Raden Samba

Raden Samba, satriya ing Paranggarudha, uga akekasih raden Wisnubrata. Baguse ora njamak, awit wong-wong padha alok baguse kaya Samba, nadyan wong bagus sepirang-pirang. Kejaba misuwur bagus, ngandikane nggrecek, renyah, luwes, lan marak ati. Ana ing negara Dwarawati katengen dening Sang Prabu Kresna. Nadyan Prabu Kresna kagungan patih kang tanggon yaiku Udawa, nanging saben pisowanan kang diajak rembugan prakara negara ya mung Raden Samba.

Tembunge mangkene : “Sanadyan wong ing negara Dwarawati kene akeh sing sakepel gumbalane, sarta jembar dhadha bahune, nanging ora ana kang pantes sun ajak mbabati kang rungkut kajaba amung jeneng sira pribadi kulup”, mangkono pangandikane Sri Kresna marang Raden Samba.

Samba iku panjanmane Bathara drema, garwane Dewi Dremi widadari ing Kaendran. Amarga bathara Drema manjanma menyang madyapada, mangkono uga bathari Dremi uga manjanma ing madyapada, apeparab Dewi Hagnyanawati. Sarehne Dewi Hagnyanawati iku panjalmane bathari Dremi, ana ing madyapada mesthine kudu dadi garwane bathara Drema yaiku Samba. Nanging nyatane ora mangkono. Dewi Hagnyanawati malah dadi garwane Suteja, ya Prabu Boma, ya Bomantara utawaBomanarakasura, Ratu ing Trajutrisna. Jalaran panjanmane bathari Dremi salah alamat dadi garwane Prabu Boma, Samba kerep ngengleng ngalami gerah asmara, kagawa saka bangeting kasmaran marang Sang Dewi. Kasmaran kang ora nate kapadhan ing sih, marga bangeting adohe saka dununge Hagnyanawati saka Dwarawati, lan saka angele ambah-ambahane dalane menyang Praja Trajutrisna.
Pinuju ing sawijining wektu pasowanan njaba, Raden Samba den adhep ingkang paman Raden Harya Setyaki lan Patih Udawa. Lagya imbal wacana ing pagelaran, dene kang dirembug bab ketentremaning negara. Nanging ora ana dhawuh apa-apa, ora suwe pasowanan dibubarake. Gantya kawuwusa ing dina iku Samba nuruti ardaning napsune lungguh nglamun kelingan marang Dewi Hagnyanawati, dumadakan karawuhan Widadari Bathari Wilutama (Dewi Tilottama), ibune Haswatama.

Dewi Wilutama ngandika sumedya tetulung, saguh njujugake Samba menyang Trajutrisna ing wayah bengi, supaya bisa sapatemon lan pepasihan lawan Dewi Hagnyanawati. Nanging kesaguhane Dewi Wilutama iku mawa sarat mangkene : tindake Samba kudu ana ing ngarep, Dewi Wilutama ana ing mburi. Sajrone lumaku ana ing dalan, Samba babar pisan ora kena noleh wuri. Samba saguh netepi sarat mangkono mau, mula bengine sida dijujugake dening Sang Widadari Dewi Wilutama menyang Praja Trajutrisna. Tindake Samba ana ing ngarep, Dewi Wilutama ana ing wuri.

Nagara Trajutrisna iku dununge ana ing sajroning bumi, dalane peteng lelimengan. Nanging nalika semana, bareng Samba wis manjing ing bumi ngambah dalan menyang Trajutrisna ditut wuri dening Widadari Wilutama, dumadakan mak byar! Dalane katon padhang, lan saya suwe mundhak padhange. Bab iku kang gawe gumun ngunguning panggalihe Samba. Dheweke nggraita mangkene, “Apa baya kang sumorot anelahi madhangi dalan iki”. Samba ing batin kepingin banget sumurup barang apa sumorot madhangi dalan, nanging dheweke ora wani noleh memburi wedi didukani dening Dewi Wilutama. Saya suwe saya gedhe derenging panggalihe Samba nganti ora bisa ngendhaleni kepingine priksa wujude barang kang dadi tuking pepadhang. Await saka iku, Samba banjur noleh memburi, sanalika priksa Dewi Wilutama nglegena (wuda). Kang sumunar padhang iku murate Sang Dewi. Amarga Samba wani nerak wewalere Sang Dewi, wanuh wani noleh memburi, Widadari Wilutama duka tan sinipi. Samba disotake mangkene, “muga-muga sakpraptamu ing taman sari, sajroning lagi pepasihan klawan Dewi Hagnyanawati kawruhan dening Bomanarakasura kang banjur njejuwing sliramu”.

Sawise ngesotake mangkono, Dewi Wilutama banjur kondur marang kawidodaren. Wiwit Samba noleh memburi, banjur mak pet, peteng ndhedhet, pepadhang sanalika ilang, dalan menyang Trajutrisna dadi peteng ndumuk irung. Sanadyan mangkono, Samba meksa mbanjurake sedyane menyang Trajutrisna. Tindake kanthi gegrumutan, gagap-gagap dalan. Sapraptane ing Trajutrisna, Samba njujug ing taman sari. Panjenengane klakon sih-sinisihan karo Dewi Hagnyanawati ana ing Pantisari (omah ing tengahing taman sari).

Sajroning Samba lan Dewi Hagnyanawati kasengsem lagi padha sih-sinisihan, dumadakan Prabu Bomanarakasura lumebu ing taman sari, terus manjing ing Pantisari. Samba dicekel lan diprajaya sarana dijejuwing sarirane dening Prabu Bomanarakasura. Nanging ana carita liya kang nyebutake mangkene : Prabu Boma munggah ing Suralaya nedya ngendhih pangwasaning Dewa. Prabu Kresna pininta sraya dening dewa, ndikakake nanggulangi krodhane Prabu Boma. Paminta srayane dewa disaguhi dening Prabu Kresna. Prabu Kresna munggah ing kahyangan Suralayua perang lumawan Prabu Boma. Sadurunge ing bantala wis pinasang anjang-anjang, kionarya nadhahi punarpane Prabu Boma. Wusana sanjata cakra lumepas thel kena janggane, kwandha kesangsangh ing anjang-anjang, Prabu Kresna unggul ing yuda, Dewi Hagnyanawati dadi duwekke Samba.

Leave a Reply

Please log in using one of these methods to post your comment:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: