumandhing.

Trigangga ora mandheg-mandheg olehe ngubres pasanggrahan Suwelagiri, nggoleki papan padunungane sarta pasingidane Ramawijaya dalah Laksmana. Ning, meksa ora oleh gawe. Olehe ngubres pasanggrahan katon enak-kepenak wae, jalaran meh kabeh wanara ing pasanggrahan ora ana kang kuwat nadhahi aji panyirepane. Suwe olehe nggoleki, wusana mregoki kurungan kaca kang aneh.

Kurungan kaca enggal diprawasa migunakake kekuwatan njaba lan njero. Ning tanpa guna! Kurungan kaca panggah wutuh mlunthuh. Ora ana perangan siji bae kang rusak, pecah. Trigangga ora kurang akal. Kang mokal diakal murih bisa tinemu ing akal. Trigangga malih wujud dadi semut. Lan semut cilik mau njur golek akal bisane mlebu ing kurungan kaca kang rapet dhipet, liwat bolongan cilik kang ora angel dileboni semut kang wujude paling lembut.

Si Munyuk putih Trigangga banget kaget, bareng nyumurupi ing jero kurungan kaca mau ana munyuk kang ulese iya putih lagi turu mlungker. Ing batin njerit, nguwuh-uwuh sudarma kang wektu iki lagi diluru ana endi panggonane, sarta mengkone bisa ngudhar wewadi kang saprana-saprene tansah nyesegake atine. Apa bener Rahwana-raja iku sudarmane? Utawa –bisa uga—munyuk ules putih kang nalika iku turu nglipus ana ing sajroning kurungan kaca, iku bapake?

Trigangga dhewe durung bisa mesthekake, endi kang bener, kajaba ndhustha Rama dalah Laksmana katur Rahwana-raja kang manut ujare Bukbis –sedulure tuwa, iku sudarmane. Ing sajroning kurungan kaca mau rasane Trigangga kaya wis pepes-pepesa atine jalaran durung nemokake priyagung kang diluru, lan kudu didhustha.

“Okh, bathara linuhung, mugi paduka paringi wewengan. Wonten pundi dunungipun Sang Rama dalah rayinipun Laksmana? Oooo, kok rekasa banget ngupadi Bapa?” ngono sambate Trigangga sedhih.

“Eee, Anoman apa sira lali? Kang ndunungake ingsun sakloron ing kene iki rak iya sira, geneya saiki kok nguwuh-uwuh ngupadi ingsun?” Keprungu swara dumeling kang asale saka jero cupu. Manut pangirane Ramawijaya kang nguwuh-uwuh ngono mau Anoman.

Krungu swara mau sakala bungah banget atine Trigangga jalaran nemokake kang digoleki. Cupu kang gumlethak ana ing sacedhake Anoman klawan cepet disaut, lan pindha kilat njur digawa lumayu nyang Alengka.

Anoman gragapan tangi merga krasa ana angin sumiyut rosa. Sawise mripate diusap-usap, Anoman banget kaget bareng ngerti cupune ilang. Kurungan kaca dilabrak nganti rusak brantakan, swarane pindha gelap sayuta gawe kagete para wanara kang lagi pules turu. Kahanan kang maune sepi dadakan dadi ribut, nalika kabeh padha sadhar lan ngerti: Rama dalah Laksmana junjungane musna dinustha duratmaka. Ing sajroning wengi remeng-remeng mau Anoman sakala cancut mbujung si maling.

Trigangga mlayu nyang Alengka. Lan pasewakan kratone Rahwana-raja dadi rame, ribut dadakan, mbarengi tekane Trigangga gumrojog tanpa larapan.

“E, monyet gak genah. Ayo minggat saka kene, saiki uga. Aja pisan-pisan sowan mrene maneh yen mung karo tangan kosong mlompong. Yen ora tumuli sumingkir saka kene, ingsun bakal ndhawuhake prentah marang para punggawa, nyeret monyet elek iki saka ngarsaningsun. Ngerti!” aloke Sang Rahwana klawan swara galak lan atos.

“Sabar sakedhik Rama, sabar sakedhik Bapa…!” ature Trigangga ngrerepa.

“Gak sudi ingsun sira sebut bapa, rama, lan thethek bengek. Endi wujude Rama lan Laksmana? Endi, endi bedhes elek?”

“Ngaturi wuninga, saestunipun Trigangga sampun saged kalampahan ndhustha Sang Rama dalah Laksmana!”

“Oooo, dhasar monyet cilaka! Bangsat, sira adol apus krama ing ngarsaningsun. Nyatane, apa kang sira usung mrene? Kok isih kumawani matur kaya ngono. Dhasar bajingan tengik! He, Bukbis! Bedhes elek kang ngaku adhimu iku tumuli ajaren nganti ajurrrr. Gak pantes sira darbe adhi bangsane coro, monyet goblok!!” Sang Rahwana banget duka yayah sinipi. Trigangga kaget setengah mati ndulu ulah kasare sarta ucape Dasamuka kang banget gawe laraning atine, raja raseksa kang nedya diaku minangka sudarma.

“Dhuh Sinuhun, Rama lan Laksmana sapunika dumunung wonten ing salebeting sesupe punika!” Klawan sareh lan sabar Trigangga olehe matur.

“Endi sesupene?” panyentake Rahwana ora kanten, lan ora sabar, “Ingsun blas ora percaya sadurunge manungsa leloro mau wis ana ing sangarsaku kene!” Trigangga tumuli ndhudhah sesupe lan sakala iku muncul Rama lan Laksmana.

“Ha, ha, ha!” Rahwana raja gumuyu ngakak.

“Wusanane apa kang ing salawase iki dakimpi-impi, klakon maujud tenan, lan klakon bisa mondhong wong ayu Dewi Sinta!” ngono umuke Prabu Dasamuka kang lali yen Rama lan Laksmana klakon bisa kadhustha iku jalaran saka akale Trigangga, kang sadurunge bola-bali dinumuk munyuk ora pakra, diunek-unekake, diujar-ujari kang ora-ora.

Trigangga sumela matur, “Punapa pareng sapunika kawula ngaturi bapa utawi rama dhumateng paduka?”

“Trigangga pancen putraku, sajajar karo Indrajit, Bukbis, lan liya-liyane. Ning, disabar sik ya Gus, pun Bapa nedya ngendikan dhisik karo satriya loro cilaka iki!” Rahwana-raja njur noleh Rama lan Laksmana. Ucape klawan pongah.

“Pranyata sira satriya kodhen, ora darbe kasekten apa-apa. Nyatane sira bisa diblithuki dening munyuk putih iki kang aran Trigangga. Lha yen sira kalorone ora kuwawa nandhingi kasektene Trigangga si munyuk elek, banjur apa sebabe dene sira kumawani nantang Prabu Dasamuka, kang kondhang sekti mandraguna. Okh, mesakake Sinta, dene glethek pethel kok mung arep nyorohake nyawa kanggo satriya tanpa kasekten.”

“Dasamuka, apa jalaran sira rumangsa kuwat sarta kuwasa, njur darbe wenang ngrebut bojoning liyan? Lan mbok kurbanake rakyat lan negaramu mung kanggo nuruti hardaning nafsu angkaramu?” ngono ujare Sang Rama klawan tabah lan tatag.

“Meneng, setan! Aja kakehan crewet! Aja kurang ajar, adol kuwanen ing ngarsane Prabu Dasamuka. Aran wis sapantese Dewi Sinta iku dadi prameswariku. Sajake, saiki wis tekan titiwanci Dasamuka klakon bisa mbopong Dewi Sinta…” ujare Rahwana sombong.

“Dasamuka, saiki aku karo adhiku Laksmana wis dadi tawananmu. Sakarepmu arep kok apakake aku sakloron!” ujare Rama nantang.

“Ora perlu ingsun kok parentah kaya ngono. Ngertiya, ora suwe maneh bakal cuthel lelakonmu sakloron ing jagad.” Ora suwe Prabu Dasamuka banjur nimbali kethek putih, “Trigangga, Trigangga!” Kang ditimbali rada njomblak. “Wonten dhawuh Rama?”

“Ramawijaya dalah Laksmana, diage lebokna sel pakunjaran. Sesuk esuk nedya ingsun tigas janggane ana ing sangarepe Dewi Sinta!”

Satemene Trigangga ora mentala arep nuhoni dhawuh mau. Malah, nalika saklebatan nyawang Prabu Dasamuka kang isih katon mbrabak pasuryane, ing batin thukul pitakon: “Apa bener tenan ta, Prabu Dasamuka kang kaya ngono angkara murkane iku bapakku?”

Ning, kumandhange pitakonan mau mung salapan, njur katutup ing kasadharan, ora arep merduli kang neka-neka, nyatane Trigangga wektu iku wis diakoni minangka putra Alengka, sadrajad karo Indrajit lan putra-putra Dasamuka liyane.

“Trigangga, ayo enggal ditandangi dhawuhku!!”

Trigangga tumuli ngaturke sembah, sawise iku banjur nyeret Ramawijaya dalah Laksmana dilebokake sel pakunjaran kang dununge rada adoh saka kedhaton Alengka.

NALIKA iku kabar ngenani bab Ramawijaya dalah Laksmana dinustha ing maling, wis sumebar tekan ngendi-endi. Uga nganti tekan kukuban Taman Argasoka. Dewi Sinta bareng mireng kabar mau sakala pepes penggalihe, kang njalari dadi rumangsa wegah ngenteni pletheking surya ing dina sesuk, dina candhake.

Trijatha, putrine rayi wuragile Prabu Dasamuka, Wibisana, kang ing salawase iki tansah setia leladi lan njaga kawilujengane Dewi Sinta, tanggap ing semu. Munjuk atur klawan trapsila, lamun satemene kabar kang sumebar bab garwa lan rayi ipene kadhustha ing duratmaka durung kinar yen bener. Wis kerep ana kabar sumebar kaya ngono mau, ning nyatane ora bener, mung kabar apus-apus, gaweyane para pajineman, utawa iya saka kersane Prabu Dasamuka.

“Mila Kusuma Dewi, Trijatha nedya lumampah nilar Taman Argasoka, ngyektosaken leres botenipun kabar kalawau. Trijatha nedya ngupadi sisik melik saking sumber-sumber ingkang langkung kenging kapercados!”

“Iya, mung dak wanti-wanti banget Trijatha, aja suwe-suwe olehmu ninggal Dewi Sinta ana ing Taman Argasoka iki!”

Klawan ati bingung lan sedhih Trijatha wiwit mecaki dalan kang ora disumurupi nyang endi arahe. Swasana ing negara Alengka wektu iku tintrim. Semune gegodhongan ing pang-pang nagasari, uga padha melu ngrasakake swasana kaya ngono mau. Katone ora ana kang obah. Padha meneng anjekutut. Angin uga ora sumiyut. Katut ngrasakake tintriming swasana, lan kaprabawan ing sumebaring kabar kang ngandhakake, ana satriya pinunjul ing bumi, putrane ratu binathara ing Ayodya, Prabu Dasarata, musna saka embanan, dinustha maling culika.

Sawise adoh olehe nilar Taman Argasoka, Trijatha rada njomblak bareng mireng ana swara aruh-aruh kang asal saka gegrumbulan kang rungkut: “Mandheg sik cah ayu! Arep tindak endi, kok ijen!” Trijatha saya njumbul kaget bareng ngerti kang uluk salam mau jebul Anoman. Lan, sapatemone Anoman karo Trijatha ora adoh saka grumbul rungkut kang sepi, ngelingake Anoman duk nalika: Anoman malumpat sampun, prapteng witing nagasari, mulat mangandhap katingal, wanodya yu kuru aking. Gelung rusak wor lan kisma, kang iga-iga kaeksi.

Kang narik kawigatene Anoman nalika iku ora mung “wanodya yu kuru aking” ning uga kenya manis kuning kang ngaku sesilih Trijatha, putri Wibisana, isih tedhak turune pandhita linuwih Begawan Wisrawa kang kongang ngudhar kekerane Sastrajendrayuningrat Pangruwating Diyu. Malah citra lan wujuding kenya weweg manis kuning mau tansah kumanthil ing atine kethek putih kang aran Anoman, kang tau sinengkakake dadi putra angkate Sang Ramawijaya lan kaparingan peparab Ramadayapati.

Wiwit iku Anoman kapanduk ing rarasmara. Mung tansah diampet ana ing ati, ngelingi, sepisan: duk semana lagi ngemban tugas minangka dutane Sang Rama, lan kapindho, ngrumangsani wujud blegere mung kethek. Ambyar lelamunane Anoman bareng ngrungu swara pitakone cah ayu Trijatha, “Lho, ana apa dene jengandika ana ing kene. Ana parigawe apa?” Anoman bali sadar ing kanyatan, yen wektu iku mula lagi ngadhepi kuwajiban kang ora entheng, ngupadi sarta ngluwari kang pinundhi-pundhi Sang Ramawijaya dalah rayine saka balenggu bebandaning mungsuh.

Trijatha nuli ingawe supaya nyedhak banjur jinarwan bakuning lelakon.

“Kok iya kebeneran banget jengandika Sang Ayu rawuh rene. Lungguhing prekara rak ngene. Nyaketa mrene ta, sun bisiki wewadi iki…!”

Alon olehe bisik-bisik ing talingane sang ayu, “Gusti pepundhen kita Sang Ramawijaya wektu iki kinunjara ing gedhung kukuh kasebut, sarta kang wektu iki jinaga dening munyuk putih iku!” ngono Anoman olehe bisak-bisik karo nudingi arahe gedhung kukuh pakunjaran sarta munyuk putih kang lagi nindakake tugas jaga.

“Banjur kersa jengandika priye, Anoman?” Trijatha genti nalesihake prekara wigati mau, uga klawan klesik-klesik supaya suket godhong ora ana kang ngerti.

“Ngene Sang Ayu, jengandika ethok-ethok ngastaa kendhi isi banyu, sengadi dienggo tamba salite junjungan kita kang ana sajroning pakunjaran….”

Klawan setengah mandheg-mangu Trijatha ora nolak atur rigene Sang Ramadayapati. Bareng arep ngliwati munyuk putih kang tugas jaga njur diendheg.

“Mandheg ora kena mbacut. Sapa bae ora kena liwat kene. Apa maneh yen arep nginguk pakunjaran. Ora kena. Lan ora bisa!” Trijatha manut, njur ngrerepa melas asih mothah supaya dililani sedhela bae ngaturake kendhi isi tambaning salit marang kang lagi kawlas asih kinunjara ing gedhung kasebut. Pamothahe mau sinambi wola-wali nyawang munyuk mau, lan—embuh apa sebabe – dene atine Trijatha kaya ketuwuhan rasa welas asih marang kethek kang tugas jaga kang ngaku aran Trigangga. Luwih-luwih wiraga lan swarane, nenangi rasa kangene marang sawiji kang katanem jero ana ing atine, ati wadon, atine ibu.

“Mbok inggih ta Ki Sanak, kula dipunparengaken sakedhap kemawon ngaturaken kendhi punika. Sakedhap kemawon! Lan, punapa Ki Sanak boten welas sakedhik-kedhika dhumateng sesamining titah ingkang saweg nandhang kasatan. Kamangka Ki Sanak, para kang kinunjara benjing enjing sampun badhe tinigas jangganipun, ateges badhe nemahi tiwas!”

Ngrungu pamothahe Trijatha mau, Trigangga rada nggronjal atine, lan tuwuh welase. Mung, mandheg tekan semono, tekan ing batin, dene tata laire kukuh olehe nindakake ayahan, sapa bae ora kalilan lumebu ing pakunjaran. Sapa bae kang nekad, kudu pinrawasa. Trigangga olehe ngudhar panantang mau karo paripeksa ngrebut kendhi saka tangane wadon mau.

Saiba kagete Trigangga, sawise kendhi pecah kang mula disengaja dening Trijatha, sumurup saka kendhi kang pecah mau muncul kethek putih kang madha rupa karo Trigangga, yaiku Anoman. Lelorone banjur padha bandayuda, adu atosing bebalung lan kandeling kulit. Pranyata, lelorone pancen darbe kasekten kang ora beda.

Pranyata, lelorone pancen padhadene darbe kasekten kang ora beda. Perang tandhinge munyuk putih lelorone mau njalari sumuking bumi, njur ndedel ing ngawiyat njalari para dewa padha melu krasa sumuk. Mula njur utusan Bathara Narada, salah siji tetungguling para bathara, supaya mudhun ing bumi, saperlu misah kang padha adu siyunge Bathara Kala.

“E, ee, lole-lole. Ayo, mandheg-mandheg olehe tukaran. Aja mbacut olehe dha kerengan…!” ngono aloke Bathara Narada saka langit. Anoman lan Trigangga, bareng tumenga ing akasa, lan padha sumurup Bathara Narada nedya rawuh ing bumi, uga banjur leren olehe kerengan. Lelorone banjur padha-padha ndheprok, ngaturake sembah sesedhokan katur Bathara Narada.

“Mangertiya ulun nedya nglungguhake dhodhok selehing prekara ing panggonan kang bener. Eee… Trigangga, satemene Anoman iku wong tuwamu dhewe. Ramamu, bapakmu. Dudu wong liya. Dasamuka iku dudu apa-apamu….” Bathara Narada njur ngawe Trijatha supaya nyedhak. Sawise iku Bathara Narada mbacutake dhawuh, “Eee, Trijatha, satuhune Trigangga iku putramu dhewe, getih dagingmu dhewe, cuwilaning jiwa lan ragamu. Dadi, Trigangga, ibumu Trijatha, dene ramamu, Anoman….!”

Tetelune kang padha oleh dhawuh tumungkul, lan sanalika iku Anoman njur mak nyutt ngumbar lelamunane bali ing “kala-kala” kawuri, duk nalika para jejungguling para prajurit Suwelagiri, kalebu sang junjungan Ramawijaya lan Laksmana sasat ora bisa polah kabanda dening ula gedhe cilik, awit ketaman panahane Indrajid kang aran Nagapasa. Iki njalari Prabu Dasamuka banget olehe girang gumuyu, banjur bisa mesthekake yen sedhela maneh bakal unggul ing yuda.

Kanggo ngyakinake Dewi Sinta yen ora suwe maneh Ramawijaya dalah Laksmana bakal tumekaning lalis, Prabu Dasamuka ndhawuhake parentah marang sawenehing prajurit pajineman kang pinarcaya, ndherekake Dewi Sinta mirsani palagan kang lagi tinengeran ing ewon cacahing prajurit rewanda kang katon padha pepes atine jalaran kabanda ing ula sarta naga awit saka kekuwataning panah Nagapasane Indrajid, klawan nitih kreta pusaka Alengka, kang saben-saben tinitihan Prabu Dasamuka yen pinuju nganglang negara. Sanyata Dewi Sinta banget angluh penggalihe bareng mirsani kanyatan kaya ngono mau.

Banjur dhawuh marang Trijatha kang tansah setia leladi lan ndherekake, “ Yen ngono pedah apa aku dadak ngenteni pletheking surya sesuk. Luwung aku, sawise tekan ing Taman Argasoka maneh lampus dhiri, suduk salira. Mara Trijatha, dienggal cepakna patrem kagunganingsun…!!”

Jalaran ora bisa ngampah trenyuhing ati, eluhe Trijatha balambangan nelesi pangarasan kiwa-tengen. Banjur ature klawan mingseg-mingseg, “Saget ugi sadaya kalawau namung reka pandamelaning Uwa Prabu, kados ingkang sampun-sampun. Nyatanipun beda kaliyan sanyatanipun…!”

Sawise rawuh ing Taman Argasoka, lan pirsa Trijatha njur dandan ngrasuk busanane wadon pidarakan, Dewi Sinta ndangu klawan swara lirih, “Lho, sira arep menyang endi. Apa sira ora kepengin nyekseni anggoningsun nedya lampus dhiri, minangka pratelan setia tuhuku marang garwaningsun satriya Rama?”

“Mugi anggen paduka nedya lampus dhiri, dipun sarantosaken sawetawis. Trijatha badhe ngyektosaken leres botening punapa ingkang paduka pirsani ing palagan. Trijatha dereng yakin saderengipun angsal dhawuh saking rama Wibisana. Mila, keparenga kusumaning ayu leren wonten ing Argasoka. Keng abdi pun Trijatha nedya nungka pawartos dhateng bapa Wibisana….”

“Iya Trijatha, ning aja suwe-suwe…!”

Nalika iku Trijatha mung pinjungan, rambut diudhar ngrembayah nutupi pamidhangan, muwuhi sulistyaning rupa. Ing bengi kang sepi mau Trijatha karo saben-saben cincing-incing agemane tapih lurik biru maya-maya tilas bar wedelan, nasak ara-ara palagan kang asarah wangkene prajurit buta apadene rewanda, kewan. Angganda arus. Ning abeh mau ora dipaelu. Lan ora ulap pamawase nyumurupi muncule banaspati kang abang rai sarta mripate mendolo. Bangsa lelembut liyane kang awujud jrangkong, wedhon, ilu-ilu, wewe. Mung kang sok gawe mrinding lan mirise Sang Dewi, nalika mireng swarane manuk saba bengi, lan swara panguwuh saka buri, kang bola-bali nyandhet lakune, “Mandheg wong ayu. Lan aja kebat kliwat tindakmu. Dedalan kang arep sira liwati banget rumpil, akeh endhut kang kecampuran getih, kang bisa njalari ampeyan andika kajeglong ing lelowakan…!!” Bareng karo sumribiting angin bengi kang sepi, swara lamat-lamat mau sumriwing cetha ing talingane.

Ning suwe-suwe Trijatha kepeksa mandheg, bareng pundhake karasa kajawil ing tangan, mula njur noleh. Lan, saiba kagete dene kang tansah ngreridhu lakune mau ora liya Anoman, munyuk putih kang disumurupi lan ditepungi nalika Anoman malumpat sampun prapteng witing nagasari……..ing Taman Argasoka.

Gupuh Trijatha olehe miterang, “Lho, jengandika kok ana kene. Sapa kang wewarta?” Anoman bares yen ora ana kang wewarta. Kang wewarta atine dhewe. Krasa yen Trijatha lagi ing sajroning bebaya, nedya ngyakinake marang ramane ngenani sumebaring warta yen Sang Ramawijaya dalah rayine ora suwe maneh bakal tumekaning lalis.

“Yen ngono, mangga dakdherekake!”
Trijatha rada kacipuhan olehe nanggapi,senadyan ing batin banget bungah dene ana kolik priya, priyagung Anjani Putra, Anoman, kang saguh andhampingi miyak petenging wengi kang sepi. Sadurunge tekan ing pasanggrahane rama Wibisana Anoman ajak-ajak Trijatha wijik dhisik ing kali cilik kang banyune grumrining lan kemricik ora adoh saka kono. Trijatha manthuk. Satemene pancen iya wis krasa risih. Sikile kang putih kebulet endhut kang angganda marus.

Sawise reresik njur mbacutake laku. Tekan ing pasanggrahan, rama Wibisana lagi mangun semadi, minta nugrahaning Bathara supaya para wadyabala rewanda dalah sesembahane ing bumi, yaiku Ramawijaya dalah Laksmana tumuli bisa wudhar saka bebandane ula lan naga. Kalorone kepeksa kudu sabar nyranti nganti wudharing semadine Sang Wibisana. Sawise wudhar anggone sesedi, ora saranta njur gapyuk rerangkulan. Kalorone padhadene nyuntak rasa kangen awit wis ana sawetara wektu suwene ora ketemu.

“Nini Trijatha, nawung kawigaten apa dene sira ing bengi kang samun iki kusung-kusung sowan? Apa pancen lagi ngemban dhawuhe sang kusumaning ayu Dewi Sinta?”

Gurawalan Trijatha olehe atur wangsulan, ning ora ninggal aluring suba sita, “Kasinggihan Rama, anggen kula kusung-suwung sowan, mila nawung wigatos sanget. Inggih punika, badhe nakyinaken punapa estu Sang Ramawijaya dalah rayi, badhe tumunten tumekaning lalis, kaparawasa dening Uwa Prabu Dasamuka? Kusumaning ayu Dewi Sinta namung badhe percados bab warta kalawau –leres botenipun–saking dhawuh pangandika Njeng Rama!”

“Mangertiya Nini, kang sira suwunake priksa mau, satemene isih dadi sengkeraning Jawata Linuwih. Mung anut wisik kang sun mirengake ing sajroning mangsah semadi mau, lelampahane Sang Ramawijaya dalah sawadyabalane ing Suwelagiri kene, durung bakal buthek awit saka panggubeding ula lan naga mau. Ayo, padha bebarengan ngajokake panyuwunan marang Bathara, murih sadurunge pletheking surya sesuk esuk, ula-ula sarta naga gedhe cilik kang anggubed para wadyabala wanara, kalebu junjungan kita Sang Rama dalah rayi, istingarah wis bisa pupus, pepes, satemah nemahi lalis….!”

Sawise iku Trijatha kaya tinundhung dening keng rama, supaya tumuli bali ngaturake dhawuh pangandika mau marang Dewi Sinta ing Taman Argasoka. Anoman dikeparengake ndherekake sarta anjampangi lampahe Dewi Trijatha. Satekane jaban pasanggrahan Trijatha kang mung tapihan pinjung lan rambut nutupi pamidhangane sigra binopong dening Anoman, mak ceg, njur mesat ndirgantara nututi playuning mega-mega tipis kang padha balapan mlayu ana ing langit biru. Padhang sumilak, pinasren ing bulan moblong-moblong lagi mamerake cahyane kang bening rinubung lintang-lintang gedhe cilik tanpa wilangan cacahe, pindha mutiara kang sumebar ing bludru biruning langit. Trijatha binopong saya kenceng, sarta kinekep-kekep saya rapet, Trijatha anane tansah mung nglanggati ing karsane kang mbopong lan ngekep.

Anoman saya ora mangu-mangu olehe arep ngebrolake uneg-uneging ati, “Satemene Trijatha –kula nandhang wuyung, tresna, tresna marang jengandika…!!”

Nalika iku, cahyane mbulan katon sumorot saya banter, semune mesem seneng nyumurupi ulahe Anoman karo Trijatha ing langit, olehe padha arep nyuntak wuyunge ati.

“Ning pripun Nimas, Anoman iku mung kethek.”

“Anoman senadyan kethek ning ajiwa mulya, ajiwa manungsa. Ora sethithik lho, manungsa kang ajiwa…kethek, malah luwih elek tinimbang kethek. Sampun tanggap ta karo ucapku mau?”

Atine Anoman sakala dadi mak blong lega, lega banget ngrungu wedharing lesane Trijatha ngono mau. Sanadyan sinamar, ning Anoman tan samar maneh sajatining karepe sang ayu.

Saya dhuwur olehe mumbul, rasane kaya nedya nyedhaki bulan, ning kang dicedhaki tansah saya ngedoh-ngedoh. Ing langit hawane pancen adhem, saya dhuwur saya adhem, ning kalorone kang lagi mangun lan mbangun tresna, rasane saya anget, saya luwih anget, satemah anggeterake pepanggile wadon lan priya kang ora mung lagi cecaketan. Ning malah luwih saka iku. Apa maneh apa bae kang ditindakake sakarone, ora ana janma liya kang nyumurupi. Ing langit genah ora ana janma kumliwer. Bola-bali mung mega-mega tipis kang katon padha playon.

Saya rapet keket Anoman olehe ngekep Trijatha, lan uga saya kenceng olehe mbopong, semune kaya kuwatir yen kang binopong sarta kang kinekep uwal saka embanan, satemah Trijatha njola, njur alok:

“Kae lho, kae lho putih-putih pindha kapuk kang kumleyang kae, iku cuwilaning jiwa raga kita sami. Apa ora perlu jengandika tututi??”

“Iya wong ayu, pandumukmu ora kleru. Rasane, kang kumleyang putih-putih kae wujud cuwilaning jiwa kita sami. Mung, ora perlu ditututi, sumarahna marang takdiring Gusti Kang Akarya bumi. Saiki, ayo tumuli sun dherekake bali nyang Taman Argasoka, sowan kusumaning ayu Dewi Sinta! Mesthine wis banget-banget olehe ngantu-antu rehing dinuta….”

LAMUNANE Anoman sakala buyar ambyar bareng ngrungu bola-bali tinimbalan dening Hyang Narada

“Ngger, Anoman, lerena anggon sira nggambarake kanikmatan peparinge Kang Akarya Jagad bebarengan karo Nini Trijatha. Balia marang kanyatan! Sumurupa –kaya kang wis dak dhawuhake ing ngarep, satuhu Trigangga iku pinasthi putramu, patutan karo Trijatha kang mula pinasthi dadi jodhomu…!”

Klawan gurawalan Anoman nampa lan nanggapi dhawuhe Hyang Narada, banjur matur, “Sandika dhawuh, Pukulun. Sandika dhawuh…!”

“Mula, Trigangga, enggal sungkema ing pepadane wong tuwa sakloron, yaiku Anoman lan Trijatha!”

Ora saranta, Trigangga nyungkemi padane biyung lan bapa genti-genti, klawan tulusing ati. Nalika nampa sungkeme putra kang ketemu gedhe, Anoman tetungguling prajurit Suwelagiri, ora kuwawa mambeng wetuning eluh. Eluh kabagyan kang tanpa upama. Sang putra ketemu gedhe banjur ingelus-elus larapane klawan asih, tanpa sabawa. Semono uga Trijatha, nalika nampa sungkeme putra, iya ora beda karo Anoman. Eluhe diumbar mblabar nelesi pangarasan.

Klawan prembik-prembik Ibu Trijatha dhawuh, “Dhuh, anakku ngger, dibisa njunjung drajating wong tuwa, lan sasama…!” Trijatha ora bisa mbacutake tutur, kaselak bola bali…kaselak.

Trigangga, ing batin, kajaba ngaturake suka sokur, uga rumangsa banget begja kemayangan, dene ing wusana bisa ditemokake karo wong tuwa sakloron kang satuhu, sarta linepasake saka pengaruh cengkeremane Prabu Dasamuka kang angkara.

Banjur Bathara Narada manabda, “Titah ulun katelune, sawise bapa biyung bisa ketemu anak, lan kosokbaline si anak bisa ketemu bapa biyung, saiki ulun kondur makahyangan, ngono! Kariya basuki, tutugna sacukupe anggonsira padha kangen-kangenan!” ngono uluk salam pepisahane Bathara Narada. Anoman, Trijatha, lan Trigangga padha bareng tumenga nguntapake tindake Hyang Narada kondur makahyangan.

Mung sedhela, presasat mung salapan, tetelune olehe padha kangen-kangenan, jalaran Anoman kaya antuk pepanggil supaya tumuli andum gawe, nindakake kewajiban kang kandheg sawetara suwene.

“Trigangga, putraku…!” ngono panguwuhe Anoman nimbali sang putra. Trigangga tanggap, “Mundhi dhawuh Bapa!”

“Iki ana tugas wigati kang kudu tumuli sira tindakake, yaiku diage Sang Ramawijaya dalah rayi tumuli luwarana saka pakunjaran. Sawise iku dherekna kondur nyang pesanggrahan Suwelagiri. Lan matura yen sira iku putraku…!”

“Sandika dhawuh, Bapa!”
Sawise ngaturake sembah katur ingkang bapa, Trigangga njur jumranthal nggedhor palawangane pakunjaran ngluwari Sang Rama dalah rayi, sabanjure ndherekake Sang Rama dalah Laksmana kondur nyang Suwelagiri. Rawuhe sinambrama klawan suka gembira dening wadyabala wanara.

Genti Trijatha kang takon, ”Lha saiki apa kang kudu daktindakake Anoman? Leladi bojo?”
“Leladi bojo, iku tinemu buri. Mengko yen wis ana wektu kang apik. Kanggo sauntara wektu, Nimas, sira kudu pepisahan dhisik karo rakanta Anoman, kethek putih. Tugasmu kang wigati wektu iki, jengandika tumuli balia nyang Taman Argasoka, leladi sarta njaga kawilujengane Dewi Sinta, garwane satriya Rama. Dene ingsun wong ayu –prasetyaku—sadurunge sumusul Sang Rama lan ngumpul karo wadyabala wanara ing Suwelagiri kana, luwih dhisik nedya soroh amuk kang bisa nggegerake negara Alengka….”

Kalorone njur padha rerangkulan klawan asih, keket rapet kaya nalika padha mbangun tresna ing langit sineksenan mbulan lan lintang. Katog olehe padha ngesokake kasetyan lan tresna asihe sowang-sowang klawan basane ati, lelorone njur sowang-sowang pepisahan, nandangi tugas kewajibane dhewe-dhewe, melu rerewang memangun ayu lan rahayuning bumi.

Tancep Kayon

About these ads

Leave a Reply

Please log in using one of these methods to post your comment:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

Follow

Get every new post delivered to your Inbox.

Join 216 other followers

%d bloggers like this: