Bima Labuh

Purna Bale Sigala-gala, salah sawijining tindak angkara para Kurawa dumateng Pandawa. Amung kersaning jawata saengga Pandawa saged waluya den tuntun dening garangan manjing alas Ekacakra. Sengkleh bebahu kanan kering sang Bratasena nggendong para kadang.

Ing Alas jajahan Ekacakra:
Dewi Kunthi den adhep dening putra pandawa. Bratasena tansah gerem-gerem emut laku lampah kadang Kurawa kang tumindak culika. Si kembar, Pinten lan Tangsen sambat ngelak lan luwe. ‘Ibu…, aku kuwat yo bu…, sanadyan urung maem, nanging aku ora luwee…” Mbrebes mili atawan tangis Dewi Kunthi dalah para kadang Pandawa mireng sambate si kembar. ‘Sabar sawetara ngger Pinten lan Tangsen, kakangmu Bratasena lan Arjuna bakal golek boga kanggo sira sakkloron’ mangkono ngendika Dewi Kunthi,.Sigra budhal satriya kalih arsa ngupadi boga kangge ri kembar.

Keprabon Ekacakra:
Prabu Baka kang oyan dahar manungsa laop-laop marang juru leladi ‘Eee … eee…. bocah ladi… endi daharan kanggo ingsun heee?’. ‘Sendika dawuh kanjeng prabu, sampun sumadya daharan ingkang awujud prawan desa, sumangga dados kasukan engkang sinuwun…’

Ing Kademangan Wanasegara:
Ki Demang Sagotra nembe duhkita ing galih jalaran katah warga Desa Wanasegara sami ngungsi, ajrih lan kamigilanen kalamun den untal dening Prabu Baka. ‘Ayo caaah, pada golek slamet…’ Sigra budlang ki demang lan para warga…

Wauta, Patih Sardulayaksa mirsani playune para warga kang salang tunjang sigra sumusul arsa ngrangket lan ngunjara para warga kangge kadaharan Prabu Baka. Ki Demang lan para warga sampun dumugi jabaning kuta Ekacakra kedadak rawuhnya Patih Sardulayaksa. Mawut para warga, den rangket dening Patih.

Punika ta warnane Raden Bratasena, satriya panenggak Pandawa, mireng jelih2 para warga kang nandang tapa, bangkit mitulungi. Ngamuk punggung sang Bratasena, dadi lan pejahe Patih Sardulayaksa. ‘Matursuwun sanget raden, ndika sampun sabiyantu dumateng kula sak warga’ mangkono Ki Demang Sagotra, banjur ‘lha napa ta kersa ndika saengga kula sak warga saged mbales budi mulya raden?’. ‘Mmmm, aku ora butuh pangalembana, aku ora perlu apa-apa. Aku gur perlu boga kanggo adi-adiku kembar…’

Sigeg. Gantiya ingkang cinarita. Ing sawijining sendang ing desa Jonggrangan, ana sawijining wanodya anom kang katon gothel manah jalaran nembe wae den rabi deneng kakung kang wis kaladuk ing yuswa aran Kyai Ijrapa. Sulastri tansah dremimil lan tansah kagok lagak lagone. Tan sawetara, rawuhe panengah Pandawa Raden Arjuna. Dasar satriya bagus tanpa tanding, alon-alon nyedaki Sulastri lan tanpa suba suta njawil lan nggamit sang kenya. Tan dinyana Sulastri dudu wanodya kang gampangan, sanadyan durung srawung kalawan gurulakine, nanging gething yen ta jinawil dening liyan. Mbengok sakkayange Sulatri, ‘Tobat.. tobat, ana pawongan kok murang tata, ora sopan… kakang Ijrapa… tulung aku kaang…’. Kagyat Dyan Arjuna, getun saranta. Sigra nggodak Sulastri arsa nyuwun pangapura.

Ing dusun Jonggrangan:
Kyai Ijrapa kang tansah delok-delok jalaran durung isa nyawiji kaliyan Sulastri, dumadakan kesaru rawuhe Sulastri kang langsung nubruk sang kakung lan wadul apa kang nembe kalakon. ‘Yoh Lastri.. aja wedi, tak bunuhe pawongan kang kurrang ajar kambek awakmu…’. Rawuhe Dyan Arjuna. Rumaos den tulung dening Raden Arjuna saengga dadi nyawijine Kyai Ijrapa lan Sulastri, ki sepuh malang matur nuwun. ‘Raden, matur suwun sanget, dene perkawis kula saged den udari jalaran ndika’. Gancanging rembag Raden Arjuna den paringi boga sak lawuhe.

Alas Ekacakra:
Rawuhe Bratasena lan Arjuna kang angasta boga kangge si kembar. Eloking lelakon, boga kang den asta dening Bratasena katon seger lan wangi. Telas kadahar dening si kembar. Sakwalike, boga kang den asta dening Arjuna katon wayu lan mambu. Waskita Ibu Kunthi mirsani kadadeyan kaya mangkono. ‘Bratasena apadene kowe ngger Arjuna, kepiye caramu ngupadi boga mau nggeeer?’. Blakasuta satriya kekalih. Dukaning Dewi Kunthi marang Arjuna, ‘Arjuna, lampahmu iku banget salah. Kowe wis dodol bagus…’.

‘Ayo Bratasena, Arjuna lan Yudistira. Sira kabeh rampungana perkara iki. Sirnakno Prabu Baka’

Kademangan Wanasegara:
Demang Sagotra den adep dening nyai demang lan Rawan, putra kakung. Gatining rembag sapa kang siyaga dadi mangsane Prabu Baka. Kabeh kepingin dadi mangsane Prabu Baka. Rawuhe Dewi Kunthi dalah para putra. Pirsa bilih Dewi Kunthi punika garwa Prabu Pandu, nyembah sigra ki demang marang Dewi Kunthi. ‘Aja wedi kangelan Sagotra, anakku Bratasena bakal mungkasi karya’

Kraton Ekacakra:
‘Eeee… eee… aku wis luwe… endi daharanku heee… ‘ Rawuhe Raden Bratasena. Perang tanding antarane Raden Bratasena lan Prabu Baka. Angkara murka kudu rampung. Pancanaka mungkasi karya. Prabu Baka pejah.

Tancep Kayon.

Leave a Reply

Please log in using one of these methods to post your comment:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: