Prabu Kalimantara

Uwong yen wis darbe samubarang tur rumangsa digdaya kerep-kerepe banjur takabur. Semono uga Prabu Kalimantara, ratu saka nagara Nusantara utawa Cempaka Kawedhar iki. Wujude buta, sekti mandraguna. Isih enom, gegayuhane ngrabi widadari lan nguwasani tribawana.

Ana ing negarane sing gedhe lan jembar laladane, Prabu Kalimantara mbawahake wadyabala raseksa kang seneng ulah kaprajuritan, prigel-prigel nggunakake sanjata lan kedhotan. Para nayakane prasasat ora ana kang ora duwe kasekten. Para agul-aguling praja mau, ing antaraning kaya ta Arya Sarotama, Ardadhedhali, Tunggulnaga, lan Karawelang. Sang nata uga kagungan titihan garudha yaksa aran Banarata, ndadekake Prabu Kalimantara saya diwedeni dening para ratu saindenging ndonya.

Ringkesing crita lelakone Prabu Kalimantara iki, nuju sawijining dina sang prabu nglurug perang menyang Suralaya ngirid bala yaksa sagelar-sapapan. Sang Prabu nedya nyuwun widadari sajodho kang bakal dikarsakake minangka garwa prameswari. Para wadya dorandara maune iya padha nyoba arep mbalekake bala raseksa kang nggunggahi kahyangan iku. Nanging wadya dorandara tetela ora kongang nadhahi yudane para manggala perang wadyabalane Prabu Kalimantara sing racak-racake padha dhugdheng kuwi. Wadya dorandara keseser perange, dhinawuhan padha mundur. Kori Selamatangkep age-age ditutup. Para raseksa ngepung rapet Repatkepanasan. Bathara Guru lan Bathara Narada banjur nganakake pirembugan, netepake manawa perlu golek jago kanggo ngundurake para raseksa Prabu Kalimantara sawadya iku.

Untung dene wadya raseksa kang ngepung Repatkepanasan kuwi isih bisa disemayani. Bathara Narada banjur golek sraya marang Wukir Retawu padhepokane Begawan Manumayasa.

Sang begawan iku apeputra loro, yakuwi Bambang Sekutrem lan Bambang Sriyadi utawa Bambang Sriyati. Kekarone marisi sipat lan budi luhure kang rama.

Hyang Narada, sarawuhe ing Pratapan Wukir Ratawu banjur ngendika marang Begawan Manumayasa yen ngersakake mundhut putrane Begawan Manumayasa, ya Bambang Sekutrem, kinarsakake minangka jago kanggo munah satru sekti Prabu Kalimantara sawadya kang ngunggahi Suralaya. Sadurunge budhal, dewa maringi nugraha sanjata panah aran Pasopati marang Bambang Sekutrem.

Sawise matur sendika, Sekutrem banjur methuki Prabu Kalimantara sawadyabalane kang kandheg ana jaba amarga gapura lawang seketheng Selamatangkep ditutup dening Bathara Cingkarabala lan Bathara Balaupata, dewa loro kang tugase njaga gapurane kahyangan. Bareng weruh ana satriya ijen tanpa rowang marepegi, Prabu Kalimantara cingak. “We lha dalah! Kok iki para dewa mung ngajokake jago manungsa lumrah. Sing jenenge para dewa dhewe, kang padha nduweni kadigdayan wae wis ora ana sing kuwawa nandhingi yadaningsun, kok iki.…” mangkono batine Prabu Kalimantara.

Prabu Kalimantara banjur ndhawuhi titihane, garudhayaksa Banarata supaya nladhung Sekutrem. Ananging Sekutrem wis siap. Jemparing Pasopati linepasake ngenani Garudha Banarata lan Prabu Kalimantara pisan. Prabu Kalimantara nggereng sarosane, banjur ambruk ndhepani bantala, nemahi pati bebarengan karo titihane.

Kaget semu gumun weruh ratu-gustine tiwas, para manggalayuda, Arya Sarotama lan Ardadhedali sawadya ngroyok Sekutrem. Ananging sing dikroyok iku satriya srayaning dewa sing banget prigel ulah sanjata. Wadya raseksa padha sirna gempang tan mangga puliha.

Lan eloking lelakon, dene kuwandane Prabu Kalimantara banjur malih dadi senjata pusaka Jamus Kalimasada. Kuwandane para manggala uga dadi gegaman kang tembene dadi pusakane Pandhawa.

Ature: Waluja Djati
(Jaya Baya 49/LX, 6-12 Agustus 2006)

Leave a Reply

Please log in using one of these methods to post your comment:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: