Kalabendana tansah nresnani lan ngiringi Gathotkaca

Ditya Kalabendana iku anake ragil Prabu Arimbaka, raja nagara Pringgadani. Kalabendana duwe sedulur cacah pitu, yaiku Prabu Arimba, Prabu Arimbi, Brajadenta, Brajamusti, Brajalamatan, Brajawikalpa lan Prabakiswa utawa Prabakesa.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, Kalabendana awujud raseksa kunthing, praupane edhum, ora pinter, jujur, wicarane alus nanging celat. Dheweke duwe rasa sih lan tresna banget marang Gathotkaca, sing ora liya ponakane. Kalabendana ngiringi Gathotkaca tumuju Suralaya nalika arep didu kalawan Prabu Pracona utawa Percona.

Nalika Gathotkaca sing isih bayi didu kalawan Ditya Kasipu utawa Sekipu, utusane Prabu Pracona, dheweke mati amarga dicakot. Kalabendana banjur ngamuk mbela Gathotkaca saengga akeh prajurit pangiringi Kasipu sing mati, wusana Ditya Kasipu kaweden meruhi kridhane Kalabendana.

Gathotkaca sing mati dening jawata banjur dikum ing kawah Candradimuka, digodhog bebarengan maneka warna sanjata, saengga sanjata-sanjata iku ndadekake ragane Gathotkaca ora tedhas tapak paluning pandhe sisaning gurinda. Wusana Gathotkaca banjur didu maneh kalawan Ditya Kasipu, saengga kasil mateni utusane Prabu Pracona iku. Malah Prabu Pracona dhewe uga kasil dipateni dening Gathotkaca.

Nalika kedadeyan kramane Brajadenta kanggo nguwasani dhampar keprabon Pringgadani, Kalabendana mehak sing ora sarujuk kalawan Brajadenta. Kawitane Kalabendana iku jenenge Kalakatung, amarga tansah nuwuhake lan nemoni kacilakan utawa bendana banjur dijenengake Kalabendana.

Ing lakon Gathotkaca Sraya, Abimanyu ngapusi sisihane sing kapisan, Dewi Siti Sundari (anake Prabu Kresna). Abimanyu kandha yen dheweke arep mbebedhag ing alas, ananging kasunyatane Abimanyu tumuju Wirata bebarengan Gathotkaca kanggo nglamar Dewi Utari.

Kalabendana dipasrahi njaga Dewi Siti Sundari. Dene Dewi Siti Sundari sing krasa ora kepenak atine amarga ditinggal Abimanyu banjur ngutus Kalabendana supaya nggoleki Abimanyu. Kanthi kasektene, Kalabendana bisa ngambu kringete Gathotkaca lan bisa nemokake kekarone, Gathotkaca lan Abimanyu. Kekarone ana ing keputren Wirata nembe gegojegan kalawan Dewi Utari.

Kalabendana ngejak kekarone bali mulih lan ngandhakake yen sisihane Abimanyu sedhih atine amarga ditinggal. Amarga wicarane Kalabendana iku, Dewi Utari ngerti yen Abimanyu wus duwe sisihan. Amarga mangkel lan krasa diapusi dening Abimanyu, Dewi Utari nyepatani Abimanyu yen samengkone bakal mati kanthi tatu arang kranjang ing paprangan Baratayuda.

Gathotkaca dadi muntab amarga tekane Kalabendana. Gathotkaca lali marang jejere bapak cilike iku. Kalabendana diglandhang metu lan diajar nganti mati. Sadurunge nemahi pati, Kalabendana nyepatani Gathotkaca yen ing sawijining dina dheweke bakal males tumindake Gathotkaca ing perang Baratayuda.

Ing perang Baratayuda babak kaping IV, Suluhan, sumpahe Kalabendana kasembadan. Sabanjure, sawise mangerteni dhodhok selehing prekara, nesune Dewi Siti Sundari disuntak marang Semar, pamonge Abimanyu. Semar dhewe genten nyepatani Dewi Siti Sundari, sisihane Abimanyu iki ora bakal duwe anak turun.

Amarga anane Kalabendana tansah nuwuhake kacilakan utawa bendana, hamula Kalakatung banjur kondhang kanthi jeneng Kalabendana. Dheweke mati dening Gathotkaca amarga bendana sing tansah ngiringi tekane. Ing perang Baratayuda babak kaping IV, Gathotkaca sinengkakake minangka senapati perang Pandhawa ngadhepi Adipati Karna, senapatine Kurawa.

Nalika sanjata Kunta metu lan digegem dening Adipati Karna, Gathotkaca ngendhani kanthi cara mabur ngangkasa, karepe supaya ora ketaman sanjatane Karna. Meruhi krenahe Gathotkaca iku, Karna dadi bingung amarga dheweke mesthekake sanjatane ora bakal bisa ngenani Gathotkaca.

Ananging Karna tetep nglepasake Kuntawijaya ngener ayang-ayang werna ireng ing akasa. Kunta ngeplas saka gandhewa. Jitma Kalabendana meruhi playune sanjata Kunta lan banjur nyekel sanjatane Karna iku lan kagawa tumuju Gathotkaca sing ndhelik aling-aling mega. Kuntawijaya nubles pusere Gathotkaca. Getih nyembut kadidene udan, nelesi pabaratan Baratayuda. ::pra::

Leave a Reply

Please log in using one of these methods to post your comment:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: