Bathara Wisnu kajibah mamayu hayuning bawana

Bathara Wisnu iku miturut Mahabharata putrane Resi Kasyapa lan Dewi Aditi. Ananging Bathara Wisnu iku uga kondhang minangka putrane nomer lima utawa putra sumendi Sanghyang Manikmaya utawa Batahara Guru lan Dewi Umayi kang banjur dipasrahake marang Resi Kasyapa lan Dewi Aditi supaya digulawenthah.

Putrane Resi Kasyapa lan Dewi Aditi cacah 12, yaiku Dewi Datri, Dewi Mitra, Bathara Ariaman, Bathara Sakra, Bathara Baruna, Bathara Angsa, Bathara Waga, Bathara Wiwaswat, Bathara Pusa, Dewi Sawitri, Dewi Twastri lan Bathara Wisnu.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathara Wisnu mujudake bathara kalanggengan utawa karaharjan lan kesejahteraan.

Putrane raja Tribuwana kang nglambangake sipat jujur (Bathara Sambo), semangat (Bathara Brahma), rasa (Bathara Indra) lan daya utawa kekuwatan (Bathara Bayu) durung paripurna yen durung dipepaki pralambang kawicaksanan.

Raja Tribuwana, Bathara Manikmaya utawa Bathara Guru, pengin duwe putra kang asipat wicaksana, wusanane pepenginane iku kasembadan kanthi laire Bathara Wisnu.

Dasanamane Sanghyang Wisnu yaiku Abhuta (raja saka sakabehing titah urip lan kang ora urip), Asiyuta (raja kalanggengan), Cakrawati (raja jagad luhur), Hari (raja dahana utawa geni), Haus (raja samodra), Idopati (raja kapinteran lan kajujuran) lan Janggernata (raja alam donya).
Saliyane iku uga isih ana dasanama Kapila (wasis), Narayana (raja samodra), Pandarik Aksa (raja kasenengan), Purusotama (raja jiwa), Purwaya (rajaning nyawa) lan Wiratapura (rasa sato kewan).

Miturut andharan ing kitab Mahabharata, kayangane Bathara Wisnu ana ing Bentuka. Bathara Wisnu duwe prameswari cacah telu, yaiku Dewi Srisekar, Dewi Pratiwi lan Dewi Sri Pujayanti.
Saka Dewi Srisekar, Bathara Wisnu peputra telu, yaiku Srigati (dadi raja ing nagara Purwacarita jejuluk Prabu sri Mahapunggung), Srinanda (nglenggahi dampar keprabon ing krajan Wirata jejuluk Prabu Basurata) lan Dewi Srinandi.

Dene saka Dewi Pratiwi, Bathara Wisnu peputra loro, yaiku Bambang Sitija (raja nagara Surateleng jejuluk Prabu Bomanarakasura) lan Dewi Siti Sundari (dadi sisihane Abimanyu, putrane Arjuna lan Dewi Wara Sumbadra).

Bambang Sitija lan Dewi Siti Sundari banjur dadi anak gawane Sri Kresna kang dadi titisane Sanghyang Wisnu. Saka Dewi Sri Pujayanti, Bathara Wisnu peputra cacah 13, yaiku Bathara Heruwiyana, Bathara Ishawa, Bathara Bishawa, Bathara Isnawa, Bathara Isnapurna, Bathara Madura, Bathara Madudewa, Bathara Madusadana, Bathara Srihuna, Bathara Srihuni, Bathara Pujarta, Bathara Panwanboja lan Bathara Sarwedi utawa Hardanari.

Kabeh putrane Bathara Wisnu kang cacah 18 kaperang dadi 14 priya lan papat wanita. Sabanjure Dewi Srihuna banjur palakrama kalawan Bathara Bramani, putrane Sanghyang Brahma, lan nurunake para raja trah witaradya nganti anak putune Prabu Parikesit turun-tumurun..

Kayadene Sanghyang Brahma, karana gedhene tanggung jawab amarga jejibahan saka Sanghyang Manikmaya, Bathara Wisnu duwe patih asma Bathara Gangga, putrane Bathara Heramaya. Prajurite nggawa sanjata candrasa lan warastra utawa panah. Bathara Wisnu dhewe duwe pusaka aran Kembang Wijayakusuma lan Cangkok Wijayamulya kang ngandhut kasiyat ora bisa mati, kejaba sing wus ditakdirake mati.

Kembang Wijayakusuma disebut-sebut ing lakon Wisnu Krama. Critane, nalika palakrama kalawan Dewi Srisekar, putrane putri Resi Kesawasidi ing pertapan Argajati kang duwe kembang kasebut. Bathara Wisnu duwe Kembang Wijayakusuma amarga peparinge mara tuwane.
Lan wusanane, Kembang Wijayakusuma dadi pusakane Sri Kresna, raja nagara Dwarawati minangka titisane Sanghyang Wisnu. Cangkok Wijayamula peparinge banteng Wisnuhata nalika Bathara Wisnu palakrama kalawan Dewi Pratiwi minangka sarat utawa mas kawin.

Pusaka kasebut wusanane diparingake marang Sitija, raja ing krajan Trajutrisna, minangka pratandha yen Sitija iku putrane Bathara Wisnu kang wektu iku nitis ing ragane Sri Kresna. Sanghyang Wisnu uga duwe aji-aji kang sekti mandraguna, yaiku Aji Panitisan, Aji Kemayan lan Aji Pangabaran.

Saka jejibahane kanggo nentremake alam donya, yen ing arcapada ana kang tumindak angkara murka lan ndadekake dredah, Bathara Wisnu bakal tumurun kanggo mbalekake swasana lan nyirnakake sing tumindak angkara murka iku.

Lumantar Aji Panitisan, Bathara Wisnu bakal njilma utawa nitis arupa matsya (iwak), akupa (bulus), waraha (babi alas), narasingha (wong kang sirahe arupa endhas singa), wimana (wong cebol), nitis marang Ramaparasu kanggo numpes gandarwa, nitis marang Prabu Arjunawiwaha/Arjunasasrabahu kanggo nelukake Prabu Dasamuka/Rahwana, nitis marang Sri Ramawijaya kanggo nyirnakake Prabu Rahwana lan nitis marang Sri Kresna minangka parampara para Pandhawa.

Bathara Wisnu duwe tunggangan arupa garuda aran Garuda Briawan. Bathara Wisnu nate ngejawantah ing arcapada dadi raja ing nagara Medangpura jejuluk Maharaja Suman. Maharaja Suman iki dibiyantu patih Resi Kosara, panjilmane Patih Gangga, kanggo nelukake Maharaja Balya, raja nagara Medanggora, panjilmane Bathara Kala. ::Ichwan Prasetyo::

Leave a Reply

Please log in using one of these methods to post your comment:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: