Dursasana Nyeret Wanodya Sulistya

Geger suasna ing pasewakan agung kairing tekane manungsa Laknat kanthi tanpa rasa kurmat saipit-ipita, Dursasana nyeret wanodya sulistya ing satengahing dhampar pasewakan. Wengi kang Laknat sak laknat-laknate iblis kang ana ing donya.

“Hahahahahaha… gage ndang wuda a mblejet he Drupadi cah ayu, aku wis ora sabar nyawang endahing blegermu sing tanpa busana, Hahahahaaha…” Soraking Dursasana saya manjila-jila ing saeindhenging dhampar kedhaton.

“Galo.. sawangen kae, dhapurane bojomu Yudhistira, ora ana ambune babar blas..!!!!, Apa jeneng bojo sing kaya mengkono, apa jeneng bojo sing nglilake bojone kanggo sawenenhing botohan main dadu, kowe saiki wis dadi hak e kurawa satus heh Drupadi…Hahahahahaha!!!” Sak rosane Sang Dursasana narik kembene sang Dewi Drupadi.

Rasa kajuwing-juwing ing batin kang rinasa dening Drupadi. Arep diselehke menyang endi praupane dene atase ratu Agung sulistya ing warna sisnisihan Narpati kang dudu sabaene Narpati, nek di pulasara kaya mengkene ora mung raga apa maneh batin kang kasiksa.

“Apa salahku, apa salahku?… tumindak apa saengga aku ngalami nasib kaya mengkene duh Gusti dene nganti Kakang Puntadewa biso-bisane ndadekake aku barang kanggo botohan,aku iki bojomu kakang Puntadewa…!!!” jeriting batin Dewi Drupadi

“Ora kurang-kurang anggonku bekti marang sliramu, ora mung ragaku jiwaku,sakabehing wis tak lilake, saumpama siji=sijining nyawa sing dak darbeni iki mbok jaluk, tak ulungna, saksuwening iku ing dalan kanggo anempuhi darmamu, ananing iki wus banget nerak kasusilan tumindakmu iki Kakang, kowe sak penake dhewe tanpa kandha lan suwala mring aku, aku iki mbok padhake apamu kakang…”

“Delengen iki kakang Puntadewa, aja mung ndhingkluk kaya jejering patung ….., delengen aku sing kudu nanggung aib kang ina dina iki, endi janji prasetyamu sing mbok kandhake biyen marang aku…,buktekna, nyawang aku wae kowe ora kakang …Duh kakang Puntadewa sing dak tresnani… ”

“Permadi, endi kaprawiranmu? Apa mung samene kasektenmu, lungguh layu lungset tanpa daya ora beda karo Yudhistira kakangmu, endi panahmu sing jare bisa gawe gegering donya kadewatan, endi…??gage penthangen gandhiwa mu kanggo mbrastha menungsa-menungsa laknat iki… Permadi sawangen aku Permadi aja mung … oalah.. kaya mengkene thok ta..Permadi..Permadi..”

“Duh Nakula lan Sadewa, apa kowe tega nyawang Kakang Mbokmu kaya mengkene tulungana aku Duh..Nakula…tulungana aku duh Sadewa…iki wis ngluwihi watesku saatasing aku Prameswari ing Indraprastha….”

“wrekudara sawangen tetesing eluhku iki he werkudara,sawangen kakang Mbokmu rasakna rasaning atiku, janjia, sumpaha yen kowe bakal malesake ukum marang menungsa laknat sitok iki rungokna jeriting atiku… Adhi Werkudara…Ati iki durung marem yen rikmaku iki durung kabilas dening abanging getihe menungsa laknat iki Werkudara…. entenana piwalesku Dursasana!!!”

“Duh gusti Kang murbeng dumadi, kula anyeyuwun welasing Gusti Kang Maha Kuwasa mugi kekiyatan tansah angamping-apingi kawula saking durjananing lan laknating Dursasana….”

Tangising lan jeriting drupadi wis ora di rewes dening Dursasana maneh. Dursasana terus nyoba narik kemebene Drupadi sak kuwate tenagane anaging sak kuwat-kuwate dursasana isih kuwat Gusti Kang Kuwasa kang ngejawantah ing Janaloka iki.

Saka kadohan katon Sri Kresna ngrapal mantra saengga kembene sang Drupadi ora bakal nyingkap lan tetep njaga kahormatane sang Drupadi saka tingkahe Dursasana.

Swasana saya tintrim kanggone Pandhawa, ananging suka lan cita kanggone duryudana lan Kurawane.

Dursilawati Ngraketake Paseduluran Kalawan Pandhawa

Dewi Dursilawati kalebu salah sijine warga Kurawa kang cacah 100. Dursilawati adhine Prabu Duryudana, dadi ora liya ya putrane putri Prabu Drestarastra lan Dewi Gendari.

Saka sedulur cacah 100 iku, Dewi Dursilawati mujudake siji-sijine kang lair wadon. Ing crita Baratayuda Dewi Dursilawati sinebut kanthi aran Dursalah. Minangka putrane putri raja, uripe Dursilawati tansah kaugung, uripe sarwa cukup, kepara turah-turah.
Kabeh pepenginane Dursilawati tansah disembadani dening Prabu Drestarastra lan Dewi Gendari, apamaneh Dewi Dursilawati iku siji-sijine anak wadon.
More

Garudha Aruna Keduwung Nyepatani Marang Ibune

Miturut kitab Mahabarata, Aruna iku putrane Resi Kasyapa lan Dewi Winata (putrane putri Hyang Brahma). Aruna duwe sedulur sing jenenge Aruni.

Kalorone wujud manuk garudha kang gedhe banget. Miturut Pustakaraja, Aruna sinebut kanthi jeneng Naruna/Garudha Briawan.
More

Jayadrata Dumadi Saka Bungkuse Bima

Jayadrata dudu wargane Kurawa kang cacah 100. Ananging, kayadene Basukarna utawa Adipati Karna, Jayadrata dadi salah sijine tetunggule kulawarga Kurawa ing perang Bharatayuda sawise kaangkat lan katetepake dadi sedulure para Kurawa dening Duryudana utawa Kurupati.
More

Bathara Ghana, Dewane Ngelmu Kang Ngreksa Panti Pustaka Kayangan

Bathara Ghana utawa Ganesa iku putrane Bathara Guru lan Dewi Uma Parwati. Bathara Ghana arupa gajah raseksa. Nalika Sanghyang Manikmaya mbangun tapa utawa mesubrata, tapane cabar amarga dipanah dening Bathara Kamajaya nggunakake panah kembang Pancawisaya, panah pralambang asmara.
More

Bathari Pretiwi Panguwasa Bumi Sap Kapisan

Bathari Pretiwi iku dewa kang nguwasani bumi sap kapisan. Bumi sap kapisan kondhang sinebut Ekapratala. Eka ateges siji, pratala ateges bumi. Bathari Pretiwi putrane putri Sang Hyang Nagaraja, kang dumunung ing kayangan Jalatundha. Ibune asma Bathari Dewi.

Miturut andharan ing buku Bunga Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, anggitane Bondhan Harghana SW lan Muh Pamungkas Prasetya Bayu Aji, weton Cendrawasih lan Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathari Pretiwi iku drajate padha kalawan para dewa, amarga dheweke nguwasani bumi sap kapisan.
More

Bathara Wisnu Kajibah Mamayu Hayuning Bawana

Bathara Wisnu iku miturut Mahabharata putrane Resi Kasyapa lan Dewi Aditi. Ananging Bathara Wisnu iku uga kondhang minangka putrane nomer lima utawa putra sumendi Sanghyang Manikmaya utawa Batahara Guru lan Dewi Umayi kang banjur dipasrahake marang Resi Kasyapa lan Dewi Aditi supaya digulawenthah.

Putrane Resi Kasyapa lan Dewi Aditi cacah 12, yaiku Dewi Datri, Dewi Mitra, Bathara Ariaman, Bathara Sakra, Bathara Baruna, Bathara Angsa, Bathara Waga, Bathara Wiwaswat, Bathara Pusa, Dewi Sawitri, Dewi Twastri lan Bathara Wisnu.
More

Arya Udawa Setya Tuhu Mbelani Narayana

Arya Udawa kang uga kondhang sinebut Patih Udawa iku putrane Arya Basudewa lan Ken Sagopi utawa Sagupi.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, sawise Ken Sagopi palakrama karo Antagopa, Arya Udawa lan loro sedulur liyane, Dewi Rarasati utawa Larasati lan Arya Adimanggala banjur dumunung ing kabuyutan Widarakandhang utawa Widarakandha.
More

Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana

Ana ing crita-crita pedhalangan?kejaba ing lakon Babad Wanamarta?jenenge paraga wayang siji iki arang-arang banget kepurungu, beda karo jeneng-jenenge para Pandhawa lan Kurawa. Pancen dudu paraga lumrah, karuan iki sawijining tokoh manggalaning para jim kang urip ing kraton kajiman ing alas gung liwang-liwung, Alas Mrentani utawa Mertani alias Alas Wanamarta.
More

Serat Kalatidha

Serat Kalatidha hasil pujangga terkenal Keraton surakarta R.Ng.Ranggo Warsito ini syairnya banyak diadopsi oleh Dalang untuk suslukan (nyanyian dalang dalam mendukung suasana adegan) dan biasanya untuk suluk pathet Nem ageng pada Jejer Sepisan. (Adegan Kerajaan pertama)pada pergelaran wayang kulit.
More

Kartamarma Nitis Dadi Manuk Cekakak

Raden Kartamarma kalebu putrane Drestarastra lan Dewi Gendari. Kacihna, kalebu sedulur Kurawa ananging Kartamarma kalah kondhang katandhingake sedulur-sedulure kayadene Prabu Duryudana, Dursasana, Durmagati lan tetunggul Kurawa liyane.

Ananging, ing kulawarga Kurawa, Kartamarma iku sedulur kang paling dipercaya dening Duryudana utawa Kurupati. Kartamarma iku satriya Kurawa kang dumunung ing kasatriyan Banyutilanang.
More

Ladak Kecangklak

Leksmanamandrakumara iku putrane Prabu Suyudana utawa Duryudana. Ibune Dewi Banowati, putrane putri Prabu Salya, raja ing nagara Mandaraka.

Ing jagading tanah jawa, ana paribasan kang unine, ”ladak kecangklak”. Paribasan iki nggambarake wong sing tansah mbanggake dhiri lan kaluwihane akhire nemu cilaka amarga saka pokale mau. Sanajan amung paribasan, pranyata kabukti ing sajroning urip bebrayan. Tuladhane kaya kang dialami salah sijining manuk kang kacaritaake ing ngisor iki.
More

Leksmanamandrakumara Ora Tau Kasil Nggayuh Pepenginane

Leksmanamandrakumara iku putrane Prabu Suyudana utawa Duryudana. Ibune Dewi Banowati, putrane putri Prabu Salya, raja ing nagara Mandaraka.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Leksmanamandrakumara duwe sedulur aran Dewi Leksmanawati.

Ing jagad pewayangan, Leksmanamandrakumara tansah mungsuhan kalawan Abimanyu, putrane Arjuna. Kalorone tansah memungsuhan nalika ngupaya nglamar putri, nyadhong wahyu saka jawata lan liyane.
More

Wisanggeni

Wisanggeni ki anake Arjuna sing paling sekti. ibunda Wisanggeni iku Dewi Drusnala sing ugo putrine Betara Brama. aku cuman ngerti ceritane sithik. mengko ben dikoreksi utawa dilengkapi karo pak Marmo, mas Anto lan sedulur liyane.

pas Dewi Drusnala hamil bayine Wisanggeni, ndelalah pas dekne mlaku2 ning mall ono raja Nusarukmi sing jenenge Prabu Dewasrani kesengsem karo sang dewi iki. cinta pada pandangan pertama. Prabu iki tak lain dan tak bukan adalah putrane Betari Durga aka Dewi Uma sing ugo dikenal karo dewi kejahatan. sing luwih gawat maneh, Dewi Uma iki adalah istri Betara Guru. (mirip mitos Yunani: bojone Zeus ki Hera si dewi kejahatan ).
More

Pragota Seneng Guyon Lan Gojegan

Arya Pragota utawa Patih Pragota iku patihe Prabu Baladewa ing Krajan Mandura. Pragota nglenggahi jejering patih njaba. Sedulure Pragota yaiku Arya Prabawa kang ing wektu iku nglenggahi jejering patih njero.

arya pragota atau patih pragota itu patihnya prabu baladewa di krajan mandura. pragota menduduki jabatan patih luar. saudaranya pragota itu arya prabawa yang waktu itu menduduki jabatan patih dalam.
More

Raden Samba Mati Nglabuhi Tresna

Samba iku ing jagad pedhalangan uga dikenal kanthi jeneng Wisnubrata, Kusumakilatmaka. Raden Samba duwe sisihan sing jenenge Dewi Yatnyawati, putrane putri Prabu Karekatnyana, raja ing nagara Tasikmadu.

Miturut andharan ing buku Ensklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, Samba iku putrane Prabu Kresna raja Dwarawati. Ibune Samba yaiku Dewi Jembawati kang ora liya prameswarine Prabu Kresna.
More

Yuyutsuh Mehak Pandhawa Mbelani Bebener

Arya Yuyutsuh iku putrane Arya Widura utawa Yamawidura. Arya Widura dhewe putrane Begawan Wiyasa lan Dewi Datri. Arya Yuyutsuh duwe sedulur tunggal bapak ibu sing jenenge Sanjaya. Dene ibune Yututsuh yaiku Dewi Padmarini. Yuyutsuh lan Sanjaya melu bapak ibune lan dedunung ing kasatriyan Pagombakan. Kasatriyan iki mujudake perangan mburi wangunan Karaton Astina.
More

Sitija Putrane Hyang Wisnu Kang Nguwasani Krajan Loro

Tembung sitija ateges lair saka lemah, siti ateges lemah lan ja ateges lair. Bambang Sitija iku anake Hyang Wisnu lan Dewi Pratiwi utawa Pertiwi, putrane putri Prabu Nagaraja, raja krajan Sumur Jalatunda. Sitija duwe sedulur tunggal bapa biyung sing jenenge Dewi Siti Sendari.

Ing jagad pedhalangan Sitija kondhang kanthi jeneng Bambang Suteja utawa Seteja. Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, Sitija duwe pusaka peparing ibune, saka kanugrahan kang diparingake Hyang Wisnu, arupa cangkok Kembang Wijayakusuma kang arane Wijayamulya. Pusaka iki duwe kasiyat nguripake titah kang wus mati lan kabeh barang kang wus ora migunani.
More

Sanghyang Wenang Nyekel Jejeging Adil

Sanghyang Wenang iku putrane Sanghyang Nur Rahsa utawa Nurrasa saka garwa prameswari Dewi Sarwati utawa Rawati. Rawati putrane putri Prabu Rawangin, raja negara jin ing pulo Darma, kang lair awujud sotan, yaiku swara lamat-lamat kang kembar.

Saka swara lamat-lamat iku keprungu swara gedhe lan swara cilik kang rebutan kalungguhan tuwa. Ananging saka daya kasektene Sanghyang Nurrasa, swara-swara iku bisa didulu lan katon ayang-ayang kayadene jalma lumrah. More

Anantareja / Antareja nggambarake watak lan bebuden kang pinunjul

Anantareja utawa Antareja iku anake Bima sing mbarep. Tembung ananta ateges tanpa wates, dene tembung anantareja ateges kuwasa kang tanpa wates.

Ibune Antareja yaiku Dewi Nagagini, anake Hyang Anantaboga ing Kayangan Saptapratala. More

Previous Older Entries Next Newer Entries

Follow

Get every new post delivered to your Inbox.

Join 198 other followers