Salah Kedaden

Aku kalairake minangka pembayun nata agung Ngastinapura Prabu Duryudana lan Ibu Dewi Banowati. Adhiku wadon sesilih Dewi Lesmanawati. Tata lair aku pancen putrane rama prabu. Nanging sejatine aku lan adhiku asil slingkuhe ibu Banowati lan pamen raden Janaka. Lha bener tho..!! Ing kalangan elit pura bae ana paselingkuhan. Kisah roman selingkuh wong agung kraton iki nyatane wis akeh kecatet ing lakon-lakon parwa, sadurunge kraton Ngastinapura ana. Klebu dewa-dewi, widadara-widadari uga akehkang slingkuh. Kelbu inga antarane ratuning ya Hyang Girinata. Mual jeneng ora salah miturut panemuku yen aku ya seneng slingkuh lan nylingkuhi. Lha wong ono sing tak tiru. Nyatane ibuku slingkuh, rama ya api-api ora ngerti.

Samubarang sarwa cumepak, kekarepan mesthi keturutan. Wiwit bayi tumeka ngacik diwasa ora ana sing wani mancahi ujar utawa panjaluking putra nata Ngastina. Aku dadi bocah kang ugungan, kesed, seneng reropyan lan ngumbar napsu angkara. kabeh tumindak pokale paman-paman Kurawa tansah dak tiru. Unjukan banderek, ciu, lan liyane sing bisa gawe mabuk, wis dadi pasedhiyan saben ndinane. Dhadhu, kertu, adu jago lan main ngabotohan liyane wis dadi lalaban. Nglirik, njawil, lan ngawe wanita kaajak saresmi, wis minangka pakulinan. Mbuh kuwi prawan anake punggawa, bupati utawa natapraja. Klebu yen perlu bojone liyan, yen pancen ta ayu lan narik kawigatenku, kudu klebu lan mlebu ing tilamsari patengganku. Yen ta nganti suwala untawa sulaya, pasiksan lan pakunjaran papane. Yen ta malah sendika lan atur pisungsun maremake, gedhe ganjarane. Ora urus yen padha nyebut aku iki “thukmis”. Thukmisku iku wajar wong kanjeng ramaku “peteng” Permadi, rak ya eis kesuwur satriya kang thukmis, ta??

Yangkung Desarata lan yangti Gendarai ya malah nyengkuyung lan ora nyegah utawa nyaruwe. kanjeng ibu lan rama ya ora ngrewes. Kabeh kagubel urusane dhewe. Dadi cethane kaluwargaku kuwi kalebu kaluwarga “broken home” istilahe saiki. mBah toh Sengkuni lan para paman Kurawa malah saya ngububi tingkah polahklu. Lho, apa aku salah, lan salahku ing ngendi? Paedah apa dadi satriya utawa putra nata gung, kok kudu tirakat, mertapa semadi. truthusan mlebu metu alas, nyasak jurang cerung munggah gunung, kok golek rekasa!! Ya salah bodhone dhewe blusukan alas blegedhegan kandhane merguru golek ngelmu jaya kawijayan. Praja gajah Oya gundhange brahmana, pandhita lan resi pinunjul, yen perlu kari milih. Golek ngelmu ben digdaya dhungdeng.

“Nggeer Saroja Kusuma, putraningsung bocah sigid, bocah bagus kekundanging keng rama. Miturut petunge para waskitha nimpuna praja Ngastina, ing wektu ora suwe maneh jawata bakal nurunake wahyu “cakraningrat”. Wahyu utama kang dadi piyandeling para sinatriya. Sapa kang bisa nggayuh lan kedunungan wahyu mau, bakal bisa nurunake wiji ratu-ratu binathara ing Nusa Jawa. Mula ngger pamundhutingsun, paripeksa sira sun utus ngupadi wahyu mau. Minangka nganthi pengiringira, pamanira Adipati Ngawangga lan para kadang Kurawa sawadya bala pethingan, bakal tut wuri lampahira. Pangestuku mbanyu mili ngiringi lakumu.”, kaya mangkono pangandikane rama Prabu Kurupati ing sawijining pisowanan agung Ngastina.

Kanggo njaga wibawa lan mamerake kasubdibyan, aku sumanggem dhawuh senajan sabenere ngono wagah blasakan mlebu metu alas. Nanging khasisat bab wahyu “Cakraningrat” mau ngosikakke pepenginaku. Yen ta aku bisa nggaduh wahyu mau.., satriya-satriya saka praja liyane mesthi bakal dheku-dheku ing sangarepku. Aku bakal luwih ndhangak maneh ing mengkone, yen milih calon prameswari.

Cekaking kandha.., aku wis tumeka ing aldaka kang karamal papan tumuruning wahyu kasebut. Pasemeden wis kacepakake dening paman Kurawa, banjur pasang gelar kanggo ngawekani bebaya satengahing wana. Miturut kabar saka telik sandi, Raden Abimanyu satriya Plangkawati kadherekake deing panakawan catur, lan diampingi dening Raden Gatutkaca sasedulure, mapan ing lengkeh sisih kulon aldaka. Dene ing lengkeh sisih kidul papan pesanggrahane Raden Samba saka praja Dwaraka, diampingi paman Sentyaki lan paman Udawa. Kabeh mau padha dene nduwe sedya nggayuh wahyu “Cakraningrat”.

Kanggo mbutekke sapa ingsung senajan banget kapeksa, aku kudu tirakat lau semadi, nyegah babahan hawa sanga. Meleng muhung paminta mring Hyang Jagatnata, supaya maringake lan nyawijikake wahyu manjing jiwaku. Lungkrah lan lemes anggaku, klemun-klemun ung enering netra, cat eling cat ora. Ing petung sapta ari saka rumangsaku ana wanodya sulistya turah rupa kurang candra, prapta ing ngarepku. Ngrepepa arep suwita pasrah jiwa lan raga. Whelelah, thenguk-thenguk nemu gethuk iki. Dhasare wis suwe ngempet hardaning birahi, iki ana prawan ayu nyaketi malah pasrah bongkokan. Dudu Lesmana Mandrakuma yen ta ora nglanggati sedya. Badhar saka ing tapa aku nedya nubruk sang kenya sulistya. Badhar wujuding putri pindha hapsari kuwi, malih cahya mencorong mlesat saka ngarepku, tumuju sisih kiduling aldaka.

Gurawalan mbah tih Sengkuni lan mbah Durma ngandika yen kuwi wujuding wahyu “Cakraningrat” kang mlesat. Enggal prentah ngoyak lan nguber palyuning wahyu. sauruting marga mbah Kuni nggremeng semu gela. “Dhasare pancen wadhah kosong, arep diiseni sarana legi ya bali mlompong. Dospundi niki wakne gondhel?”
Karo krenggosan melar mingkus yang ndhita Durna njawab”Monyor..monyor… mprit ganthil. Satriya yen kurang cegah dhahar lan sare…ee ya ngene iki dhi. Ya wis saiki kudu tetep diupadi, sapa reti iki mung cobane wahyu mau.”

Paman Citraksi nyala atur,”Man.. man Kun..dhi…eh.. Kun..Kuni…, mlom..mlom..pong nik…niku…rak nggih…nggih kaya…sam…sampeyan..man. Lha….nik…niku..wa..rah..rahane…mpe…yan…man…!!”
“ooo dhasar dhegleng..bocah ra urus tenan… Dursasana..keplakna adhimu kuwi ngger…Cumanthaka tenan cah ji ki.” Paman Dursasana sing lageyane sraweyan karo ngguyuiku mung glegas-gleges. Mung paman Dipati Karna kang tansah jinem. Mbokmenawa saka prabawane para Kurawa banjur meneng lan lumaku cepet nasak grumbul pepalang ri, ngupadi mlayune wahyu.

Kacarita ora beda adoh kaya kahanan sing tak alami. Kakang raden Samba uga direridhu godha dening wanodya sulistya panjilaming wahyu mau. Serupa lakuning wuwus..nyatane raden Samba kapilayu gandrung kaya wong gemblung. Wusana wahyu mau bali oncat saka parangkule raden Samba, kumleyang munggah ladaka tumuju lengkeh sisih kulon, papan mesu raden Abimanyu sakadang putra Pandawa. Ing kene wahyu luwih kuwat anggone nyoba mbadharake tapane putra paman Arjuna iki. Nanging dhasare satriya pethingan tan pasrah godha rencana. Senajan ta wahyu wujud wanodya hapsari mau nganti nglegena, tan keguh sang sinatriya. Wusana wahyu mau manjing ing anggane raden Abimanyu. Cethane sing kasil ngayuh lan darbeni wahyu “Cakraningrat” si Angkawijaya iki. Aku ora trima, nedya tak jaluk kanthi peksa. Merga den kukuhi ing wasana ndadekake pancakara. Nanging Kurawakaseser kapeksa bali ing praja tanpa kasil. Aku serik lan mangkel banget marang Abimanyu. Sepisan merga dheweke pancen satriya bagus jatmika lan pilih tandhing, Kaping pindho dheweke kang bakal nurunake ratu-ratu binathara ingNusa Jawa ing tembe.

Lakon kang meh padha uga dak temoni, nalika aku kejibah nggayuh wahyu “Makutharama”. Wahyu keprabon kang gedhe banget sawabe. Kaya kawuri aku kadherekake para Kurawa lan diampingi dening para sesepuh mirunggan, tumuju mring gunung Suwelagiri papan kang ditenggarani bakal dadi panggonan tumuruning wahyu. Ing kene bali gagar wigar, wahyu mau katampa dening pama Harjuna. Gendheng tenan..!! Sing kepungkur anake, saiki sing ketiban pulung bapake. Kabeh kuwi kaluwarga Pandhawa. Atiku tambah anyel maneh. Eloke lelorone kok ya ora welas karo aku, mbok yo ngalah. Mbok ngelingi ngono lho!! Kanggo ngurangi stress, aku tansaya ndadi ambyur ing malima. Dinar kencana kari ngeruk saka kahartakan prha, para paman Kurawa saputrane padha nyengkuyung, wis arep opo maneh. Raden Lesmana Mandrakumara putra pati nata gung Ngastina, prasasat idu geni. Apakang sinedya kudu dadi..aku kok….
Nanging ya saka polah tumindakku iki sing ndadekake aku angel lan tansah “gagal” nggolek prameswari. Bola-bali tansah kesandhung. Ing antarane kaya pengalamanku iki. Nalikane kabar bakul sinambiwara yen outra nata Dwarawati Dewi Siti Sendari wis nedheng diwasa. Ucaping kidung kang katulis ing rontal, pindha widadari ngejawantah. Aku nyuwun marang kanjeng rama Kurupati, lumantar ibu Banowati supaya nglamarake. Kanjeng rama nyarujuki lan enggal tata rakiting lamaran agung. Bebanjengan berisan saka Ngastina nggawa mas picis rajabrana lan nawala rontal panglamar ngiring lakuku nitih kreta kencana tumuju Dwaraka. Ing kana lamaranku katampa, nanging dhiajeng Siti Sendarai nyuwun bebana “patah sakambaran kang sulistya ing warna tanpa cacad”. awit mbarengi saka Madukara uga atur panglamar kanggo Abimanyu. Sapa kang bisa luwih dhisik nyembadani pamothahe sang retna, kuwi kang wenang mboyong mustikaning keputren Dwaraka. Aku lan Abimanyu saguh ngupaya tyasing bebena, madal pasilan pisah marga. Sajake para dewa lagi njangkung sedyaku. Durung adoh saka praja Dwaraka aku ketemu paraga sulistya sakembaran, kaya sinebut ing patembaya. Paraga kenya sakembaran mau katon yen lugu, putri saka arga. Sesilih Dewi Endang Pergiwa lan Endang Pergiwati saka pertapan Andong Cinawi. Kadherekake cantrik tuwa Janaloka, saperlu ngupadi ramane Raden Arjuna.

Iki sing jenenge “kutuk marani sunduk”, sida klebu wuwu. Saka krenahe mBah Tih Sengkuni, apus krama bakal disowanake lan ditemokake, sebab paman Janaka isih sedulure Kurawa. Nanging kanthi janji supaya gelem dadi patah penganten dhaupku mengko. Jujur lan bares kures, kenya loro iki malah yen bisa malah dadi darbekku pisan, nyatane ya ora kalah karo dhiajeng Sri Sendari. Nanging sajake cantrik tuwa kuwi cubriya, nggengkeng yen arep nyowanake dhewe. Aku kok dipancahi. Sedulur Kurawa murina. Sulayaningn rembung dadi pancakara. Sepira banggane cantrik tuwa ngiyeyet. Prasasat ora nganti sepenginang wis ngemasi. Pergiwa Pergiwati keweden keplayu, dibujuk dening para Kurawa. Jelih-jelih njaluk tulung. Aku wis nyicil bungah, sepira kekuwataning wanita, sedhela maneh bakal dadi gawan. Nanging surak bungahing Kurawa malih dadi klakep, malih dadi jerit klaran. Pating bilulung ditladhung saka akasa dening si Purubaya Gathutkaca. Bosah-baseh katrajang kridhaning Abimayu sakadang putra Pandhawa. Kurawa lepeksa kethetheran ngunduri payudan. Pergiwa lan Pergiwati sida dadi “patah penganten” kanggo ngiring pahagyan agung Dwaraka. Abimanyu kang kesinungan kabegjan bisa mboyong Sri Sendari. Atiku tansaya nabet sering kepati marang Angkawijaya. Aku kudu bisa males ukum mbesuk. Pancen mbokmenawa Siti Sendari pancen dudu jodhoku.

Nanging wewayange Pergiwa lan Pergiwati ora bisa ilang saka impen lan telengin ati. Beda banget karo para putri Ngastina, sing sasuwene iki tansah gilir gumanti dadi rerengganing tilam sariku. Putri kembar iki ngluwihi samubarange. Nuruti brantane ati aku sesidheman ninggalake praja, tumuju mring Ngamarta. Gancaring kandha aku bisa mlebu ing taman sari tanpa kadenangan, ndilalah ing kono si Pergiwa kok lagi ijenan ngincupi kupu kang ngisep maduning kembang petamanan. Swasaning uga sepi kaya ngerti krenteging ati. Pergiwa kudu bisa tak dustha menyang Ngastina, dene yen bangga bakal tak rudhapeksa. Wis kadung kenthip, nalika lena dak tubruk lan dak dekep supaya ora bisa njerit. Dak arih-arih supaya nurut dak boyong nang praja, nanging tansah bangga. Saka polahe kasemekane mlorot. Mungal payudarane sesisih kang nyengkir gadhing, petak resik nanthang birahi. Umod sakal getihku tan kuwawa ndeleng endahing raga, nedya nutasake paripeksa. Saka daya kang kesesa aku lena. Tanganku dicokot wani, kelaran uwal saka kancingan. Njerit sora nedha tulung. Tan ngerti sangkaning bilahi, anggaku mencelat digawe pangewan-ewan dening Gathutkaca. Dirante dadi bandan mlebu pakunjaran, ngenteni pengadilan. Saka swara slenthingan nalika aku eling saka kantaka ing pakunjaran, yen Endang Pergiwa wis dilamar lan bakal dadi sisihane Gathutkaca, bakal ngrenggani dhampar Prameswari ing Pringgondani. Kojur apes dhedes, remuk rempu rasane awakku. Perih keju laraning atiku. Kagol sedyaning ndriya nggarwa Endang Pergiwa.

Saka panangising ibuku Banowati marang uwa Puntadewa ing Ngamarta lanmarang para Pandhawa, panyuwun pangapura mligine marang paman Arjuna. Lilih penggalihe aku diluwari lan kapurih bali mring Ngastina. tan kocapa dukane rama prabu marang aku, nanging uga lilih lan leren nalika mireng tangise ibuku sing ditresnani. Atiku saya njarem marang para putra Pandhawa, apa maneh aku uga krungu yen Pergiwati bakal dadi garwane Pancawala, putrane uwa Puntadewa. Aku suthik kedhisikan maneh. Sadurunge Pergiwati dadi garwane Pancawala pangeran pati Ngamarta, kudu dak dustha, yen perlu ora entuk siji ora entuk kabeh. Pancawala nyadhing Pergiwati kudu ora “suci” maneh. Atiku muntab kebranang, kebak rasa pangigit-igit. Ora watara suwe, aku wis nular kasatriyan kanthi sesidheman. Ra urus yen saoungkurku padha komung kontrang-kantring, lungaku tumuju mring alas gung Krendhawahana, ya kahyangan Setra Gandamayit. Paleremane Dewi Durga dewining kadurakan. Miturut ujaring kandha sang bethari iki malihan ruoa saka bethari Uma, garwane Hyang Jagatnata kang kesiku, kena supatane Hyang Jagat Pratingkah. Ngrenggani pura Krendhawahana jejuluk ratu Permoni. Marikelu semadi manengku puja supaya bisa entuk kasihing Hyang Durga. Kaleksanan sedyaku Sang Bethari kersa nemoni lan ngabulake sedyaning gati. Bakal kajangkung sedyaku tumeka ing tamansari Ngamarta, bakal bisa ndustha sang dewi, kaleksanan kang sinedya. Mung kanthi piweling, ora kena gawe gendra lan netesake ludira, gedhene nganti ngadani rajapati. Yen wani nerak bakal rugi lan nanggung akibat sengsarane.

Kinanthi aji palimunan saka Hyang Dewi Durga, aku bisa mlebu ing gandhok tilamsarine Pergiwati. Sang ayu nembe nendra kepati, awit wancine pancen lingsir wengi. Anggone kepati nganti jarit agemane nglingkap dhuwur ngatonake pupu lan wentis kang mukang gangsir. Yen mrangguli kahanan kaya ngene iki aku nora tahan. Getih lanang bakal enggal ngrangsang. Apamaneh ndeleng blegere sang edi, weweg isi milangoni. Ora nunggu kesiwen, dak ruket anggane sang Endhang. Kaget polah nanging ora kuwawa ngedalake swara. Kridha- sumedya uwal saka pangrangsangku, agemane dadi saya morat-marit, nambahi brantaku. Bali saka keusu anggonku wuru, lena pangawasku sang dewi nyaut patrem kang gumlethak ing meja caket dhipan rinengga. Nedya beladhiri namakake patrem ing anggaku, dak cekel astane kuwalik ganti nyuduk jajane. Njerit kapidara gumonthang ing kasatriyan, tan suwe wis kinepung jurit sing dipandhegani Raden Pacawala. Bramantya kerot padoning lathi ngerti calon garwane kapidara, nrajang nedya mikut anggaku. Sadurunge kedhisikan aku ndhisiki. Keris pusakaku dan tamakake pas nembus jaja tumeka walikat. Pancawala tiwas kapidara. Geger kasatriyan, sepira banggaku satriya leda-lede. Kapikut dadi bandan bali mlebu pakunjaran. Dumeling pangandikane sang Bethari, aku wis nrajang pepali. Kang mesthi aku bakal nompo paukuman pati.

Kabar aku dadi bandan ing Ngamarta wis tumeka ing Ngastina. bali ing kene rama Kurupati tedhak dhewe kadherekake ibu Banowati, kairing tetungguling sepuh Kurawa lan para sesepuh. Kepeksa tapak asma ing kekancingan perjanjen, yen aku tan kena maneh tindak dur angkara. Laku culika ing praja Batanakawarsa ya Indrapasta. Nganti mbaleni lan kadenangan nora bakal ingapura maneh, paukuman abot bakal daksandhang. Kayangapa isinku nalika kudu napak asmani perjanjian rontal kuwi, sineksen oara aji kalbeu Prabu Swarawati kang wis maluyakake Pergiwati kanthi kembang Wijayakusuma. Semono uga Pancawala kang wis bali waras wiris sawise “kalarung” ing benawi minangka syarate nirmala jati. Aku mung tumungku sedhih atiku nangis kasangsaya. Isin, serik, jengkel numpuk dadi siji. Mung bisa nggetuni laku jantraning uripku. Urip prasasat tanpa guna, mung bisa nyalahake liyan. Lali lan ora nglenggana yen kuwi saka undhuh-undhuhing brahala.Karma saka laku tumindakku. Apa ya kaya mengkono pangadikane para dwija winasis. Prek mbelgedhes. Lesmana Mandrakumara ora percaya. Wis ora perlu golek bojo, enak bojo-bojonan wae. Wis ra urus kiwa tengen. mbuh ibuku arep terus-terusan slingkuh karo Permadi, ramaku tetep bungkem yo wis ben. Adhiku wadon dewi Lesmanawati tetep ndhugal ya wis karepe. Malah ing sawijine lakon carangan, dheweke dislingkuhi dening Bathara Guru Pangwasa Tribana ya terserah. Njur didhaupake karo raden Warsakusuma putrane paman Karna ing Awangga ya ben.

Nalikane pecah perang Baratayuda, perang antarane kulawarga trah Barata ing Tegal Kurusetra. Miturut ujaring kandha kuwi perang gedhe kaloro ing madyapada, sawise bubruh Alengka ing jaman Ramayana. Mbok arep paten pinaten yo wis ben, atiku kadhung serik mrekitik ora bakal mari. Utamane mring putra-putra Pandhawa, mligine si Abimanyu. Mula nalikane uwa Kartamarma bali saka pabaratan nggoleki aku ing kasatriyan, kandha yen Abimanyu wis klebu wuwu ing gelar perang “gedhong minep”e Kurawa, atiku padhang, batinku surak.

“Ngger Saroja Kusuma, pun wancine andika mbengkas karya. Suwe mijet wohing ranti yen badhe mungkasi Abimanyu. Putra Plangkawati niku mpun kentekan daya rinanjap senjatane Kurawa. Andika mung kantun njuss…. nyublesake keris pusaka, nguntapaken nyawane Abimanyu ing neraka. Monggo ngger mumpung taksih wonten wekdalipun, selak kedhisikan Hyang Yamadipati. Andika paman kanthi mring Kurusetra.

Rindhik asu digitik, nyongklang jaran cemani tumuju ing rananggana. Abimanyu katon semu ngadeg semu gemeter, soca nutup menthang langkap. Pancen aku meri marang satriya kukuh teguh iku. Sanajan tatune arang kranjang kinraaocok rinajap ing lembing, tumpak lan panah, nanging isih kuwawa ngadeg senajan ora jejeg adus ludira.
Gemendhung lumalungkung ngguyu latah-latah, aku ngisis curiga nyedhaki papan ngadege Abimanyu. Saya gemeter anggane, sikile wis nekuk separo kari ambruke. “Hmmm…, Abimanyu kowe bakal mati rinanjap, mandi kepangan sumpahmu dhewe. Kowe ngapusi Utari putri Wiratha. Ngaku jaka senajan wis mbojo Sendari. Huh… merga pokalmu kuwi Kalabendana nganti kepeksa mati saka tangane Gathutkaca. Nyatane kowe yo satriya sing culika tega apus krama. Nyatane kowe dudu satriya tama. Beda kaya aku Lesmana Mandrakumara, pancen satriya kesuwur ala. Nyatane kowe bakal mati saka tanganku. Aja kuwatir Sendari lan Utari sakpungkurmu, bakal ngrenggani dhampar Ngastinapura ndampingi aku minangka prameswari. Ra entuk prawane yo randhane. Durung yen Gathutkaca lan Pancawala modar sisan,Pergiwa lan Pergiwati bakal tak boyong sisan. Saiki Abimanyu, tampanana pusakaku. Modar ko…egh…kekgkk…
Lho, dhadhaku kok panas perih. Lho bedor panah nancep nembus dhadhaku. Abimanyu isih bisa nglepaske panah pusaka Kyai Gusara marang aku, aku ngglebag, donyaku dadi peteng ndedhet. Saiki malah entheng, eee… aku bisa ndeleng ragaku dilangkahi Abimanyu. Para Kurawa kang nedya ngrebut kawandaku kapeksa mundur saka lepasing jemparinge Abimanyu, ora ana kang wani nyedhak. Abimanyu kaya bali entuk kekuwatan thikel, jemparinge isih mangan kurbaning prajurit lan Kurawa.

Paman Jayadhata adipati Banakeling sisihane bibi Dursilawati saya murina. Ngeprak dwipanggane nrajang papane Abimanyu. Mbabitake pusakane Kyai Glinggang, pecah sirahe Angkawijaya, ragane diidak-idak remuk dening gajah perange paman Jayadhata. Kaangkat jisimku mundur saka payudan, rawat-rawat sekar “Megatruh” ngumandhang saka tegal Kurusetra. Ibu Banowati nangis ngguguk ngrakul layonku kang sinucenan. Rama prabu mung kerot waja karo njenger, nalika geni mulat ing pancaka mbesmi ragaku.

Sawetara kau isih bisa nyekseni ragane Abimanyu kan uga kabesmi ing pancake, tinangisan kaluwarga. Lan laku “sati” Siti Sendari bela pati ambyur ing geni ngalad-alad. Utari mung ngungun cinandhet, amarga nggarbini bayi calon “ratu gung binthara ing Nusa Jawa” kaya kang wis kaweca. Sumpahe paman Arjuna bakal merjaya paman Jayadrata ing dina sesuke. Kumleyang sya ndedel ing ngawiyat sukmaku, tinuntun sukmane Abimanyu lan sukmane para prajurit kurbaning Baratayuda. Saya adoh lan saya dhuwur.
(tancep kayon)

dening BP. Soedarsono, SG
Kapethik saka Panjebar Semangat 28-29/2007

Leave a Reply

Please log in using one of these methods to post your comment:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: