Pakêm kinå kalarasakên kaliyan kawóntênan sapunikå

Pakêm kinå kalarasakên kaliyan kawóntênan sapunikå

1. Anggêdhóg kothak kapíng gangsal, gångså mungêl Ayak-
ayakan, kalajêngakên gêndhíng Kawít, minggah ladrang
Kawít, laras Sléndro pathêt Manyurå.
Sasampunipun Kayón (Gunungan) kabêdhól, kagêtêrakên
lêmbat, kalóród mangandhap, mandhêg kapíng tigå, têrús
amblês mangandhap ing palêmahan kêlír.
Kayón lajêng kalampahakên alón gêtêr mangiwå –
manêngên wongsal – wangsúl.
Nuntên tancêb jêjêg ing dêbóg nginggíl.
Gêndhíng kasirêp (mungêl liríh), lajêng kacaritakakên
kajantúr:
Nalikå awang awang – uwúng uwúng, dèrèng wóntên
punåpå punåpå,
Hyang Måhå Kawåså manggèn wóntên satêngahíng
kawóntênan, nyíptå dumadósíng pasthi.
Wóntên swantên ambêngúng ngêbêgi jagad kadós
swantêníng gênthå kêkêlêng.
Ingriku wóntên cahyå pacihang gumêbyar mungsêr
bundêr kadós antigå (tigan) gumandhúl tanpå canthèlan.
Énggal dipún astå déníng Hyang Måhå Kawåså, dipún
pujå :
1. Cangkókipún, dadós bumi lan langít,
2. Pêthakipún, dadós cahyå lan téjå,
3. Jênnipún, dadós maník lan måyå.
Sasampunipun jagad gumêlar, cahyå, téjå, maník lan
måyå, ingkang nalika punika dèrèng kasumêrêpan, pundi
ingkang rumiyín lan pundi ingkang kantún. Sadåyå lajêng
kapujå dadós rupi manungså, kadós Bambangan bagús.
Gångså wudhar, mantún sirêpan.
Gunungan kabêdhól, tancêp ing simpingan sisih
têngênipún Dhalang.
Bambangan bagús sêkawan kawêdalakên, madhêp
manêngên, tancêp ing dêbóg ngandhap sisih kiwå, tangan
ngapurancang.
Gêndhing Kawít minggah ladrang Kawít, lajêng suwúk,
dipún suluki pathêt Nêm jangkêp, lajêng pangandikan.
Swantên tanpa rupi :
Sirå kabèh, cahyå, téjå, maník lan måyå. Wús Ingsún
pujå rupå manungså.
Cahyå, sira aran Bathårå Nurrådå (Narådå), Téjå aran
Bathårå Téjå iya Bathårå Antågå, Maník aran Bathårå
Maník iyå Bathara Guru, déné Måyå aran Bathårå Måyå
iyå Bathårå Ismåyå.
Ingsún iki kang Måhå Kawåså, sira kabèh Ingsún
kawasakaké gawé lêlakón ånå sajroníng jagad gumêlar
iki.
1. Bathårå Maník, Ingsún kawasakaké mranåtå jagad
Trilokå, jagadíng pårå Déwå, jagadíng pårå lêlêmbút,
lan jagadíng pårå manungså.
2. Bathårå Nurrådå Ingsún kawasakaké ngêmbani
mranåtå karo Bathårå Maník.
3. Bathårå Ismåyå Ingsún kawasakaké mómóng pårå
manungså kang laku bêcík.
4. Déné sirå Bathårå Antågå, Ingsún kawasakaké nyoba
antêbíng tékadé pårå titah.
Bathårå sêkawan nyêmbah matúr sandikå, lajêng bidhal ningali kawóntênaníng jagad gumêlar.
Bathårå Antågå ing bénjíng turasipún dadós Kyai Tógóg, Pugúh, Antågå inggíh Kyai Téjåmantri.
Déné Bathårå Ismåyå ing bénjíng asríng manitís dhatêng turasipún ingkang nama Kyai Badrånåyå inggíh Kyai Sêmar.

Bathara Guru
2. Ladrang Srikatón. Madêg Bathårå Maník inggíh Bathårå
Guru, lajêng nyiptå kadhatón minångkå Kahyanganipún,
dipún wastani Kahyangan Junggríngsalåkå inggíh
Kahyangan Ujúng Giri Kailåså.
Nuntên mundhút garwå minångkå saktinipún, putrinipún
Bathårå Umaran ing nagari Parasu, nåmå Dwi Umå.
Ing salajêngipún Bathårå Guru kaliyan garwå Dèwi Umå
pêputrå gangsal kakúng sadåyå,
1. Bathårå Sambo,
2. Bathårå Bråmå,
3. Bathårå Indrå,
4. Bathårå Bayu, lan
5. Bathårå Wisnu.
Nalika punikå Bathara Guru Sakaliyan garwå nuju
miyós siniwåkå, dipún adhêp pårå putrå lan para Déwå
(Têmbúng Déwå asal sakíng basa Sanskrita Jawi-kina
Dew, têgêsipún Cahyå.)
Nalikå punika pårå putrå dipún cariyósakên sampún
kagungan kahyangan lan garwå piyambak – piyambak.
1. Bathårå Sambo ing Kahyangan Hargådaksinå,
Swargådaksinå inggíh Kahyangan Swélågringgíng,
garwanipún nåmå Bathari Siwagnyånå lan Dèwi
Astuti.
2. Bathårå Bråmå ing Kahyangan Hargådahånå
(Swargådahånå), garwanipún tigå, Dèwi Sad (Wasi),
Dèwi Saraswati, lan Dèwi Rarasati.
3. Bathårå Indrå ing Kahyangan Surålåyå inggíh
Kahyangan Indralokå, garwanipún nåmå Dèwi Wiyati,
Bathårå Indrå kawajiban mranåtå pårå Déwå, lajêng
nyíptå pagêlaran, nåmå Rêpat Kapanasan, Kadhatón
Kênyapuri Tinjomåyå, titihan Dwipånggå nåmå
Héråwåta inggíh Héråwånå,
4. Bathårå Bayu, minångkå déwaníng angín lan kêkiyatan
ótót bayu, ing Kahyangan Pusêrbawånå inggíh
Kahyangan Swargå Panglawúng, garwanipún nåmå
Dèwi Sumi.
5. Bathårå Wisnu ing Kahyangan Uttåråsagårå inggíh
Uttaraswargå, Déwå ingkang mêmayu hayuníng
bawånå, garwanipún tigå, Dèwi Sri, Dèwi Pratiwi lan
Dèwi Sriyuwati inggih Dèwi Pujåyanti,
patamananipún nåmå Sriwêdari, titihanipún pêksi
garudhå, nama Brihawan.
Nalikå punikå Bathara Guru sakaliyan garwå nuju lênggah
siniwåkå, dipún adhêp pårå putrå lan pårå Déwå, Bathårå Guru ngandikå, manawi ing wêkdal punika bumi pulo Jawi taksíh gonjing anjómplang, margi ing sisíh kilèn wóntên rêdinipun agêng inggíl, nåmå rêdi Jamúrdipå.
Bathårå Guru dhawúh supadós rêdi Jamúrdipa dipún dhungkari dipún gêmpali, kausúng kawaradinakên mangétan.
Sadåyå sami matúr sandikå, lajêng bidhal.

Bathara Sambo
3. Ing Rêpat kapanasan, pasébanipún pårå Déwå sadåyå
sami ngrêmbag prayoginíng lampah.
Sasampunipun samaptå sadåyå, lajêng bidhal gugúr
gunúng ngråtå bumi pulo Jawi.
Prang Ampyak, Prampógan Déwå ngicali mégå
mêndhúng pêpêdhút ingkang ngalang alangi margi.
Punikå ing pakêliran lajêng dadós Jêjêr Kapisan,
gapuran, kadhatónan, paséban-jawi, kapalan, lan prang
ampyak.
4. Madêg ing Kahyangan Sonyaruri.
Bathara Ismåyå sakaliyan garwå Dèwi Sênggani.
Nalikå punika Bathårå Ismåyå kaliyan garwå Dèwi
Sênggani sampún kagungan putra sêdåså cacahipún,
1. Bathårå Wungku’am inggíh Bathårå Bóngkókan.
2. Bathårå Wréhaspati,
3. Bathårå Yåmådipati,
4. Bathårå Súryå,
5. Bathårå Cåndrå,
6. Bathårå Kuwérå,
7. Bathårå Patút, inggíh Bathårå Patúk utawi Patúh,
8. Bathårå Tamburu,
9. Bathårå Kåmåjåyå, lan
10. Dèwi Sarmanasiti inggih Dèwi Darmanastiti.
Bathårå Ismåyå dhawúh dhatêng pårå putrå, kapuríh
tumút ambantu pårå Déwå, gugúr gunúng andhungkari
rêdi Jamúrdipå kawaradinakên bumi pulo Jawi.
Pårå putrå sami matúr sandikå, lajêng bidhal.
5. Kocap wóntên titahíng Hyang Kang Måhå Kawåså, nåmå
Bathårå Cålåkuthå ing Kahyangan Wisåbawånå.
Nuju lênggah wóntên ing kadhatónipún, dipún adhêp
wadyåbalanipún bangsaning upas wiså mandi, Kålå
Katónggèng, Kålå Jêngkíng, Kålå Abang lan
sapanunggalanipún.
Bathårå Calakuthå midhangêt wartå, manawi pårå Déwå
sami gugúr gunúng andhungkari rêdi Jamúrdipå, nrajang
ngrisak kadhatónipún.
Mila sangêt ing dukanipún, lajêng bidhal nêdyå ngalàng-
alangi tumindakipún pårå Déwa, kêbút sawådyå
balanipún.
Wóntên ing margi lampahipún kapapag kaliyan pårå
Déwå.
Sulayaníng rêmbag, dadós påncåkårå. Wadyanipún
Bathårå Cålåkuthå sami kasóran, lajêng ngoncati.
Pårå Déwå sami ngoyak palajêngipún Bathårå Cålåkuthå.
Prang gagal.
Palajêngipún Bathårå Cålåkuthå dumugi èrèng – èrèngíng
rêdi Jamúrdipå, lajêng nyiptå sêndhang ingkang
toyanipún sangêt wêníng nangíng måwå wiså mandi.
Pårå Déwa anggènipún ngoyak dumugi laladan ngriku,
sami sangêt ngóróngipún.
Sumêrêp sêndhang ingkang toyanipún sangêt wêníng
wóntên sangandhaping rêdi Mandårå, lajêng sami agahan
ngunjuk sakatógipún, têmah pårå Déwå sami pêjah
sadåyå.
Bathara Patuk
6. Kocap Bathårå Guru, ing sabidhalipun pårå Déwå,
lajêng ugi bidhal nusúl anjampangi panyambút
damêlipún pårå Déwå.
Sumêrêp pårå Déwå sami pêjah ngunjúk toyå wiså.
Rèhné botên mangêrtós sababipún, sartå ing wêkdal
punikå ugi sangêt ing ngóróngipún, nuntên agahan
ngunjúk toyå sêndhang wiså.
Nangíng sawêg dumugi ing jånggå, kraós sakít, lajêng
dipún utahakên, jangganipún kalajêng biru gósóng, milå
lajêng pêparab sang Hyang Nilåkånthå, têgêsipún
jangganipun biru gósóng.
Ingriku wóntên swantên tanpå rupi, Bathara Guru
kadhawuhan lajêng minggah malíh dhatêng rêdi
Mandårå.
Ingriku wóntên sêndhang isi toyå panggêsangan.
Pårå Déwa ingkang sami pêjah, kapuríh nêtêsi toyaníng
sêndhang isi toyå panggêsangan wau.
Bathårå Guru nuntên minggah ing rêdi Mandårå (Rêdi
Mandårå punika ingkang kanggé mutêr samodrå susu,
ngêdalakên Toyå Wiså, lan Toyå Amrêtå, Toyå
panggêsangan) mêndhêt toyå panggêsangan kawadhahan
ing sangku, lajêng murugi panggènanipún pårå Déwå
ingkang sami pralåyå.
Sadåyå sami dipún tètèsi toyå panggêsangan, sadåyå
sami gêsang.
Pårå Déwå lajêng sami ngunjúk toyå panggêsangan wau.
Awít sakíng karsanipún Hyang Kang Måhå Kawåså,
pårå Déwå lan gólónganipún sami bótên kéngíng ing
pêjah ing salami-laminipún, sanadyan sagêd kéngíng ing
sakít sawatawis.
7. Lampahipún Bathårå Wisnu sakaliyan Bathårå Cåndrå
inggíh pêparab Bathårå Badråmåyå, lan pårå Déwå
sadåyå.
Sasampunipún ngunjúk toyå panggêsangan, lajêng sami
tumandang damêl.
Kocap ing jagad Antarikså, wóntên titahíng Hyang Måhå
Kawåså, nama Dityå Kålå Rau, inggíh Dityå Kålå
Rêmbuculúng, sumêrêp pårå Déwå sami ngunjúk toyå
panggêsangan, lajêng niyúb mangandhap, mêndhêt cupu
wadhah toyå panggêsangan kabêktå minggah ing akåså,
cupu têrús kauntal.
Konangan déníng Bathårå Cåndrå, (Sagêd nganggé
wayang Kyai Sêmar, utawi Déwå srambahan sanèsipún.
Têmbúng Cåndrå têgêsipún rêmbulan. Déné Bådråmåyå
têgêsipún, rêmbulan ingkang cahyanipún måyå – måyå).
Lapúr dhatêng Bathara Wisnu, ingkang trangginas énggal
namakakên sanjåtå cakra daksånå, kéngíng jangganipún
Ditya Kålå Rau (Têmbúng Rau asal sakíng båså Mêsír
Kinå, têgêsipún Suryå. Ing båså Hindhu lan Jawi kina
lajêng dadós Rawi, Radityå, lan sasaminipún.) Tatas
tugêl sirahipun, gêmbúng gumlúndhúng dhawah ing
bantålå.
Kacariyós lajêng dadós lêsúng kanggê nutu pantún.
Déné sirah sampún kasrambah ing toyå Amrêtå, sagêd
gêsang ing salami-laminipún, sangêt ing muríng-
muríngipun dhatêng Bathårå Cåndrå, mila lajêng tansah
dipún ubêr-ubêr, manawi kacandhak, lajêng dipún
caplók dipún untal malang.
Inggíh punika purwanipun wóntên grahånå rêmbulan,
lajêng tiyang tani sami kothèkan nabuhi lêsúng,
pamrihipún badanipun Dityå Kålå Rau lajêng kraós
sakit, sirahipún mumêt, rêmbulan lajêng dipún utahakên.
Wóntên ing pakêliran, punika dadós prang sêkar, Bathara
Wisnu prang mêngsah Ditya
Kala Rêmbuculúng, ingkang dipún dombani pårå dityå
titisanipún Bathårå Antågå inggih Hyang Kålå Rudrå.
Ing salajêngipún kusumanggakakên sanggiting
pakêliranipún lan gêndhing – gêndhingipún.

Ditya Rembuculung
8. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå. Bathårå Guru
lêlênggahan kaliyan garwå Bathari Umå.
Rêraósan manawi ing sapunikå bumi pulo Jawi sampún
råtå bótên gonjíng.
Sartå karsanipún Hyang kang Måhå Kawåså, pårå Déwå
lan gólónganipún sami bótên kéngíng ing pêjah.
Bathara Guru lajêng nyiptå Déwa pitu ingkang ngrêkså
lan nyanggå bumi,
1. Dèwi Pratiwi, ngrêksa bumi sap kapisan.
2. Bathårå Kusikå, ngrêkså bumi sap kapíng kalíh.
3. Bathårå Ganggang, ngrêkså bumi sap kaping tigå.
4. Bathårå Sindhulå, ngrêksa bumi sap kapíng sêkawan.
5. Bathårå Dharampalan, ngrêkså bumi sap kapíng
gangsal.
6. Bathårå Manikêm, ngrêkså bumi sap kapíng nêm, lan
7. Bathårå Antabogå, ngrêksa bumi sap kapíng pitu,
sagêd malíh warni någå agêng mawi swiwi.
Sasampunipun punikå, Bathara Guru lajêng mranåtå
Déwå cacah sangå, minångkå kanggé paugêraníng manungså, inggíh punikå.
1. Bathårå Mahadéwå, garwanipún nama Bathari
Mahadèwi, nguwaósi jagad wétan, pêkênanipún Lêgi,
kithanipún salåkå, sagantênipún santên, pêksinipún
kúntúl, aksaranipún hå nå cå rå kå.
2. Bathårå Sambo, garwanipún nåmå Bathari Siwagnyånå,
nguwaósi jagad kidúl, pêkênanipún Paing, kithanipún
têmbagi, sagantênipún rah, pêksinipún wulúng,
aksaranipún då tå så wå lå.
3. Bathårå Kåmåjåyå, garwanipún nåmå Bathari Ratíh,
nguwaósi jagad kidúl, pêkênanipún Pón, kithanipún
mas, sagantênipún madu, pêksinipún kêpodhang,
aksaranipún på dhå jå yå nyå.
4. Bathårå Wisnu, garwanipún nåmå Bathari Sri, nguwaósi
jagad lèr, kithanipún tósan, sagantênipin nilå,
pêkênanipún Wagé, pêksinipún gagak, aksaranipún
må gå bå thå ngå.
5. Bathårå Bayu, garwanipún nåmå Bathari Sumi,
nguwaósi jagad têngah, pêkênanipún Kliwón, kithanipún
prunggu, sagantênipún wédang, pêksinipún gogík,
aksaranipún ångkå wicalan sadåså, 1 2 3 4 5 6 7 8 9 0.
6. Bathårå Pritånjålå, nguwaósi jagad lèr wétan,
aksaranipún Byå-byå.
7. Bathårå Kuwóra, nguwaósi jagad lèr kilèn, aksaranipún
Nåråsunyå.
8. Bathårå Siwah, nguwaósi jagad kidúl kilèn, aksaranipún
Nirwitri, lan
9. Bathårå Mahayêkti, nguwaósi jagad kidúl wétan,
aksaranipún Ganyå.
Sadåyå punika lajêng dipún wastani Sastrå Undhagi, Sastrå Wrêkså, inggíh nama Sastrå Kalang, kanggé paugêran damêl wísmå, lan wêwatón sanès – sanèsipún, amríh kalís ing pitunå lan sambékålå.
Bótên watawís dangu katungkå sowanipún Bathårå Patúk lan Bathara Tamburu, atúr uningå, wóntên dênåwå ngamúk ngrisaki kawóntênan, margi sami bótên narimahakên tugêlíng jangganipun Dityå Kålå Rau.
Pårå Déwå kadhawuhan nyirnakakên pårå dênåwå ingkang sami damêl rêsah.
Pårå Déwa sami matúr sandikå, lajêng bidhal.
Wóntên ing pabaratan, pêrangipún pårå Déwa lan pårå dênåwå ingkang dipún dombani Bathårå Antågå.
Wêkasan pårå dênåwå sami kasór sírnå larút.
Bathårå Bayu tayungan, lajêng sami wangsúl dhatêng Kahyangan.
9. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru
dipún adhêp pårå Déwå pêpak. Sadåyå sami sukå – sukå
langên lénggót båwå, déné jagad ginêlar sampún kalís
ing sambékålå.

Tancêb Kayón.

Sastra Wreksa
1. Jêjêr ing Kahyangan Jonggríngsalåkå, Bathårå Guru
miyós siniwåkå wóntên palênggahan Marcukundhamaník
balé Paparyåwarnå, dipún adhêp pårå putrå Déwå,
Bathårå Indrå, Bathårå Sambo, Bathårå Bråmå lan pårå
Déwå pêpak.
Nalikå punika Bathårå Guru sampún ngawóntênakên
kawah Candradimukå, êndhút Blêgdåbå, wót Ogal-agíl
lan sapanunggalanipún.
Nalikå punika ing Kahyangan Jonggríngsalåkå kataman
gårå – gårå agêng, margi wóntên titahíng Hyang Måhå
Kawåså bêbisík sang Kanékåputrå, wayahipún sang
Hyang Nurrådå inggíh sang Hyang Ismåyå, anggêntúr tåpå
wóntên têlêníng samodrå, sarwi anggêgêm musthikå
Rêtnå Dumilah, paringipún sang Hyang Nurrådå ingkang
kalís têlêsing toyå lan sasaminipún.
Anggènipún tåpå bråtå wau gadhah sêdyå ngungkuli
panguwaósanipún Bathårå Guru.
Bathårå Guru ngutús pårå putrå lan pårå Déwå sadåyå,
kapuríh ambadharakên tapanipún sang Kanékåputrå.
Pårå Déwå matúr sandikå, lajêng bidhal.
Bibaran paséwakan.
2. Madêg ing Dhatulåyå Kahyangan Tinjomåyå, Dèwi Umå
lan pårå widådari sami mêthúk konduripun Bathårå Guru.
Sasampunipún sami satåtå lênggah, lajêng sami imbal
pangandikå kawóntêtaning paséwakan.
Sasampunipún punikå, lajêng bibaran.
3. Ing paséban jawi Rêpat Kapanasan, Bathårå Indrå
mranåtå pårå Déwå.
Sasampunipún sami siyågå, lajêng sami bidhal.
Prampógan Déwå ngråtå margi.
4. Madêg têlêngíng samodrå. Sang Kanékåputrå anggêntúr
tåpå sarwi anggêgêm musthikå Rêtna Dumilah.
Katungka dhatêngipun pårå Déwå, anjugarakên tåpå
bratanipún sang Kanékåputrå.
Sulayaníng rêmbag, dadós påncåkårå ramé.
Nangíng pårå Déwa sami kasór sadåyå, lajêng
gêgancangan sami wangsúl dhatêng Kahyangan.
Bathårå Guru kapêkså tindak piyambak, manggihi sang
Kanékåputrå.
Lajêng sami bantah gayêng bab kasampurnaníng dumadi,
bótên wóntên ingkang kawón.
Lajêng dadós båndåyudå langkúng ramé abên kasêktèn
lan kanuragan, nuwúhakên sangsåyå agêngíng gårå-gårå.
Wêkasan sang Hyang Nurrådå pribadi rawúh anêdhaki,
nyapíh ingkang sami båndåyudå. Andunúng dunúngakên,
sanadyan sang Kanékåputrå punikå kalêrês wayahipún,
nangíng jalaran nguwaósi musthikå Rêtna Dumilah,
lajêng sampún dadós loro – loroníng atunggal kaliyan
sang Hyang Nurrådå.
Sang Kanékåputrå inggíh sang Hyang Nurrådå, sang
Hyang Nurrådå inggíh sang Kanékåputrå.
Mila Bathårå Guru kapuríh ngakèn kadang sêpúh dhatêng
sang Kanékåputrå.
Kadadósnå sêsêpuhíng pårå Déwå wóntên ing
Kahyangan Jonggríngsalåkå, ngêmbani sang Hyang Guru
lan pårå Déwa sadåyå, apangkat Rêsi inggíh Batharaníng
Kahyangan.
Bathåra Guru lan pårå Déwa sami ngèstókakên dhawúh.
Hyang Nurrådå inggíh sang Hyang Ismåyå lajêng ical
wangsúl dhatêng Kahyanganipún, jiwanipún manunggal
kaliyan sang Kanékåputrå.
Ing sakonduripun sang Hyang Ismåyå, Bathårå Guru
wiwít maspaósakên dhatêng sang Kanékåputrå
anggèníng astanipún anggêgêm musthikå Rêtna Dumilah,
badhé dipún pundhút, nangíng bótên dipún sukakakên,
malah lajêng dipún bucal dhawah ing bantålå.
Pårå Déwa sadåyå sami rêbatan nêdyå mêndhêt musthikå.
Bathari Uma
5. Madêg ing Kahyangan Ékåpratålå Bathari Pratiwi nuju
lênggah sêmadi, kadhawahan Rêtnå Dumilah ing
pangkónipún. Badhé dipún pêndhêt, nangíng lunyu,
mrucút, dhawah têrús amblês ing bumi.
Katungkå dhatêngipún Bathårå Wisnu kaliyan Bathårå
Cåndrå inggíh sang Bådråmåyå lan pårå Déwå.
Mundhút prikså dhawahing musthikå.
Bathari Pratiwi matúr manawi musthika dhawah amblês
ing bumi.
Bathårå Wisnu kapranan dhatêng Bathari Pratiwi,
nanging rèhníng nuju nglampahi wajíb, milå lajêng
énggal bidhal nututi dhawahíng musthikå.
6. Madêg ing Kahyangan Saptåpråtåla. Sang Hyang
Antabogå dipún adhêp pårå Déwaníng bumi.
Katungkå dhawahíng musthika, lajêng têrús dipún untal
diníng sang Hyang Åntåbogå. Bótên watawís dangu
Bathårå Wisnu lan pårå Déwa dhatêng, nakèkakên Rêtnå
Dumilah.
Bathårå Åntåbogå ngandikå bótên mangêrtós.
Sulayaníng rêmbag, dadós påncåkårå ramé, Bathårå
Wisnu lan pårå Déwa mêngsah Bathårå Åntåbogå lan
pårå Déwaníng bumi.
Bathårå Åntåbogå ingkang malíh dadós någå agêng, dipún
cêpêng déníng pårå Déwå tansah mrucút lan lajêng ical
musnå.
Pårå Déwa kabingungan anggènipún madósi, kapêkså
lajêng sami wangsúl.
7. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalaka, Bathårå Guru
dipún sowani pårå Déwå sadåyå, matúr manawi bótên
sagêd manggihakên musthikå Rêtnå Dumilah.
Bótên watawís dangu katungka sowanipún Bathara
Åntåbogå, matúr sadåyå lêlampahanipún, sartå lajêng
ngaturakên musthikå Rêtnå Dumilah.
Dèrèng ngantós dipún tampèni Bathårå Guru, nangíng
lajêng dipún anggé rêbatan pårå Déwa, têmah musthika
Rêtnå Dumilah kabantíng ing sélå swargå, wadhahipún
rêmúk dadós sawalang walang, dadós sosotyå manékå
warnå, ing bénjíng lajêng kanggé rêrênggan ing balé
Småråkåtå, papan palênggahanipún Bathårå Indra
ingkang mranåtå pårå Déwå.
Déné isinipún rupi musthikå langkung èdi indah, kapujå
dadós Widådåri tigå,
1. Dèwi Widåwati inggíh Dèwi Tisnawati,
2. Dèwi Sri, lan
3. Dèwi Lokati inggíh Dèwi Rumingrat.
Nangíng sadåyå punika namúng jiwå satunggal abadan
tigå, mila ugi lajêng sinêbút Hapsari Triwati, Tri
têgêsipún tigå, déné Wati têgêsipún wanita musthikaníng
bawånå.
Kawêcå ing bénjíng badhé dadós baku undêran
lêlampahaníng gêsang, wóntên ing jaman nagari Lokåpålå,
Mahíspati, Ayodyå, Hastinå lan salajêngipún.
Sasampunipún punikå, Bathårå Åntåbogå lajêng nyuwún
pamit wangsúl dhatêng Kahyanganipún.
Hapsari Triwati piningid wóntên Kahyangan Junggríng
salåkå.
Bibaran paséwakan.
Madêg ing Kahyangan Tinjomåyå, Bathårå Guru sakaliyan
garwå Bathari Umå, ngrêmbag warni-warniníng
lalampahan wóntên ing jagad gumêlar.
Sasampunipún punikå, Bathara Guru lajêng tindak
sakaliyan garwå, lêlånå mriksani kawóntênaníng jagad
gumêlar.
Nalikå punika Bathara Guru sakaliyan garwå anggènipún
lêlånå ngambah wóntên sanginggilíng samodra ingkang
toyanipún biru wêníng kinclóng måyå måyå.
Nuju wanci sêrapíng suryå ambabar candhikålå,
(Candhikålå, asal saking têmbúng Candhi, têgêspún dipún
pêpêtri, dipún pèngêti.)
Déné Kålå, têgêsipún waktu, kadadósan, pêristiwa.
Dadós têmbúng Candhikålå, têgêsipún Pêristiwa utawi
kadadósan ingkang dipún candhi, dipún pêpêtri, dipún
èngêti.
Mêkaring båså, lajêng dadós Candhik-ålå utawi Candhík-
ayu) cahya abrít manékawarnå sumunar kadós sosotyå
binabar, såyå méwahi asri éndahing kawóntênan.
Bathari Umå såyå sakalangkúng sangêt sulistyaníng warni.
Bathårå Guru sakålå kadadak kasmaranipun, nêdyå
nandukakên asmårå wóntên ingriku.
Bathari Umå bótên nglanggati, margi taksíh wóntên ing
purúg.
Satêmah Bathårå Guru kadadak miyós kamanipún,
dhawah wóntên salumahíng samodra.
Bathårå Guru sangêt cuwå lan lajêng sakalangkúng dukå
tanpå riringa kadós rasêkså, mêdal siyungipun, astanipún
dadós sêkawan.
Anjambak rikmanipún ingkang garwå, nguntír astanipún
ingkang tansah anduwå ing karså, sarta napúk
pasuryanipún ingkang tansah jêrít-jêrít.
Satêmah Bathari Umå salah warni dadós rasêksi, ríkmå
gimbal, astå sêmu céko, pasuryan rasêksi, karunå jêrít-
jêrít.
Bótên watawís dangu Bathårå Guru radi lilíh dukanipún,
nglênggånå kalêpatanipún, mupús dumadósíng papêsthèn.
Namúng dumugi samantên anggènipún atut runtút
rèntèngan.
Bathari Umå kasantunan nåmå Bathari Dúrgå, kadhawuhan
manggèn wóntên ing Kahyangan Krêndhawåhånå inggíh
Kahyangan Sélå Mangumpêng.
Sadåyå sarmi mupús dumadósíng papêsthèn, lajêng sami
tindak sowang – sowang.
Bathårå Guru kondur dhatêng Kahyangan Junggríng
salåkå.
Kocap kåmå salah sakíng Bathårå Guru ingkang dhawah
salumahíng samodrå, têmah toyaníng samodra umób
bêntèr mawalikan, swantên gumlêgêr gêmurúh, damêl
gègèríng Kahyanganipún pårå Déwå.
Sami nuwèni dunungíng kang gårå – gårå. Ingriku katingal
wóntên unthúk bundêr agêng, nyuwantên gorå gêmurúh lan
måwå prabåwå sakalangkúng bêntèr ngêbêgi saindêríng
bawånå.
Pårå Déwå énggal sami namakakên sanjatanipún
piyambak piyambàk, amríh sirnanipún unthúk agêng kåmå
salah wau.
Nangíng kåmå salah kataman sanjatanipún pårå Déwå
bótên sírnå, lajêng dadós gåtrå titah rasêkså sakalangkúng
agêng, saranduníng badanipun kadadósan sakíng
sanjatanipún pårå Déwå.
Anggêrêng anggêro murugi pårå Déwå.
Pårå Déwå sami kagègèran lumajêng ngungsi dhatêng
pangayunaníng Bathårå Guru.
10. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru
nuju lalênggahan kaliyan Bathårå Narådå.
Katungkå sowanipún pårå Déwå, matúr sadåyå
kadadósanipún lêlampahan.
Bathårå Guru sampun ngrumaósi bilíh punikå kadadósan
sakíng kåmå salah.
Bótên watawís dangu kåmå salah ingkang rupi raksåså
sakalangkúng agêng, sowan wóntên ngarsanipún Bathårå
Guru, nyuwún pitakèn, sintên ingkang andamêl
piyambakipún.
Bathårå Guru ngandikå manawi Bathara Guru punikå
bapakipún.
Kåmå salah lajêng ngaraspådå, katadhahan ilunipún
ngantós tuntas, kacampúr lan toya Cålåkuthå, dadós wiså
ingkang sakalangkúng mandi.
Siyungipún kiwå têngên kacabút, ing bénjíng dadós
lêlandhêpíng dêdamêl Pasopati sartå kuntå Wijåyåcåpå.
(Ing bénjingipún, pêrang ingkang nganggé sanjata
wasiyatíng Déwå, asríng dipún wastani ‘Ngadu siyúng
Bathårå Kålå’)
Rikmanipún kabêdhól satêkêman, ing bénjíng dadós
kêndhêngíng sawarniníng gåndhiwå wasiyatíng Jawåtå.
Awít sakíng karsanipún Bathårå guru sartå pamrayo
ginipún Bathårå Narådå, Kåmå salah kaparingan nåmå
Bathårå Kålå, kapuríh angrabèni Bathari Durgå ing
Kahyangan Krêndhåwahånå. (Ing jaman kinå
makinanipún, jêjodhoanipún manungså taksíh kadós
satataníng kéwan ayam lan sasaminipún, båpå biyúng
angsal kaliyan anak utawi putunipún, sadhèrèk angsal
sadèrèk tunggíl biyúng, lan sasaminipún)
Kåmå salah Bathårå Kålå matúr sandikå, lajêng nyuwún
pamit.
Ing sakésahipún Bathårå Kålå, pårå Déwå sami prihatós,
nyunyuwún parimarmå lan pangaksamanipún Hyang kang
Måhå Kawåså.

Tancêp Kayón. Bathara Antaboga

9. Kocap kåmå salah sakíng Bathårå Guru ingkang dhawah
salumahíng samodrå, têmah toyaníng samodra umób
bêntèr mawalikan, swantên gumlêgêr gêmurúh, damêl
gègèríng Kahyanganipún pårå Déwå.
Sami nuwèni dunungíng kang gårå – gårå. Ingriku katingal
wóntên unthúk bundêr agêng, nyuwantên gorå gêmurúh lan
måwå prabåwå sakalangkúng bêntèr ngêbêgi saindêríng
bawånå.
Pårå Déwå énggal sami namakakên sanjatanipún
piyambak piyambàk, amríh sirnanipún unthúk agêng kåmå
salah wau.
Nangíng kåmå salah kataman sanjatanipún pårå Déwå
bótên sírnå, lajêng dadós gåtrå titah rasêkså sakalangkúng
agêng, saranduníng badanipun kadadósan sakíng
sanjatanipún pårå Déwå.
Anggêrêng anggêro murugi pårå Déwå.
Pårå Déwå sami kagègèran lumajêng ngungsi dhatêng
pangayunaníng Bathårå Guru.
10. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru
nuju lalênggahan kaliyan Bathårå Narådå.
Katungkå sowanipún pårå Déwå, matúr sadåyå
kadadósanipún lêlampahan.
Bathårå Guru sampun ngrumaósi bilíh punikå kadadósan
sakíng kåmå salah.
Bótên watawís dangu kåmå salah ingkang rupi raksåså
sakalangkúng agêng, sowan wóntên ngarsanipún Bathårå
Guru, nyuwún pitakèn, sintên ingkang andamêl
piyambakipún.
Bathårå Guru ngandikå manawi Bathara Guru punikå
bapakipún.
Kåmå salah lajêng ngaraspådå, katadhahan ilunipún
ngantós tuntas, kacampúr lan toya Cålåkuthå, dadós wiså
ingkang sakalangkúng mandi.
Siyungipún kiwå têngên kacabút, ing bénjíng dadós
lêlandhêpíng dêdamêl Pasopati sartå kuntå Wijåyåcåpå.
(Ing bénjingipún, pêrang ingkang nganggé sanjata
wasiyatíng Déwå, asríng dipún wastani ‘Ngadu siyúng
Bathårå Kålå’)
Rikmanipún kabêdhól satêkêman, ing bénjíng dadós
kêndhêngíng sawarniníng gåndhiwå wasiyatíng Jawåtå.
Awít sakíng karsanipún Bathårå guru sartå pamrayo
ginipún Bathårå Narådå, Kåmå salah kaparingan nåmå
Bathårå Kålå, kapuríh angrabèni Bathari Durgå ing
Kahyangan Krêndhåwahånå. (Ing jaman kinå
makinanipún, jêjodhoanipún manungså taksíh kadós
satataníng kéwan ayam lan sasaminipún, båpå biyúng
angsal kaliyan anak utawi putunipún, sadhèrèk angsal
sadèrèk tunggíl biyúng, lan sasaminipún)
Kåmå salah Bathårå Kålå matúr sandikå, lajêng nyuwún
pamit.
Ing sakésahipún Bathårå Kålå, pårå Déwå sami prihatós,
nyunyuwún parimarmå lan pangaksamanipún Hyang kang
Måhå Kawåså.

Tancêp Kayón.

Bathara Kala
1. Jêjêr ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru
miyós siniwåkå, dipún adhêp Bathårå Narådå lan pårå
Déwå.
Ngrêmbag kawóntênaning lêlampahan lan papêsthèníng
dumadi.
Bótên watawís dangu katungkå sowanipún Bathårå Kålå.
Nyuwúm papancèníng têdhanipún, awít têtêdhan ingkang
kålå rumiyín namúng bangsanipún lêlumutan lan
gêgódhóngan, ing sapunika sampún bótên marêmakên.
Milå lajêng nêdhå bangsaníng kéwan lan ugi asríng nêdha
manungså.
Nangíng punikå kacariyós bótên dipún parêngakên.
Awít sakíng punikå Bathårå Kålå nyuwún palilah,ingkang
pundi ingkang dipún parêngakên.
Bathårå Guru ngandika manawi Bathårå Kålå bótên
dipún parêngakên nêdhå sato kéwan lan manungså
ingkang dèrèng kalêptan ing lêpat.
Bathårå Kålå dipún parêngakên nêdhå gólónganipún sato
kéwan, sartå ugi manungså, ingkang nandhang lêpatíng
dumadi, antawisipún inggíh punikå:
01. Ontang-antíng, laré ingkang bótên gadhah sadhèrèk.
02. Kêdhånå-kêdhini, sadhèrèk namúng kalíh, jalêr
kaliyan èstri.
03. Kêmbar, laré lahír sarêng sadintên, jalêr sami jalêr
utawi èstri sami èstri.
04. Dhampit, laré lahír sarêng sadintên, jalêr kaliyan
èstri.
05. Góndhang-kasíh, laré lahír kêmbar, satunggal pêthak
bulé, satunggalipún bótên.
06. Tawang gantungan, laré kêmbar, lahiripún sarênti
antawís dintên.
07. Sakrêndhå, laré lahír sarêng sadintên mêdal kalíh
utawi langkúng sartå tunggíl sabungkús.
08. Wungkús, laré lahír bungkús.
09. Wungkúl, laré lahír tanpå ari ari
10. Tibå sampir, 1aré lahír kalúng usús.
11. Tibå ungkêr, 1aré lahír kagubêd ing usús, sartå
mêdalipún mawi sêsakít bótên sagêd nangís.
12. Jêmpinå, laré1ahír dèrèng mangsanipún, kadóstå
sawêg ngumúr pitu utawi wólúng wulan.
13. Margånå, laré lahiripún nuju ibunipún lumampah
ing margi.
14. Wahånå, laré lahír nuju wóntên salêbêtíng pajagóngan
utawi paraméan.
15. Julúngwangi, laré1ahiripún nuju wanci palêthèkíng
suryå.
16. Julúngsungsang, laré lahír ing wanci têngangé
17. Julúngsarab, laré lahír nuju wanci ngajêngakên
sêrapíng súryå.
18. Julúngpujúd, laré lahír wanci sêrapíng súryå.
19. Sêkar sêpasang, sadhèrèk kalíh sami stri.
20. Ugêr ugêr-lawang, sadhèrèk kalíh sami jalêr.
21. Sêndhang kapít pancuran, sadhèrèk tigå, jalêr, èstri,
lajêng jalêr malíh.
22. Pancuran kapít sêndhang, sadhèrèk tiga, èstri, jalêr,
lajêng èstri malíh.
23. Sarombå, sadhèrèk sêkawan jalêr sadåyå.
24. Sarimpi, sadhèrèk sêkawan, èstri sadåyå.
25. Pandhåwå utawi Pancå putrå, sadhèrèk gangsal jalêr
sadåyå.
26. Pandhåwi utawi Pancå putri, sadhèrèk gangsal èstri
sadåyå.
27. Pipilan, sadhèrèk gangsal, èstri sêkawan lajêng jalêr.
28. Padangan, sadhèrèk gangsal, jalêr sêkawan lajêng
èstri.
29. Siwah utawi Sléwah, laré sléwah
30. Krêsnå, laré cêmêng mulús.
31. Wunglé laré bulé.
32. Walikå, laré ajang.
33. Bungkúl, laré bungkúk wiwít sakíng lahír.
34. Dhêngkak, laré bucu ing ngajêng wiwít saking lahír.
35. Butún, 1aré bucu ing wingkíng wiwít sakíng lahír.
36. Wujíl, 1aré céból.
Bathara Guru
Kajawi punikå taksíh kathah panunggilanipún ingkang kalêbêt aradan dadós têdhanipún Bathårå Kålå, ingkang tuwúh sakíng pandamêlipún piyambak. Nangíng bótên kêdah karuwat mawi upåcåra agêng. Cêkap namúng caós sêsaji lan puji donga (nglêbúr doså) élíng waspådå.
Margi gêsang punika têmtu nandhang kalêpatan, antawisipún inggíh punikå:
01. Tiyang damêl griyå énggal mawi kajêng bang bangan
lungsúran.
02. Tiyang damêl bagéyaníng griyå mawi tilas sanggar
utawi cungkúp.
03. Tiyang ngadêgakên griyå månggåséså, inggíh punikå
antawisipún, êmpyak sasisíh sampún kaêtrapakên,
ingkang sasisíh dangu bótên dipún rampungakên.
04. Tiyang damêl griya tanpå tutúp kéyóng.
05. Tiyang damêl griyå utawi dandósan mawi dêlíng wóng
wang.
06. Kontên lan candhélaníng griyå sadalu natas bótên dipún
tutúp, mångkå bótên kanggé kapêrluan.
07. Ngadêg dangu wóntên satêngahíng kóntên.
08. Dangu gandhulan kóntên lan lêndhêtan gêdhègíng griyå.
09. Nugêlakên gandhík utawi pipisan.
10. Ambucal uwúh wóntên lóngan utawi wóntên salêbêtíng
griyå.
11. Damêl pawuhan cakêt kaliyan griyå.
12. Damêl sumúr énggal wóntên sangajêngíng griyå lêrês,
utawi wóntên salêbêtíng griyå.
13. Nanêm lung lungan lan sasaminipún wóntên
sangajêngíng griyå lêrês.
14. Bótên ngopéni lan siyå dhatêng kapal, maéså, lêmbu lan
sasaminipún.
15. Bótên mraduli dhatêng pantún, pålåwijå lan
sasaminipún.
16. Nêdhå nilar kókóh kathah, rêmên damêl sêkúl wadhang
lan sasaminipún.
17. Bótên ngajèni mêmundhi dhatêng båpå babu lan
lêluhuripún.
18. Bótên ngajèni mêmundhi dhatêng candhi candhi
patilasaning lêluhuripún.
19. Kunarpå lumampah, kêkésahan têbíh piyambakan ing
wanci têngah dalu utawi têngah siyang.
20. Bathang ucap ucap, tiyang kalíh kêkésahan têbíh tilar
kaprayitnan.
21. Gótóng-mayít, tiyang tigå kêkésahan têbih tilar
kaprayitnan.
Lan taksíh kathah malíh panunggilanipún.
Bathårå Kålå sasampunipún kaparingan pêprincèníng têdhå, lajêng nyuwún pamít, nuntên bidhal.
Ing sakésahipún Bathårå Kålå, Bathårå Narådå lan pårå Déwå sami munjúk, manawi sangêt kaladúk anggènipún maringi pêprincèníng têdhå dhatêng Bathårå Kålå.
Nangíng Bathårå Guru ngandika, bilíh sadåyå wau sampún kalêbêt lêlampahaníng dumadi. Sadåyå sami kabingungan.
Sasampunipún karêmbag matêng, supadós budi dåyå énggal nyirêp lan ngalang-alangi kadadósaning dumadi ingkang bótên prayogi punika wau, sarånå dipún ruwat.
Bathårå Guru lajêng dhawúh dhatêng Bathårå Narådå, kadhèrèkakên pårå Déwa, dhatêng Kahyangan Ngutåråsagårå, manggihi Bathårå Wisnu, mundhút tulúng kapuríh ngruwat mêmålå sukêrtaníng manungså, ingkang dadós mangsanipún Bathårå Kålå.
Bathårå Narådå lan pårå Déwa matúr sandikå, nyuwún pamít, lajêng bidhal.
Bibaran paséwakan. Bathårå Guru ngadhatón ing Tinjomåyå.

Bathara Narada
2. Madêg ing Rêpat kapanasan. Bathårå Narådå, Bathårå
Indrå, Bathårå Bråmå, Bathårå Sambo, Bathårå Payu lan
sadåyå pårå Déwå.
Samåptå ing damêl, lajêng bidhal, prampógan Déwå
ngråtå margi.
3. Madêg ing dhukúh Babadan talatah Mêdhangkawít,
råndhå Sêmbådå inggíh råndhå Sêmawít lênggah dipún
adhêp anakipún jalêr ontang antíng, nåmå Jåkå Jatús,
dipún pituturi ing rèh tåtåkramaning gêsang.
Dipún dhawuhi adús dhatêng sêndhang Nirmålå ing talågå
Madirdå, supadós sagêd suci kalís sakathahíng mêmålå
lan bêbåyå.
Jåkå Jatús ngèstókakên dhawúh, nyuwún pamít, lajêng
bidhal.
Lampahipún Jåkå Jatús kalís ing rubda. Sarêng dumugi
ing sêndhang Nirmålå, lajêng anggêbyúr adús kungkúm.
Sigêg.
4. Madêg ing Kahyangan Sêlaman gumpêng inggíh ing
Kahyangan Krêndhåwahånå, Bathari Dúrgå dipún adhêp
Jurumåyå, Rinumåyå, Jåråmåyå, manggihi rawuhipún
Bathårå Antågå.
Wawartós bab badhé dumadósíng lêlampahan manékå
warnå wóntên ing jagad paraméyan.
Bótên watawís dangu Bathårå Kålå dhatêng.
Wawartós manawi sampún dipún paringi pêprincèn
têtêdhan kathah sangêt. Nyuwún pamít, nêdyå padós
têtêdhan.
Bathårå Antågå tumút andombani, manjíng dhatêng
hangganipún Kyai Téjåmantri inggíh Kyai Tógóg.
Nuntên bidhal
Ing samargi-margi Bathårå Kålå tansah nêdhå nadhah
mêmångså pårå manungså ingkang sampún kalêbêt
aradan.
Andadósakên girís mirisipún bêbrayan gêsang nalikå
samantên.
Lampahipún Bathårå Kålå kapanggíh Jåkå Jatús ingkang
nuju mêntas adús sakíng sêndhang Nirmålå. Nêdyå dipún
tadhah kålåmångså, nangíng Jåkå Jatús sanjang manawi
badanipún sampún suci, sampún adús wóntên ing
sêndhang Nirmålå.
Bathårå Kålå bótên mraduli, awít Jåkå Jatús punikå
laré ontang antíng. Lajêng dipún tubrúk, nangíng lêpat,
têrús lumajêng, dipún oyak.
Lampahipún Bathårå Kålå kapanggíh Bathårå Narådå
lan pårå Déwå.
Bathårå Narådå ngandikå, manawi Bathårå Kålå
anggènipún nêdhå mêmangsanipún namúng kanthi
lêlawaran gêsang gêsangan, awít sakíng dhawúhipún
Bathårå Guru, sapunika kêdah sarånå dipún pêjahi
langkúng rumiyín, dipún tamani bêdhåmå.
Manawi sampún pêjah, sawêg kéngíng katadhah kålå
mångså.
Bathårå Kålå matúr sandikå, lajêng dipún paringi sanjåtå
bêdhåmå.
Bathårå Narådå lan pårå Déwå nuntên nglajêngakên
lampah.
Déné Bathårå Kålå ugi nglajêngakên padós mêmangsan.
Sigêg.
5. Madêg ing Kahyangan Ngutåråsagårå, Bathårå Wisnu
dipún adhêp Bathårå Bådråmåyå.
Katungkå rawuhipún Bathårå Narådå lan pårå Déwå,
ngandika ngêmban dhawúh timbalanipún sang Hyang
Jagad Guru, dhawúh dhatêng Bathårå Wisnu supadós
ngruwat rêrêtuníng jagad ginêlar ingkang awit sakíng
pandamêlipún Bathårå Kålå.
Bathårå Wisnu matúr sandikå. Lajêng damêl rékådåyå
sarånå pagêlaran padhalangan wayang, Bathara Wisnu
dadós dhalang, nåmå dhalang Kåndhåbuwånå, Bathårå
Cåndrå Bådråmåyå dadós panjak pangêndhang,
panggêndèr Bathårå Narådå, pangrêbab Bathårå Indrå,
panylênthêm Bathårå Bråmå, pangênóng Bathårå Sambo,
pangêgóng Bathårå Bayu.
Déné ingkang nyarón imbal lan nyulíng Bathårå Patúk lan
Bathårå Tamburu. Sadåyå sami santún busånå lan santún
nåmå.
Sasampunipún samaptå sadåyå dalah wayang
sapirantósipún, lajêng sami bidhal ambarang.
Lampahipún samargi margi kaliyan ngruwat pårå ingkang
sami nandhang mêmålå sukêrtå.
Kapanggíh Jåkå Jatús, dipún ayómi, kapuríh tumút
ngêthúk. Nuntên sami nglajêngakên lampah.
Kocap Bathårå Kålå anggènipún ngoyak-oyak Jåkå Jatús
kabingungan bótên sagêd kapanggíh.
Sakíng sayahipún, lajêng tilêm sêsênggóran wóntên
sangadhapíng wít randhuwånå. Sigêg.

Jaka Jatus
6. Madêg ing dhusún Dhadhapan (Namaníng dhusún lan
sapiturutipún ingkang kagungan karså ruwatan), Kyai
Dhadhapmantêp (Namanipún ingkang kagungan karså
ruwatan, pún Kråmå, pún Dipå lan sasaminipún)
sakaliyan garwå lan putranipún putri ontang-antíng
(Namanipún laré ingkang dipún ruwat, putrå utawi putri
sartå kawóntênanipún, lan sasaminipún), nåmå Ni
Råråsati, sami lalênggahan manggihi ingkang paman nåmå
Buyút Tåpåwangkêng (Buyút Tåpåwangkêng sagêd dipún
gantós namaníng éyangipún lan sasaminipún)
Ngrêmbag gêgêríng kawóntênan. Kathah tiyang dhusún
ngadhusún ingkang sami girís mirís, margi sami kéngíng
aradan dadós mangsanipún Bathårå Kålå.
Buyút Tåpåwangkêng mituturi, bilíh wóntên sarananipún
amríh kalís sakíng aradan. Inggíh punika kapurih sasaji
pagêlaran wayangan Ruwatan, dhalang Kyai
Kåndhåbuwånå.
Kyai Dhadhapmantêp dalah kulawargå sami sêtuju, lajêng
nyuwún tulúng Buyút Tåpåwangkêng, ngupadósakên
dhalang Kåndhåbuwånå.
Buyút Tåpåwangkêng nyagahi, lajêng bidhal.
Lampahipún Buyút Tåpåwangkêng wóntên ing margi
manggihi Dhalang Kåndhåbuwånå lan sadayanipún.
Mrasajakakên kapêrluanipún Dhalang Kåndhåbuwånå
nyagahi, lajêng nêrangakên sarat sarananipún sasaji
Ruwatan.
Buyút Tåpåwangkêng nyagahi. Sadåyå lajêng sami bidhal
dhatêng wísmanipún Kyai Dhadapmantêp.
7. Madêg ing wismanipún Kyai Dhadhapmantêp, pêpak pårå
kulawargå, katungkå rawuhipún Dhalang Kåndhåbuwånå
lan sadayanipún. Sêsaji ruwatan sajangkêpipún sadåyå
sampún kacawisakên.
Dhalang Kåndhåbuwånå lajêng wiwít ngringgít.
Nalikå sawêg ramé raménipún têtabuhan talu wayangan,
ingriku wóntên wanitå ingkang nglahirakên jabang bayi,
mêdal êstri, lajêng kapasrahakên dhatêng Dhalang
Kåndhåbuwånå. Jabang bayi dipún tampèni, dipún
pangku, dipún mantrani, dipún namakakên Kên Ruwati.
Ugi nalikå punikå Bathårå Kålå kabrêbêgan mirêng
swanténíng têtabuhan talu wayang. Tangi tilêm, nyandhak
bêdhamanipún, lajêng murugi panggénaning ramé ramé.
Dumugi panggênaníng ruwatan, Bathårå Kålå sumêrêp
Jåkå Jatús wóntên ingriku, lajêng têrús dipún tubrúk.
Dhalang Kåndhåbuwånå waspådå, Bathårå Kålå dipún
balang tigan sajên, kéngíng tutukipun ingkang nuju
mangap, tigan kolu ing padharan, anggênipún nyêpêng
bêdhama mrucút.
Bathårå Kålå sangêt dukå, lajêng bantah kaliyan dhalang
Kandhåbuwånå. Rêhné kawón sêpúh Bathårå Kålå tansah
kawón bantahipún.
Mila lajêng manút dipún prayogêkakên, bilíh ing
salajêngipún Bathårå Kålå kéngíng mêmångså
aradanipún, manawi aradanipún wau bótên purún
ruwatan lan awas élíng.
Bathårå Kålå nyagahi, nyuwún pamít, lajêng késah têrús
tansah ngupadós mêmangsan dhatêng sintênå ingkang
lénå.
Ing sakésahipún Bathårå Kålå, dhalang Kåndhåbuwånå
wiwít ngringgít, kanthi pujåmåntrå sajangkêpipún.
Binarúng ing gêndhíng ladrang Élíng élíng laras Sléndro
pathêt Sångå, tabuhan sirêpan, kajantúr. Ngantós dumugi
sapari purnanipún.

Tancêp Kayón.
1. Jêjêr ing Kahyangan Surålåyå, Bathårå. Indrå miyós
siniwåkå wóntên ing balé Småråkåtå, dipún adhêp
Bathårå Bråmå, Bathåra Sambo, Bathårå Bayu lan pårå
Déwå.
Ngrêmbag Bathårå Guru anggênipún kapati tåpå wóntên
puncakíng wukír Mèru, talatah Hårgå Kailåså.
Sartå ugi wóntên ratuníng dênåwå sakti måndrågunå,
nåmå Prabu Kålå Nilårudråkå badhé ngêndhíh
panguwasaníng Déwå, sampún damêl bêtêng pakuwón
wóntên êrêng êrêngíng wukír Jamúrdipå, kanamakakên
bêtêng Sénåpurå, sartå ngangkat patíh, nåmå Patíh
Sénårudråkå.
Bótên watawís dangu Bathårå Narådå rawúh, dhawúh
supadós pårå Déwå sami anjagi tåpå bratanipún Bathårå
Guru, Bathårå Indrå kadhawuhan mundhút tulúng dhatêng
Bathårå Kåmåjåyå ing Kahyangan Cåkråkêmbang.
Sartå ingkang sabagéyaan kapuríh anduwå pangra
basanipún Prabu Nilårudråkå sawadyanipún.
Pårå Déwå sami matúr sandikå, lajêng bibaran
paséwakan.
Bathårå Narådå kondúr dhatêng Kahyangan Junggríng
salåkå, Bathårå Indrå kondúr ngadhatón.
2. Madêg ing Karang Kawidadarên Tinjomåyå. Bathari
Wiyati lan pårå widadari mêthúk rawuhipún Bathårå
Indrå, lajêng sami lênggah satåtå.
Ngrêmbag kawóntênaníng paséwakan.
Nalikå nêngah nêngahi punikå, ing Karang Kawidådarên
kadhawahan mulad, inggíh punika sosotyå adi ingkang
mancúr mancóróng cahyanipún.
Mulad kapujå têmah sirnå, babar dadós widådari pitu
cacahipún, kaparingan nåmå
1. Dêwi Supråba, têgêsipún cahya ingkang adi indah,
2. Dêwi Wilutåmå, têgêsipún wanitå utami,
3. Dêwi Warsiki, têgêsipún sêkar gambír ing kaswargan
ingkang gandanipún amrík arúm angambar,
4. Dêwi Suréndrå, têgêsipún widadari musthikaníng
Kahyangan Kaindran,
5. Dêwi Gagarmayang, têgêsipún mayang utawi sêkar
jambé ingkang nuju mêkar, sanépå mêrêngganíng
prawan sunthi suci murni.
Ugi atêgês mêgaríng sunar utawi måyå,
6. Dêwi Irim-irim, kadós sêkar adi indah ingkang tuwúh
ing toyå, ingkang amrík arúm angambar gandanipún,
lan
7. Dêwi Tunjúngbiru, kadós sêkar tunjúng têraté biru
ingkang tuwúh ing toya, minångkå pralambang túk
utawi sumbêring panggêsangan katrêsnan jati.
Pårå widådari sadåyå sampún sami nêdhênging birahi,
sadåyå lajêng sami lénggót båwå, inggíh punikå anjogêd
lan angidúng.
Sasampunipún punikå, Bathårå Indrå lajêng pamít dhatêng
garwå, bidhal dhatêng Kahyangan Cåkrå kêmbang.
Sigêg.

Bathara Indra
3. Madêg ing pasowanan jawi Rêpatkapanasan.
Bathårå Bråmå lan pårå Déwå, tåtå-tåtå siyågå ing damêl,
lajêng bidhal.
Prampógan Déwå ngråtå margi, pêpêdhút lan
sasaminipún.
4. Madêg ing pakuwón Sénåpurå, Prabu Kålå Nilårudråkå,
dipún adhêp Patíh Sénårudråkå, angginêm gêlaríng prang.
Katungkå dhatêngipún pårå Déwå, ambangsulakên
pikajênganipún Prabu Kålå Nilårudråka sawadyå.
Sulayaníng rêmbag, dadós pêrang, pårå Déwå sami
kasoran, lajêng sami ngunduri, tutúp sakèthèng,
wadyåbåla yakså ngêpúng Kahyangan Surålåyå.
5. Madêg ing Kahyangan Krêndhåwahånå, Bathari Dúrgå
dipún adhêp wadyå bajobarat, nampi sowanipún lêmbu
Nandini, kalangênanipún sang Umaran ing nagari Parasu,
matúr nêdyå sóróh amúk dhatêng Kahyangan Junggríng
salåkå, bótên narimahakên déné Dèwi Umå Umaran
dipún pisakít lan dipún pêgat diníng Bathårå Guru, ing
sapunikå dadós Bathari Dúrgå, rupi rasêksi.
Bathari Durgå angrójóngi sêdyanipún lêmbu Nandini,
lajêng sami bidhal, nêdyå malês ukúm dhatêng Bathårå
Guru.
Lêmbu Nandini dipún titihi Bathari Durgå dipun iríng
pårå wadyå bajobarat.
6. Gårå-gårå Kyai Téjamantni sakíng tanah sabrang dhatêng
tanah Jawi, ngongasakên kasêktèn kalangkunganipún.
Sadåyå ingkang dipún tantang sami ajríh.
Wusånå kapanggíh Kyai Bådråmåyå, lajêng tantang
tantangan ngabên kasaktèn kalangkungan, lajêng tantang
tantangan nguntal rêdi.
Sintên ingkang sagêd kolu nguntal rêdi pusêr tanah Jawi,
inggih punikå ingkang mênang. Kyai Bådråmåyå
anggènipún nêdhå rêdi dipún puluki saking sakêdhík,
wêkasan sagêd têlas.
Déné Kyai Téjamantri rêdi satunggal dipún untal malang,
bótên sagêd kolu, malah lajêng suwèk cangkêmipun,
padharanipún mlêmbúng, dhawah kantåkå.
Kyai Bådråmåyå lajêng késah sakíng ngriku.
Kocap wóntên titah gólónganíng siluman sakíng jagad
Wétanan, nåmå Bikíng, inggíh Kyai Såråhita, dhatêng ing
pusêring tanah Jawi.
Sumêrêp Kyai Téjamantri kantåkå, lajêng dipún usadani,
têmah waluya. Sakalihipún lajêng sami nutugakên
lampah, wangsúl dhatêng tanah sabrang.
Sigêg.

Kyai Tejamantri
7. Madêg ing Kahyangan Cakråkêmbang, Bathårå Kåmåjåyå
sakaliyan garwå Bathari Ratih, manggihi Kyai
Bådråmåyå.
Bótên watawís dangu katungkå rawuhipún Bathårå Indrå,
mundhút tulúng Bathårå Kåmåjåyå supadós
ambadharakên Bathårå Guru anggènipun tåpåbråtå.
Bathårå Kåmåjåya matúr sandikå. Bathårå Indrå pamít
wangsúl.
Bathårå Kåmåjåyå pamít dhatêng garwå, bidhal badhé
ngayahi tutulúng karibêtaníng pårå Déwå.
Bathari Ratih anggondêli paprènèsan.
Wêkasan Bathårå Kåmåjåyå lajêng bidhal, kadhèrèkakên
Kyai Bådråmåyå minångkå dadós pånåkåwån, têgêsipún,
kawan utawi mitrå ingkang sampún pånå mangrêtós
sayêktós ing sadayanipún.
Ing sabidhalipún Bathårå Kåmåjåyå, Bathari Ratíh
rumaós bótên sagêd pisah kaliyan kakúng, milå lajêng
nusúl bidhal nututi ingkang kakúng, kadhrèkakên parékan.
8. Madêg pucakíng wukír Mru, Bathårå Guru kapati mêsu
tåpåbråtå, margi sakíng anggènipún sampún kapêdhótan
trêsnå kaliyan garwå, sartå anggènipún nglêngganani ing
kalêpatan-kalêpatanipún.
Bótên watawís dangu Bathårå Kåmåjåyå sowan, ngaturi
supadós mudhar anggènipún tåpåbråtå, sartå ngaturi
uningå manawi Kahyangan kancikan mêngsah råjå
dênåwå ingkang sampún ngêpang Kahyangan Surålåyå.
Nangíng Bathårå Guru namúng kèndêl kémawón.
Bathårå Kåmåjåyå lajêng namakakên sanjatanipún rupi
sawarnining sêkar sêkar ingkang nuju ambabar gåndå
amrík arúm angambar, inggíh punika ingkang dipún
wastani sanjåtå Cåkråkêmbang, ngundhúng-undhúng
kadós gunúng, ngurugi hangganipún Bathårå Guru, têmåh
lajêng saré.
Ing salêbêtipún saré, Bathara Guru supênå kapanggíh
putri sakalangkúng ayu sangêt, nåmå Dèwi Parwati,
putrinipún Bathårå Giri ing Kahyangan Girimåyå.
Kacuwan dèrèng kalêgan, amargi lajêng wungu saré.
Satêmah duka bramåntyå dadós rasêkså nétranipún tigå,
bêbisík sang Hyang Rudrapati. Nétranipún ingkang têngah
sakalangkúng bêntèr sangêt, nyórót Bathårå Kåmåjåyå,
têmah kóbóng dadós awu.
Bathårå Rudrapati lajêng jumangkah nêdyå ngupadósi
dunungipún Dèwi Parwati.

Kyai Sarahita
. Madêg ing Kahyangan Girimåyå, sang Hyang Giri kaliyan
putranipún putri, Dèwi Parwati.
Katungkå rawuhipún sang Hyang Rudrapati, nêdyå
mundhút garwå Dèwi Parwati.
Sang Hyang Giri matúr manuhårå ngrêrêpå lan sumånggå
ing karså.
Satêmah sang Hyang Rudrapati lilíh dukanipún, babar
dadós sajatinipún Bathårå Guru.
Bótên watawís dangu katungkå dhatêngipun Bathari
Durgå kaliyan lêmbu Nandini, kairíng wadyå bajobarat.
Bathari Durgå matúr, sanadyan kålå rumiyín sampún
narimah dumadósíng papasthèn, pisah kahiyan Bathårå
Guru, nangíng ing wêkdal punikå lêmbu Nandini ingkang
bótên narimahakên, déné gusti mómónganipún rumiyín
manggíh siyå.
Sulåyå ing rêmbag, lajêng dadós pancåkåra, Bathårå Guru
mêngsah lêmbu Nandini, wêkasan lêmbu Nandini kasór
yudanipún, dipún titihi déníng Bathårå Guru, lan lajêng
ngandika dhatêng sang Bathari Durgå inggíh sang Bathari
Umå Umaran ing sapunika kawadhaganipún pisah kahiyan
Bathårå Guru, nangíng sajatósipún jiwanipún têtêp
manunggil dadós garwanipún, lan sajiwå kaliyan Déwi
Parwati.
Awít sakíng punikå Dèwi Parwati ugi lajêng dipún sêbút Bathari Uma.
Sasampunipún sadåya sami narimah, Bathårå Guru lan
garwå Dèwi Uma Parwati pamít dhatêng sang Hyang
Giri, nêdyå wangsúl dhatêng Kahyangan
Junggríngsalåkå.
Bathari Durga lan pårå pandhèrèkipún ugi pamit wangsúl
datêng Kahyanganipún.
Sang Hyang Giri nyumanggakakên. Sadåyå lajêng sami
bidhal.
10. Kocap Bathari Ratíh lampahipún sampún dumugi ing
wukír Mêru, sumêrêp kakungipún dadós awu, dipún
rungkêbi dipún tangisi.
Katungkå rawuhipún Bathårå Guru lan garwå nitíh
lêmbu Nandini.
Bathari Ratíh matúr kalårå lårå nêdyå bélå pêjah kaliyan
kakungipún.
Bathårå Guru trênyúh ing panggalíh, nglênggånå
dumadósíng lêlampahanipún.
Awunipún Bathårå Kåmåjåyå lajêng dipún tètèsi toyå
Amrêtå, têmah waluyå gêsang malíh, lajêng pêpasihan
kaliyan garwå.
Bathårå Guru ugi inggíh lajêng pêpasihan langên asmårå
kaliyan garwå, satêmah Dèwi Umå Parwati anggarbini.

Bathårå Kåmåjåyå
11. Madêg ing Kahyangan Surålåyå, Bathårå Indrå, Bathårå
Bråmå, Bathårå Sambo, Bathårå Bayu lan pêpak pårå
Déwå, nampi rawuhipún Bathårå Narådå, ngandikå,
bilíh ing sapunika Dèwi Umå Parwati sampún
anggarbini.
Miturút wangsitipún Hyang Måhå Kawåså, bilíh Prabu
Kålå Nilårudråkå sawådyå, mêngsahipún pårå Déwå
ingkang sakalangkúng sakti måndrågunå auggêgirisi
bótên badhé sagêd dipún kawónakên déning síntên
kémawón.
Nanging badhé sirnå tumpês lêbúr ing bénjíng, mêngsah
kaliyan putranipun Dèwi Umå Parwati, ingkang rupi
raksåså muståkå dwipånggå.
Sagêdipún kalampahan kadós makatên, kanthi sarånå
Bathårå Indrå kadhawuhan damêl gårågodhå, nitíh
kalangênanipún dwipånggå Héråwånå, ngajrih-ajrihi
Dèwi Umå Parwati. Bathårå Indrå matúr sandikå
ngèstókakên dhawúh, lajêng bidhal.
12. Ing Kahyangan Tinjomåyå Junggríngsalåkå, Bathari Umå
(Têmbúng Uma punika asal sakíng båså Sanskritå,
sêsêbutaning panêmbah AUM, Agni, Udaya lan Marutå,
Gêni, Banyu lan Angín. Manawi kêmpal kaliyan Bumi,
lajêng dadós adón adón blêgêríng manungså. Têmbúng
Aum asríng dadós Óm utawi Hóng) nuju lênggah
piyambakan, katungkå dhatêngipún Bathårå Indrå nitíh
dwipånggå Hérawånå, nyuwantên sorå anggêgirisi
binarúng gêbrugíng lampah lan pangêmprètíng gajah.
Dèwi Umå sakalangkúng kagèt lan sangêt ajríh.
Lumajêng ngrungkêbi pangkónipún Bathårå Guru,
kadadak miyósipún jabang bayi, sarirå raksåså muståkå
dwipånggå, dipún adusi toyå gégé têmah déwåså,
kanamakakên Bathårå Gånå (Bathårå Gånå utawi
Bathårå Ganéså punika dadós lambangíng
Kawicaksanan). Inggíh Bathårå Ganéså.
Katungkå sowanipún Bathårå Narådå lan pårå Déwå,
ngaturakên sadåyå kawóntênan. Sartå matúr bilíh putrå
pún Bathårå Gånå punikå ingkang kawêcå badhé sagêd
nyirnakakên Prabu Kålå Nilårudråkå sawadyanipún
ingkang damêl pêpêtêngíng Kahyangan Surålåyå.
Bathåra Guru marêngakên ingkang putrå pún Bathårå
Gånå kamêngsahakên kaliyan Prabu Kålå Nilårudråkå
sawadyå balanipún.
Sasampunipún samaptå sadayanipún, Bathårå Gånå lan
pårå Déwa sadåyå lajêng sami bidhal dhatêng
pakuwónipún mêngsah.
13. Madêg pakuwóníng mêngsah ing Sénåpurå.
Prabu Kålå Nilårudråkå, Patíh Sénarudråkå lan pårå
wadyåbålå yakså pêpak.
Ngrêmbag sampún dangu sangêt anggènipún ngrabåså
ngêpang kahyangan Surålåyå, dèrèng wóntên
kawusananipún.
Putusaníng pambudi, sapunika nêdyå dipún rosani,
ngêtóg sadåyå kêkiyatan anggêmpúr anjêból Kahyangan.
Sadåyå sampún sami samaptå.
Bótên watawís dangu katungkå dhatêngipún pårå Déwå
sawadyanipún, dadós campúh prang ramé.
Wêkasan Prabu Kålå Nilårudråkå pêjah déníng Bathårå
Gånå, sarta ugi Patíh Sénårudråkå pêjah diníng Bathårå
Gånå.
Wadyåbålå yakså dhadhal mawút sírnå lêbúr gusís
tapís.
Bathårå Bayu tayungan, lajêng sami wangsúl dhatêng
Kahyangan.
14. Madêg ing kahyangan Junggríngsalåkå, Bathara Guru,
Bathårå Narådå lan pårå Déwå pêpak. Sadåyå sami
sukå sukå kalís ing bêbåyå.

Tancêp Kayón.
sang Nåtåddéw
Bathårå Gånå
1. Jêjêr ing Kahyangan Surålåyå, sang Nåtådéwå Bathårå
Indrå miyós siniwåkå, dipún adhêp pårå putrå, Bathårå
Citråråtå, Bathårå Citråsénå, Bathårå Harjuwinångå
inggíh Bathårå Harjunåwångså, lan pêpak pårå Déwå.
Ngrêmbag gårå-gårå ing Kahyangan, margi sakíng
Bathårå Bråmå sampún dangu anggènipún tåpåbråtå
wóntên ing Kahyangan Hargådåhånå, rêdi latu ingkang
murúb mangalad-alad bótên kéngíng ing pêjah, sapêrlu
nyuwún jodho ingkang pinasthi, dadós sêsêmbahanipún
pårå janmi.
Sartå ugi ing wêkdal punika wóntên råjå raksåså ing
pråjå Gilíngåyå, jêjulúk Prabu Kålå Iråmbå, kapati
brangtå nyuwún jodho widadari Dèwi Supråbå.
Bótên watawís dangu Bathårå Narådå rawúh, ngêmban
dhawúh timbalanipún sang Hyang Jagad Guru, kapuríh
ambangsulakên panyuwunipún Prabu Kålå Iråmbå.
Margi miturút wawatón, bangså raksåså punikå
jodhonipún rasêksi, Déwa Dèwi, hapsårå hapsari, satriyå
lan putri, tuwín sapiturutipún.
Bathårå Indrå matúr sandikå ngèstókakên dhawúh.
Bathårå Narådå wangsúl dhatêng Kahyanganipún.
Bibaran paséwakan.
2. Ing Karangkawidådarèn Tinjomåyå, Bathari Wiyati lan
pårå widådari sami mêthúk konduripúnå
Bathårå Indrå.
Sasampunipún sami satåtå lênggah, nuntên sami
pangandikan kawóntênaníng paséwakan.
Lajêng bibaran, Bathårå Indrå miyós ing njawi.
3. Madêg ing Rêpatkapanasan, Bathara Citråråtå, Bathårå
Citråsénå, Bathårå Harjunåwångså lan pårå Déwa tuwín
wadyå dorandårå.
Mranåtå siyågå gêlaríng prang, sasampunipún samaptå
sadåyå, lajêng bidhal, sami nitíh têtumpakanipún
piyambak piyambak.
Prampógan Déwa ngråtå margi nyingkirakên pêpêdhút.
Bathårå Harjuwinångå
4. Madêging pråjå Gilingåyå, Prabu Kålå Iråmbå, Patíh
Kålå Wisudhåyakså, êmban yaksi Nyai Tumênggúng
Layarmêgå, bupati sêpúh Kålå Sindhúngriwút, lan pêpak
pårå wadyå yakså.
Prabu Kålå Iråmbå tansah gandrúng gandrúng Dèwi
Supråbå.
Manawi bótên dipún parêngakên, nêdya ngrisak
Kahyangan.
Nyai Tumênggúng Layarmégå tansah ambómbóng lan
mrayógakakên, supadós langkúng rumiyín utusan wadyå
punggåwå pangarså, nglamar dhatêng Kahyangan
Surålåyå.
Sang prabu andhahar ing atúr, lajêng utusan Dityå Kålå
Pragålbå, mundhi nawålå panglamar. Bibaran
paséwakan.
5. Ing pasowanan jawi dênåwå, Dityå Kålå Pragålbå, Kålå
Sonåpracékå, Kålå Córómóndó, Kyai Téjåmantri,
Såråhitå lan wadyå dityå. Ngrêmbag tåtå tåtå ing damêl,
lajêng bidhal.
6. Madêgíng wånå Krêndhåwahånå, Bathårå Gånå kapati
tåpå bråtå, sêmadi maladi hêníng, nyuwún dhatêng Hyang
Måhå Kawåså, sagêda ruwat anggènipún salah kadadèn,
rupi dênåwå muståkå dwipånggå.
Bótên watawís dangu Bathari Durga rawúh, paríng sabdå,
milanipún salah kadadèn rupi dênåwå múståkå
dwipånggå, margi nalikå samantên nuhóni wêcaníng
papasthèn, bilíh Prabu Kålå Nilårudråkå punika satuhu
sakalangkúng sakti måndrågunå, bótên wóntên titah ing
marcåpådå ingkang sagêd ngasórakên kasêktènipún,
kajawi ing bénjíng putranipún Bathårå Guru ingkang
miyós salah kadadèn, rupi dênåwå muståkå dwipånggå.
Wêkasan kalaksanan, Prabu Kålå Nilårudråkå sawadya
sagêd sirnå déníng Bathårå Gånå, sírna mêmalaníng
Déwå.
Nangíng ing sapunika sampún kalamangsanipún Bathårå
Gånå rinuwat dadós rupi bagús, kanthi sarånå kapuríh
têtulúng malíh karépótaning Déwå, nyirnakakên råjå
dênåwå Prabu Kålå Iråmbå sawadyå ingkang nêdyå
ngrisak Kahyangan Surålåyå.
Bathårå Gånå ngèstókakên dhawúh, nyuwún pamít, lajêng
bidhal.
Lampahipún Bathårå Gånå samargi margi tansah têtulúng
dhatêng pårå janmi ingkang ambêtahakên, inggíh punikå
ingkang dipún wastani tåpå Ngramé.
Kocap lampahipún Dityå Kålå Pragalbå sawadyå sampún
ngambah èrèng èrèngíng wukír Jamúrdipå, kapapag
Bathårå Citråråtå sawadyå.
Sulayaníng rêmbag, dadós prang Bótên watawís dangu
Bathårå Gånå dhatêng ambantu prang pårå Déwå,
wêkasan pårå dênåwå kasór pêrangipún, sami lumajêng
ngunduri.
Bathårå Gånå lan Bathårå Citråråtå sawadya ngêmpal
dadós satunggal, sami nutugakên lampah.
Dityå Kålå Pragalbå
7. Madêg ing Kahyangan Utåråsagårå inggíh Kahyangan
Swargåutårå, Bathårå Wisnu manggihi rawuhipún sang
Hyang Ismåyå lan wayahipún Kyai Bådråmåyå.
Sang Hyang Ismåyå ngandika nêdyå nglajêngakên
nitipakên wayahipún pún Bådråmåyå, dadóså pånåkawan
kanthinipún Bathårå Wisnu, mómóng ing saturún
turunipún.
Kyai Bådråmåyå punikå kalêrês wayahipún, putranipún
sang Hyang Bóngkóngan.
Mila manawi wóntên wigatósipún, sang Hyang Ismåyå
sagêd manunggal dhatêng Kyai Bådråmåyå.
Mila Kyai Bådråmåya manawi dadós pamómóng, mawi
båså kråmå.
Nangíng manawi katitisan sang Hyang Ismåyå dhatêng
pårå Déwå lan sadayanipún mawi båså ngoko.
Sang Hyang Ismåyå ugi ngandika, manawi Bathårå Bråmå
anggênipún tåpå bråtå sampún wancinipún katarimah,
badhé angsal jodho kang pinasthi, inggíh punika widådari
swargå ingkang kakasíh Bathari Saraswati.
Mila Bathårå Wisnu kadhawuhan têtulúng dadós
lêlantaran kapanggihipún Bathari Saraswati kaliyan
ingkang råkå Bathårå Bråmå.
Ing sakonduripún Sang Hyang Ismåyå, Bathårå Wisnu
lajêng bidhal, kadhrêkakên Kyai Bådråmåyå.
Lampahipún Bathårå Wisnu lan panakawan ngambah
wånå wåså, kapapag wadyå dityå sakíng Gilíngåyå.
Sulayaníng rêmbag, dadós prang, pårå dênåwå sírnå
pêjah sadåyå.
Bathara Wisnu nglajêngakên lampah.
8. Madêg ing Kahyangan Swargåkawidådarên, Bathari
Saraswati pangayóman ing kagunan kabudayan, sartå
båså kasusastran, nalika punika nuju kapati sêmadi,
katungkå dhatêngipún Bathårå Wisnu, mundhi dhawuhipún
sang Hyang Ismåyå, awit sakíng wêcanipún sang Hyang
Wênang, kadhawuhan andhêrêkakên Bathari Saraswati
tindak dhatêng Kahyangan Hargådahånå.
Bathari Saraswati amúng sumanggå, lajêng sami bidhal.
9. Madêg ing Kahyangan. Hargådahånå, Bathårå Bråmå
kapati tåpåbråtå.
Katungkå dhatêngipún Bathårå Indrå, nênggani wóntên ing
sandhíngipún.
Bótên watawís dangu katungkå rawuhipún Bathårå Wisnu
lan panakawan andhêrêkakên Bathari Saraswati ingkang
katingal gumêbyar mancóróng cahyanipún, nyunari
hangganipún Bathårå Bråmå, satêmah lajêng mudhar
anggênipún sêmadi, kasmaran dhatêng Bathari Saraswati.
Bathårå Wisnu ngaturakên sadåyå dhawúh Bathårå Bråmå
lajêng póndhóngan kaliyan garwå Bathari Saraswati.
Sasampunipún punikå, Bathårå Indrå ngandikå, manawi
sampún kalaksanan sadåyå, lajêng kadhawuhan énggal
sowan dhatêng sang Hyang Jagad Guru ing Kahyangan
Junggringsalåkå.
Sadåyå lajêng sami bidhal.

Bathari Sarawati
10. Madêg ingpråjå Gilíngåyå, Prabu Kålå Iråmbå, patíh
lan pêpak pårå wadyå, ngajêng ajêng utusan.
Bótên watawís dangu Kyai Téjåmantri lan Såråwitå
sowan dumrójóg tanpå tinimbalan. Atúr uningå, bilíh
wadyå punggåwå utusan sami pêjah sadåyå mêngsah
Bathårå Wisnu.
Prabu Kålå Iråmbå sakalangkúng dukanipún, ngêrigakên
wadyåbålå sikêp sangkêp sagagamaning prang, lajêng
bidhal nglurúg dhatêng Kahyangan.
11. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathara Guru
dipún sowani Bathårå, Narådå lan sadayå pårå Déwå,
ngaturakên kawóntênaníng lêlampahan.
Katungkå sowanipún Bathårå Gånå dipún iríd Bathårå
Citråråtå lan sadayanipún.
Bathårå Gånå matúr dhatêng Bathårå Guru, nyuwún
dipún ruwat rupi bagus kadós pårå putrå Déwå
sanèsipún.
Bathårå Guru trênyúh ing panggalíh, nglênggånå
lêlampahan ingkang sampún kalampahan.
Lajêng marêngakên panuwunipún ingkang putrå Bathårå
Gånå.
Nuntên dhawúh dhatêng Bathårå Bråmå, kapuríh dadós
lêlantaran ngruwat ingkang rayi dadós rupi bagús kadós
pårå sadhèrèk sadhrèkipún.
Bathårå Bråmå matúr sandikå, lajêng bidhal kaliyan
Bathårå Gånå.
Pårå Déwa sami andombani tut wingkíng.
12. Madêg pakuwónipún påråyåka. Prabu Kålå Iråmbå
nuju wóntên salêbêtipún pakuwón, kadhatêngan Bathårå
Bråmå lan Bathårå Gånå.
Bathårå Brama ngandika, manawi sanyatå Prabu Kålå
Iråmbå kapéngín rabi widådari, kêdah bêkti dhatêng
Bathårå Guru lan pårå Déwå, sarta purún kurban,
ambucal kawadhaganipún, supadós jiwanipún
manunggal kaliyan Bathårå Gånå.
Prabu Kålå Iråmbå matúr sandikå ngèstókakên
dhawúh kanthi madhêp mantêp ing manah.
Prabu Kålå Iråmbå mapan, lajêng dipún sórót
nétranipún Bathårå Bråmå ingkang têngah, ingkang
bêntèr sangêt, ngantós dumugi pêjah, kuwandå sirnå
lêbúr.
Yitmanipún kapanjingakên dhatêng hangganipún Bathårå
Gånå, déné Bathårå Gånå kapuja dadós kawadhagan
rupi bagús.
Nuntên késah sakíng ngriku, sarwi sêsumbar dhatêng
wadyå yakså, manawi ratu gustinipún sampún pêjah.
Manawi bótên narimahakên, kapuríh nututi lampahipún.
Patíh Kålå Wisudhåyakså sangêt ing dukanipún,
ngêrigakên wadyåbålå, têrús nututi palajêngipún
Bathårå Bråmå lan Bathårå Gånå bagús.
13. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru
dipún adhêp Bathårå Narådå lan pårå Déwå, nampi
sowanipún Bathårå Bråmå, kawadhagan lan jiwanipún
Bathårå Gånå, lan ngaturakên sadayå lêlampahanipún.
Bathårå Guru paríng sabdå, bilíh kawadhaganipún
Bathårå Gana ingkang sampún sajiwå kaliyan Prabu
Kålå Iråmbå, rupi bagús, têtêp dipún anggêp putrå,
kaparingan jêjibahan ngimpún kapustakanipún pårå
Déwå, ing bénjíng wênang rabi widadari, kaparingan
nåmå Bathara Måhådéwå.
Sartå Kahyanganipún Bathårå Bråmå kaparingan nåmå
Kahyangan Swargåwahånå inggíh Kahyangan Swargå
dúksinå.
Katungkå sowanipún Bathårå Citråsénå, atúr uningå,
manawi wadyå yakså sóróh amúk wóntên ing
Rêpatkapanasan.
Pårå Déwa énggal bidhal mapagakên mêngsah.
Ing payudan, pêrangipún wadyå yakså mêngsah wadyå
dênåwå, wêkasan Patíh Kålå Wisudhåyakså pêjah diníng
Bathårå Bråmå, wadyåbålå yakså dhadhal mawút sírnå
lêbúr tumpês tapís dipún amúk pårå Déwa ingkang dipún
manggalani Bathårå Bayu.
Tayungan.
14. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru,
Bathårå Narådå lan pêpak pårå Déwa, sami sukå sukå
déné sampún kalís ing bêbåyå.

Tancêp Kayón.
Bathårå Måhådéwå
1. Jêjêr ing Kahyangan Surålåyå, sang Nåtå Déwå Bathårå
Indrå miyós siniwåkå, dipún adhêp Bathårå Sambo,
Bathårå Bråmå, Bathårå Bayu lan pårå Déwå.
Ngrêmbag pêpêtêngíng marcåpådå, margi Bathari Pratiwi
ing Kahyangan Ékåpråtålå nulak panglamaripún pårå
nåtå måncåpråjå måncånagari, satêmah kathah ingkang
lajêng sami nêdyå ngrodåpakså ngrabåså Kahyangan
Ékåpråtålå.
Katungkå rawuhipún Bathårå Narådå, ngêmban dhawúh
timbalanipún Bathårå Guru, Bathårå Indrå lan pårå Déwå
kadhawuhan ambantu tutulúng karibêtaníng Kahyangan
Ékåpratålå.
Bathårå Indrå matúr sandikå. Bathårå Narådå wangsúl
dhatêng Kahyanganipún. Bibaran paséwakan.2.
Ing Kaswargan Tinjomåyå, Bathari Wiyati lan pårå
widådari sami mêthúk konduripún sang Nåtå déwå.
Sasampunipún sami satåtå lênggah, lajêng sami wawan
pangandikan bab kawóntênaníng paséwakan, sinambi
mriksani lêlangên lénggótbåwå.
Nuntên bibaran, Bathårå Indrå miyós ing jawi.
3. Madêg ing Rêpatkapanasan, Bathårå Bråmå lan pårå
Déwå sadayå, sami tåtå tåtå siyagå. Sasampunipún sami
samapta sadåyå, lajêng sami bhidhal.
Prampógan Déwå ngicali pêpêdhút ing awang-awang.
4. Madêg ing pråjå Garbåpitu, sang Nåtåyakså Prabu
Wisnudéwå miyós siniwåkå, dipún adhêp Patíh Kålå
Baudhêndhå, Tumênggúng yaksi Kalimantragsi, pårå
punggåwå, lan nyandhíng kalangênanipún ingkang
rupi singåbaróng kadadósan sakíng dhangkèlíng sêkar
Wijåyåkusumå panggêsanganipún tiyang sabumi, nåmå
Singåmurti.
Sang Nåtåyakså gandrúng gandrúng Bathari Pratiwi,
lajêng utusan punggåwå yakså Dityå Kålå Parangbaróng,
ngaturakên sêrat panglamar dhatêng Ékåpratålå.
Bibaran paséwakan.
Ing pasébanipún wadyå yakså, Dityå Kålå Parangbaróng,
Kålå Minåcuwiri, Kålå Galiyúk, Téjåmantri lan Såråhitå,
tåtå tåtå siyagå ing damêl, lajêng bidhal.
Wóntên ing margi kapapag kaliyan barisaning pårå Déwå.
Sulayaníng rêmbag, dadós prang, nangíng lajêng sami
simpangan margi.
Bathari Pratiwi
. Madêg ing pratapan Ékåwarnå, Bagawan Késåwåsiddhi
wóntên ing pacrabakan, dipún adhêp cantrík lan ingkang
putrå putri Éndhang Srisumêkar, ingkang kagungan taman
Sriwêdari ingkang katuwuhan sêkar Wijåyåkusumå
panggêsanganipún tiyang sabumi, nangíng sêkaripún
ing sapunikå katingal badhé layu, margi kapisah kaliyan
cangkók lan dhangkèlipún.
Kacariyós ing wêkdal punikå Éndhang Srisumêkar
ingkang sampún ngangkat déwåså, ing dalu néndrå supênå
kråmå kaliyan Bathårå Wisnu, têmah kasmaran.
Anggubêl nyuwún dhatêng ingkang råmå, kapuríh
andhaupakên kaliyan Bathårå Wisnu.
Bagawan Késawasiddhi kétang trêsnanipún dhatêng
ingkang putrå, mila lajêng bidhal nêdya ngupadósi
Bathårå Wisnu.
6. Madêg satêngahing wånå wåså, Bathara Wisnu tåpå bråtå
mêsu sêmadi wóntên sangandhaping wít mandirå krêsnå,
margi sangêt pakèwêd anggènipún badhé kapanggíh malíh
kaliyan Bathari Pratiwi.
Kyai Bådråmåyå tansah nênggani anggènipún tåpå bråtå
Bathårå Wisnu.
Ingriku katungkå rawuhipún Bathårå Guru, mudharakên
tåpå bratanipún, sartå paríng sabdå, bilíh gêgayuhanipún
Batharå Wisnu badhé énggal kalaksanan, kanthi sarånå
kadhawuhan anjangkêpakên sêkar Wijåyåkusumå kaliyan
cangkók lan dhangkèlipún.
Bathårå Wisnu nêdyå ngèstókakên sabdå.
Bathårå Guru wangsúl dhatêng Kahyangan, Bathårå
Wisnu bidhal lumampah kadhèrèkakên Kyai Bådråmåyå.
Lampahipún wóntên ing margi kapapag Dityå Kålå
Parangkróng sakancanipún. Sulayaníng rêmbag, dadós
pancåkårå.
Wêkasan pårå manggalaníng yakså sami pêjah sadåyå,
Téjamantri lan Sarahita tuwín sakantuníng pêjah sami
lumajêng wangsúl dhatêng nagarinipún.
Bathårå Wisnu lan pånåkawan nglajêngakên lampah,
kapanggíh Bagawan Késåwåsiddhi, ingkang lajêng matúr,
manawi putranipún putri kasmaran kapéngín ngawulå
dhatêng Bathårå Wisnu, lan sagah ngaturakên sêkar
Wijåyåkusumå.
Bathara Wisnu nyagahi, lajêng sami bidhal sêsarêngan.
Bagawan Késåwåsiddhi
7. Madêg ing patapan Ékåwarnå, Éndhang Srisumêkar lan
êmban.
Katungkå rawuhipún ingkang råmå lan Bathårå Wisnu,
ingkang lajêng dipún dhaupakên antúk Éndhang
Srisumêkar, sartå kapasrahan sêkar Wijåyåkusumå
ingkang nêmbé layu.
Sasampunipún nutúg amóng asmårå, bathåråwisnu lajêng
nyuwún pamít nêdyå nutugakên lampah dhatêng
Kahyangan Ékåpratålå.
Nuntên bidhal kaliyan pånåkawan.
Ing sabidhalipún Bathårå Wisnu, Bagawan Késåwåsiddhi
sangêt sumêlang ing panggalíh, tuwín tansah dipún gubêl
ingkang putrå putri.
Mila nuntên bidhal nusul lampahipún Bathårå Wisnu sartå
nganthi Éndhang Srisumêkar.
8. Madêg ing pråjå Garbåpitu, Prabu Kålå Wisnudéwå
miyós ing pandhapi kaliyan kalangênanipún Singåmurti,
Patih Kålå Baudhêndå, Nyai Tumênggúng Kalimantragsi,
lan punggåwå.
Katungkå sowanipún Téjåmantri Såråhitå, ngaturi uningå,
manawi punggåwå utusan sami pêjah sadåyå, prang
mêngsah Bathårå Wisnu.
Sartå ngaturi uningå, bilíh Bathari Pratiwi gadhah
pêpanggíl, sintênå kémawón ingkang sagêd maringi sêkar
Wijåyåkusumå, punika ingkang badhé dipún suwitani
dadós guru lakinipún.
Prabu Kålå Wisnudéwå radi padhang panggalihipún,
margi sang prabu sampún kagungan dhangkèlíng sêkar
Wijåyåkusumå, dumunúng wóntên têlakipún singåbaróng
Singåmurti ingkang sagêd tåtåjanmi.
Prabu Kålå Wisnudéwå nuntên ngutús Patíh Baudhêndhå
lan wadyå ngatêrakên Singåmurti dhatêng Kahyangan
Ékåpratålå.
Bibaran paséwakan.
9. Madêg ing Kahyangan Ékåpratålå, Bathari Pratiwi
kaliyan kalangênanipún banthèng wulúng sagêd tåtå janmi
ingkang kanggènan cangkókíng sêkar Wijåyåkusumå,
nåmå Handåkåmurti.
Nampi rawuhipún sang Hyang Antabogå lan pårå
Déwaníng bumi, sapêrlu anjagi lan têtulúng ing
karépótanipún sang Bathari.
Bótên watawís dangu katungkå rawuhipún Bathårå Indrå,
Bathårå Bråmå, Bathåra Sambo, Bathårå Bayu lan pårå
Déwå, ugi sapêrlu nêdyå têtulúng ing karêpótanipún sang
Bathari, déné kathah pårå Nåtå pårå Déwå ingkang
kapéngín angrabi dhatêng sang Bathari, lan wóntên
sawatawis ingkang ngancam nêdyå ngrodå pari pakså.
Bótên watawís dangu katungkå rawuhipún Bathårå Wisnu
lan pånåkawan, ngaturakên sêkar Wijåyåkusumå, dipún
tampèni sang Bathari, nangíng dhaupipún nyuwún
ngêntósi jangkêpipún sêkar Wijåyåkusumå dalah cangkók
lan dhangkèlipún.
Bótên watawís dangu katungkå sowanipún Patíh Kålå
Baudhêndhå lan wadyå, ngiríd Singåmurti.
Sang Hyang Antabogå ngandikå, bótên sagêd nampi,
margi punikå sanès rupi sêkar Wijåyåkusumå
sajangkêpipun, nangíng rupi singåbaróng.
Sulayaning rêmbag, dadós prang. Singåmúrti ngamúk
punggúng, kathah pårå Déwa ingkang nandhang tatu lan
sakit, kacakar kabrakót déning Singåmurti.
Lajêng dipún tandhingi déning Håndåkåmúrti, campúh
langkung ramé wêkasan sakalihipún pêjah sampyúh,
kuwandå sírnå, babar dadós cangkók lan dhangkèlipún
sêkar Wijåyåkusumå, kapêndhêt déníng Bathårå Wisnu.
Patih Kålå Baudhêndhå ngamúk punggúng, pêjah déning
Bathårå Wisnu.
Wadyå yakså kasór sírnå larút mawút.
Ing Kahyangan Ékåpråtålå, Bathari Pratiwi lan pårå
Déwå.
Bathara Wisnu maringakên jangkêpipún sêkar
Wijåyåkusumå, lajêng kalampahan dhaúp dipún jurungi
pårå Déwå sadayå.
Sasampunipún punikå, Bathårå Indrå paríng dhawúh, awít
sakíng dhawuhipún sang Hyang Guru, sasampunipún
Bathari Pratiwi kalampahan dhaúp, kapuríh
ambayangkaré dipún arak dhatêng Kahyangan Junggríng
salåkå.
Sadayå sami ngèstókakên dhawúh, lajêng sami bidhal
ngarak pangantèn.

Singåmurti Handoko Murti
10. Madêg ing pråjå Garbapitu, Prabu Kålå Wisnudéwå
miyós ing pandhapi, dipún adhêp Nyai Tumênggúng
Kalimantragsi lan pårå punggåwå.
Ngêntósi utusanipún kaliyan gandrúng gandrúng.
Bótên dangu Téjåmantri Såråhitå sowan, ngaturi uningå
manawi Patíh Baudhêndhå pêjah madyaníng palagan,
Singåmúrti sírnå lêbúr dalah pårå wadyå yakså sadåyå.
Prabu Kålå Wisnudéwå sakalangkúng ing dukanipún.
Ngêrigakên wadyåbålå kêbút dalah sagagamaníng prang.
Nuntên bidhal.
11. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathara Guru,
Bathårå Narådå, dipún sowani pårå Déwå ngarak
pangantèn Bathårå Wisnu lan Bathari Pratiwi.
Bótên dangu katungkå sowanipún Bagawan
Késåwåsiddhi kaliyan ingkang putrå putri, Éndhang
Srisumêkar, lan matúr, manawi Bathårå Wisnu sampún
langkúng rumiyín kråmå antúk Éndhang Srisumêkar.
Bathårå Guru mangayubagyå, Bathårå Wisnu têtêp
anggarwå Éndhang Srisumêkar, ingkang ugi lajêng dipún
sêbat Dèwi Sri, dadós jodhonipún ingkang pinasthi.
Lan ugi Bathari Pratiwi têtêp dadós garwanipún,
ingkang ing bénjing kawêcå badhé nurúnakên putrå putri,
nåmå Bambang Siti-jå (Bomå nårå kåsurå), lan Dèwi
Siti Sundari, garwanipún Radèn Abimanyu, putrå Radèn
Arjunå.
Sartå Bathårå Wisnu kadhawuhan têtêp angadhatón
wóntên ing Kahyangan Utåråsagårå inggíh Kahyangan
Utåråswargå utawi Swargå utårå, taman Sriwêdari
kadhawuhan mutêr kapindhah dhatêng Kahyangan
Utåråswargå.
Bótên watawís dangu katungkå gêggríng njawi,
pangamukipún Prabu Kålå Wisnudéwå sawadyå
balanipún.
Pårå Déwå sadåyå sami bidhal mêthúkakên prang.
Ing madyaníng paprangan, wadyå yakså mêngsah pårå
Déwå.
Nangíng pårå Déwa sami kasóran sadåyå tandhíng
kasaktèn kaliyan Prabu Kålå Wisnudéwå.
Bathårå Wisnu ugi kasóran, lumajêng nyuwún tulúng
dhatêng mårå sêpuhipún, Bagawan Késåwåsiddhi.
Dipún sagahi, nanging Bathårå Wisnu kapuríh samadi
ngêningakên ciptå, margi Prabu Kålå Wisnudéwå punikå
satuhu sakalangkúng sakti bótên wóntên tandhingipún,
kajawi namúng kaliyan Bagawan Késåwåsiddhi.
Margi sadåyå punika badhé dadós trimúrti ingkang
sajiwå kaliyan Bathårå Wisnu.
Bagawan Késåwåsiddhi lajêng majêng prang mêngsah
Prabu Kålå Wisnudwå, wêkasan sakalihipún sampyúh
sírnå, jiwanipún manjíng dhatêng hangganipún Bathårå
Wisnu.
Wadyå yakså Garbåpitu ngamúk punggúng bélå
sirnaníng gústi, dipun tadhahi pårå Déwå sadåyå.
Nyai Tumênggúng Kalimantragsi sawadyå pêjah sírnå
lêbúr dipún amúk Bathårå Bayu lan pårå Déwå,
Tayungan.
12. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathara Guru,
Bathårå Narådå, pangantèn lan pårå Déwå sadåyå sami
sukå sukå, langên lénggót båwå.

Tancêp Kayón.

Leave a Reply

Please log in using one of these methods to post your comment:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: