Ladak Kecangklak

Leksmanamandrakumara iku putrane Prabu Suyudana utawa Duryudana. Ibune Dewi Banowati, putrane putri Prabu Salya, raja ing nagara Mandaraka.

Ing jagading tanah jawa, ana paribasan kang unine, ”ladak kecangklak”. Paribasan iki nggambarake wong sing tansah mbanggake dhiri lan kaluwihane akhire nemu cilaka amarga saka pokale mau. Sanajan amung paribasan, pranyata kabukti ing sajroning urip bebrayan. Tuladhane kaya kang dialami salah sijining manuk kang kacaritaake ing ngisor iki.

Emprit mono sawijining manuk kang wujude ora patiya apik. Swarane uga ora mranani. Pokoke, sarwa kurang menawa ditandhingake karo manuk-manuk liyane kaya Cendrawasih, Kutut, utawa Derkuku.

Nanging, Emprit pancen nduweni ati inten. Ing batine babar pisan ora duwe rasa serik apamaneh drengki srei. Emprit tansah lila legawa nampa kahanane. Malah, tinimbang sabangsane, Emprit sing paling nrima karsaning Gusti. Pandongane ora kendhat, tansah mujekake rasa syukur dene tansah pinayungan urip tentrem kartaraharja.

Nganti tumekaning titi mangsa Emprit kawin lan duwe anak papat. Anak-anake uga kaya dheweke. Wujude ora narik kawigaten, uga amung bisa ngoceh, ”prit…prit…prit…!” Ananging Emprit sajodho wus banget panuwune. Anak papat urip kabeh, ora ana sing cacat. Kanthi kebak rasa sih katresnan, Emprit sajodho ngopeni lan nggedhekake anak-anake.

Sajroning ndhidhik anak-anake, emprit tansah ndhedher kautaman. Kaca benggala kang nggambarake kedadeyan-kedadeyan ing alam donya katuduhake kanthi gamblang ing pangajab bisaa ditrapake dening anak turune.

Nuju sawijining dina, anak-anak Emprit kepengin srawung karo kanca-kanca sabangsane ing tengah alas kana. Sapa ta sing ora pengin, wanuh lan sabanjure bisa dolanan bareng. Mula, anak-anak Emprit banjur pamitan karo bapa biyunge.

”Ati-ati anakku, aja lali welinge Bapa Biyung, tansaha ngalah amarga ngalah mono luhur wekasane…,” mangkono kandhane Emprit sajodho nalika nguntabake anak-anake. Ing batin, Emprit sajodho rumangsa was-was, wedi yen ta nganti pangrasane anak-anake mengko bakal ketaton. Emprit sajodho mesthi wae isih kelingan, kepriye sikepe Cendrawasih, Kakaktua, Derkuku, Murai, apamaneh Perkutut sing pancen nduweni swara mangedap-edapi.

”Herrrketeku…ku…ku…ku…!” mangkono tansah keprungu swarane Perkutut manggung saben-saben ngumpul kanca-kancane.

”Swaramu pancen elok, Kutut. Aja maneh wong liya saka njaban wewengkon kene. Aku sing saben dina krungu wae ora jeleh-jeleh, tansah ngungun marang endahing kidungmu…” pangelembanane Emprit, tulus saka atine.

”Ya pancen ngana, Prit. Ananging aku ya gumun sarendheng yen nyawang kahananmu. Coba ta, delengen sakiwa tengenmu! Cendrawasih wulune merak ati, Derkuku manggunge ya ora kalah mranani, Beo malah isa niru caturing jalma, yen aku, kaya sing wus kokandhaake mau, ing papan kene dakkira ora ana sing bisa ngalahake merduning swaraku, herketeku…ku…ku…,” pananggepe Perkutut gawe bingunge emprit.

”Lha keneng apa sliramu teka gumun nyawang kahananku, kanca?” pitakone Emprit lugu. Dheweke babar pisan ora nggraita apa sejatine sing dikarepake Perkutut ana ing tembunge. Saka rumangsane, Emprit ora kurang sawiji apa. ”Sikil ya loro, lar ya bisa kanggo mabur, nembang ya bisa sanajanta ora patiya apik, ora cacat ya ora duwe penyakit, gek apa sing marahi Kutut nganti ngomong kaya mangkono mau…,” pambatine Emprit.

”Ha…ha…ha..!” krungu wangsulane Emprit, sanalika ngakak guyune Kutut disusul manuk-manuk liyane. Guyune nganti kepingkel-pingkel, Beo malah kepuyuh, nggenjrit ngalih sinambi nuding Emprit. Emprit sansaya ora mudheng.

”Sakjane apa ta sing padha dikarepake kanca-kanca uga sliramu, Kutut?” Emprit ngambali maneh pitakone.

Perkutut isih mesam-mesem sinambi nyawang Emprit sajak kepriye. Sunaring mripate ngandhaake menawa Emprit lan dheweke ora sadrajat. Mak sedhot, tanpa bisa diselaki, rasa perih nyendhal ana ing batine Emprit.

”Kowe bener kepingin weruh apa sing dakkarepake mau, Prit?” takone perkutut.

”Iya, Tut.”

”Ngene, Prit. Aku lan kanca-kanca kabeh mau mesakake nyawang kahananmu. Kowe ora cacat, Prit, ya ora duwe penyakit, nanging, kok yaa nemen, wus wujudmu kuwi elek, maburmu ora dhuwur, ndilalah swaramu kok ya banget ora mranani. Oalah Prit, Prit…, urip kok blas ora ana sing isa dipamerake, ha…ha…ha…, Hurketeku…ku…ku…!” tembunge Perkutut sinambi nglungani. Dene Emprit kari dhewekan dheleg-dheleg, ora bisa cecaturan kanggo sawetara suwene.

”Bapa…! Biyung…!” mak jenggirat, Emprit sajodho wudhar panglamune. Anak papat bali kabeh kanthi kebak luh. Anak sing paling gedhe gage-gage nyritakake nasibe nalika awor srawung karo sabangsane. Ora beda, jebles karo nasib bapa biyunge mbiyen. Seseg atine Emprit wadon meruhi apa sing dikuwatirake mau jebul kelakon.

Wiwit dina kuwi, Emprit sakaluwargane ora tau maneh njedhul lan srawung karo manuk-manuk liyane. Kabeh padha ora mangerteni, ing ngendi lan menyang ngendi papan dununge Emprit. Omahe sing mbiyen wus tininggalake, suwung wung ora ana sing nduwe. Kalebu Dara sing sok gelem srawung lan ora melu-melu ngenyeki, uga babar pisan ora oleh kabare Emprit.

Bareng wus watara suwe anggone ilang ora ana jluntrunge, Emprit mara-mara teka. Sikepe ora owah, tulus, lan ora nyimpen serik amarga wus ditatoni atine. Rupane bingar, sajak olehe seneng nyritakake pengalamane sasuwene iki.

”Dadi, kowe lunga menyang kutha, Prit?” pitakone manuk Branjangan sajak ngungun.

Emprit ngiyakake. Emprit banjur crita menawa ing sak njabane alas jebul ana panguripan kang elok. Wewangunan jumejer megah. Manungsa-manungsa luhur bebudene. Saben sore, Emprit sakulawargane tansah dipakani dening Kanjeng Panembahan Senopati dalah garwane ing Kraton Mataram. ”Coba sapa sing ora seneng, wus nyawang kahanan kang sarwa apik, entuk panganan sisan,” mangkono critane Emprit.

Krungu critane Emprit, manuk-manuk ing njero alas padha meri atine. Apamaneh, Perkutut sing paling kerep gawe nelangsane Emprit. Perkutut ora lila dene manuk sing rupane elek tur swarane ora apik babar pisan kuwi bisa disayang Panembahan Senopati saka Mataram.

”Titenana, Prit! Kowe sing rupamu kaya ngana wae disayang dening Ratu Gusti ing Mataram. Kuwi nalika durung ketemu karo aku. Ning, titenana yen mengko wus pirsa aku, ngrungokake kidungku, kowe bakal kasisih, Prit…” kandhane Perkutut, Cendrawasih, Tilang, lan Beo nalika Emprit rampung anggone crita. Emprit mesthi wae kelara-lara, dene niyate sesrawungan nyata durung bisa katampa kanthi becik dening manuk-manuk ing alas kana.

Emprit banjur lunga maneh. Nanging, sawetara suwe, dheweke uga kepingin bali ing alas. Lha piye ta, dikapak-kapakake jeneng manuk ngana ya mesthi wae kepingin urip ana ing alas, sing edhum ngrembuyung, ijo royo-royo. Sak apik-apike panggonane wong liya mesthi wae isih apik panggonane dhewe.

Tekan alas, Emprit njomblak atine. Kanca-kancane wus ora ana. Wus diubek-ubek ana ing ngendi-ngendi tetep ora ana. Sing tinemu gur Dara. Manut Dara, Perkutut lan kanca-kancane nyusul Emprit menyang kutha. Nanging, nganti dina kuwi, ora bali-bali.
”Mbokmenawa, Perkutut, Cendrawasih, lan liya-liyane wus krasan ing kana, Prit…,” kandhane Dara sing disarujuki Emprit.

Sabubare ketemu Dara sing ngabarake dununge kanca-kancane, Emprit ora tau maneh ngomongake Perkutut sakanca. Ing atine mung bisa ndonga muga-muga pancen kanca-kancane mau krasan lan urip kepenak ana ing kutha. Nganti ing sore kuwi, kaya biyasane Emprit nyambangi daleme Panembahan Senopati ing Kraton Mataram. Emprit sakulawarga banjur dolanan ana ing plataran sinambi notholi panganan sing diwenehake para abdi dalem.

Ananging lagi wae arep nothol, jenenge diceluk dening swara sing kaya tau diwanuhi. Bareng digoleki, jebul Perkutut. Kahanane memelas. Awake kuru lan mripate kekembengan luh. Abure ora bisa dhuwur lan adoh amarga ana ing njero kurungan. Swarane uga wus ora ngedap-edapi.

”Oh, Emprit kancaku, sedulurku, tulungana aku…., aku wus dosa marang kowe, aku tansah nglarani atimu, aku njaluk pangapura, Prit…” sambate Perkutut. Emprit trenyuh. Dheweke banjur nakokake liya-liyane.

”Kabeh padha nasibe, Prit. Cendrawasih uga dikurungi, Beo malah disetrakake, dipeksa ajar basane manungsa. Kebeneran nasibmu, Prit. Sanajan rupamu elek lan swaramu ora apik, ning malah dadi lan bejamu, ora nandhang nasib kaya aku iki, ihik…ihik…ihik…,” panuture Perkutut sansaya gawe memelas.

Mangerteni kahanan kaya mangkono mau, Emprit sansaya gedhe panuwune marang Kang Akarya Jagad. Dene welinge marang anak putune, ”Mula ya ngger, yen urip bebrayan mono aja nduweni watak adigang adigung adiguna, kabeh nduweni kaluwihan lan kekurangan dhewe-dhewe.

::Puji Hariyanti::

Leave a Reply

Please log in using one of these methods to post your comment:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: