Dursilawati Ngraketake Paseduluran Kalawan Pandhawa

Dewi Dursilawati kalebu salah sijine warga Kurawa kang cacah 100. Dursilawati adhine Prabu Duryudana, dadi ora liya ya putrane putri Prabu Drestarastra lan Dewi Gendari.

Saka sedulur cacah 100 iku, Dewi Dursilawati mujudake siji-sijine kang lair wadon. Ing crita Baratayuda Dewi Dursilawati sinebut kanthi aran Dursalah. Minangka putrane putri raja, uripe Dursilawati tansah kaugung, uripe sarwa cukup, kepara turah-turah.
Kabeh pepenginane Dursilawati tansah disembadani dening Prabu Drestarastra lan Dewi Gendari, apamaneh Dewi Dursilawati iku siji-sijine anak wadon.

Dewi Dursilawati ora tau metu saka kaputren kedhaton Astina, kejaba yen ndherekake Prabu Drestarastra lan Dewi Gendari metu saka kedhaton saprelu ngenggar-enggar penggalih.
Watake Dursilawati iku sakmadya, merak ati, sregep dandan lan wicarane manis. Dewi Dursilawati dipacangake kalawan Arya Sinduraja/Jayadrata, raja nagara Sindu lan peputra Arya Wiruta lan Arya Surata.

Mula bukane Dursilawati palakrama kalawan Jayadrata kawiwitan nalika Prabu Duryudana lan sedulur-sedulure golek daya upaya kanggo ngadhepi Bima utawa Werkudara. Wektu iku Kurawa pancen krasa tansah kaganggu dening Pandawa kang sedya njaluk bali hake yaiku praja Astina saka regemane kulawarga Kurawa.

Ing jagad pedhalangan, miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Jayadrata iku kedadeyan saka bungkuse Bima. Nalika para kurawa golek jago, padha ketemu kalawan Arya Jayadrata. Karana setyane marang kulawarga Kurawa, Jayadrata banjur dipacangake lan palakrama kalawan Dewi Dursilawati.

Sawise perang Baratayuda rampung, Dewi Dursilawati urip mulya ing karaton nagara Sindu bebarengan kalawan putrane, Arya Surata kang nggenteni kalenggahane Arya Jayadrata. Ing perang Baratayuda, Arya Jayadrata gugur karana ketaman panah Pasopatine Arjuna. Sadurunge nemahi pati, Jayadrata kasil mateni Abimanyu, putrane Arjuna.

Lan sabubare perang Baratayuda iku, Dewi Dursilawati kerep mertamu ing Astina kanthi pangajab bisa mbangun paseduluran maneh kalawan kulawarga lan anak turune Pandawa. Dewi Dursilawati ora tau kendhat ngupaya supaya bisa sesambungan raket maneh minangka sedulur kalawan kulawarga Pandawa kang nguwasani Astina.

Mligi babagan Arya Surata ing jagad pedhalangan kondhang minangka putrane Arya Jayadrata kalawan Dewi Dursilawati lan minangka patih kasatriyan Mandukara kan dikuwasani dening Arjuna, ing paraga iki Arya Surata kondhang kanthi aran Patih Rata.

Laire Dursilawati bebarengan kalawan Duryudana lan sedulure Kurawa liyane kang cacahe 100. Mula bukane, nalika Dewi Gendari nglairake, pranyata ora wujud bayi lumrah nanging mung arupa getih kenthel. Gendari banget murinane meruhi kang lair saka guwa garbane ora awujud bayi lumrah ananging getih kenthel.

Sabanjure Dewi Gendari ngosak-asik getih kenthel iku saengga sumebar lan dadi perangan getih kenthel cilik-cilik. Getih-getih kenthel kang sumebar iku sanalika malih rupa dadi bayi cacah satus, sing paling gedhe, kaanggep pambarep, banjur dijenengi Duryudana. Dene adhi-adhine Duryudana salah sijine ana sing wadon kang banjur dijenengi Dewi Dursilawati.

Kulawarga Kurawa kang ditetungguli dening Duryudana tansah miwiti cecongkrahan kalawan para Pandawa. Sing ngojok-ojoki ora liya ya Sakuni utawa Sengkuni, kang ora liya paklike Duryudana lan sedulur-sedulure. Sengkuni iku adhine Dewi Gendari, ibune para Kurawa.

Kanggo nguwasani nagara Astina, saka pamrayogane Sengkuni, para Kurawa nantang para Pandawa dolanan dhadhu. Pambarepe Pandawa, Yudhistira kapilut panantange Kurawa iku. Apamaneh Yudhistira pancen seneng dolanan dhadhu.

Karana ubede Sengkuni, wusana Yudhistira kalah totohane. Kabeh hake Yudhistira, yaiku karaton, sedulur-sedulure, dhiri pribadine, prameswarine, kabeh entek dinggo totohan. Sabanjure Pandawa kaningaya dening para Kurawa. Dewi Drupadi diwudani dening para Kurawa. Prabu Drestarasta sawise nguningani kahanan iku mrentahake supaya kabeh totohane Pandawa dibalekake.

Dolanan nganggo totohan iku sabanjure dibaleni. Ananging wusanane para Pandawa kalah maneh. Pandawa kudu mbayar kalahe iku kanthi cara katundhung saka Astina sasuwene 13 taun. Lan ana sarate, yen ana salah sijine kulawarga Kurawa kang mangerteni papan dununge Pandawa, ukuman katundhung sasuwene 13 taun iku kudu dibaleni sasuwene 13 taun maneh. Kanthi cara mangkono iku, para Kurawa kasil nguwasani nagara Astina.

Leave a Reply

Please log in using one of these methods to post your comment:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: