Sanghyang Wenang Nyekel Jejeging Adil

Sanghyang Wenang iku putrane Sanghyang Nur Rahsa utawa Nurrasa saka garwa prameswari Dewi Sarwati utawa Rawati. Rawati putrane putri Prabu Rawangin, raja negara jin ing pulo Darma, kang lair awujud sotan, yaiku swara lamat-lamat kang kembar.

Saka swara lamat-lamat iku keprungu swara gedhe lan swara cilik kang rebutan kalungguhan tuwa. Ananging saka daya kasektene Sanghyang Nurrasa, swara-swara iku bisa didulu lan katon ayang-ayang kayadene jalma lumrah.

Ayang-ayange swara lamat-lamat kang gedhe dumunung ana ngarep, dene swara kang cilik mujudake ayang-ayang kang dumunung ing mburine. Ayang-ayang loro iku sabanjure ngadhep marang Sanghyang Nurrasa.

Wusana, Sanghyang Nurrasa nemtokake yen ayang-ayang kang ngetokake swara gedhe ditetepake minangka sing tuwa lan dijenengi Sufi kang tegese ening. Dene ayang-ayang kang ngetokake swara cilik dijenengi Jaji kang tegese wenang.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Sanghyang Nurrasa karo Dewi Rawati peputra Sanghyang Purbawisesa utawa Darmajaka (kang sinebut kanthi jeneng Sufi) lan Sanghyang Jatiwisesa (kang sinebut kanthi jeneng Jaji).

Sawise para putra Sanghyang Nurrasa iku ngancik dhewasa, Sanghyang Nurrasa peputra lanang maneh kang awujud akyan utawa badan alus lan dijenengi Sanghyang Pramanawisesa utawa Taya.

Sanghyang Nurrasa banjur manuksma ing pribadine Sanghyang Wenang sawise masrahake Kitab Pustaka Darya (krajane pustaka) lan jimat Kayu Rewan, Lata Maha Usadi, Cupu Manik Astagina lan Retnadumilah.

Kawitane, Sanghyang Wenang dumunung ing kayangan kang mapan ing Gunung Tunggal. Gunung iki kalebu ing wewengkon pulo Dewa. Ing papan iku Sanghyang Wenang nyipta swarga minangka papan dununge.

Sawijining dina, Prabu Hari, raja nagara Keling, krungu warta yen ing Gunung Tunggal dumunung sawijining pandhita sing ngaku jenenge Hyang Suksma Kawekas. Prabu Hari nemoni pandhita iku kanthi karep sedya nelukake kabisan lan kawasisane.

Ananging kanthi cara apa wae, Prabu Hari ora kasil nelukake pandhita iku. Amarga kalah, Prabu Hari banjur masrahake anake wadon minangka tandha kalah. Hyang Suksma Kawekas kang ora liya Sanghyang Wenang iku ngangkat Dewi Sahoti utawa Dewi Sati, ya anake wadon Prabu Hari, minangka prameswarine.

Saka palakramane Sanghyang Wenang lan Dewi Sahoti lair akyan kang sumunar ngemu cahya putih, ireng, kuning lan abang. Akyan banjur digrujug banyu panguripan. Cahya kang sumunar iku nyawiji dadi wujud jalma kang wutuh lan wusanane malih wujud dadi badan alus kang dijenengi Sanghyang Tunggal.

Kayangane Sanghyang Wenang banjur dipindhah ing Pulo Maldewa. Ora suwe, Sanghyang Wenang peputra maneh, cacah loro, kembar lanang lan wadon utawa dhampit. Sing lanang dijenengi Sanghyang Wening, lan sing wadon dijenengi Dewi Yati.

Sawise Sanghyang Tunggal dianggep dhewasa lan dibiji wus mitayani yen nyekel krajan, Sanghyang Wenang banjur masrahake dhampar keprabon karo kabeh pusaka lan jimat marang putrane iku. Sanghyang Wenang banjur dumunung ing kayangan Ondar Andir Buwana.
Yen katemben dumadi sawijining prekara kang diputusake dening Bathara Guru utawa Sanghyang Manikmaya, ananging asile ora maremake, saksapaa sing krasa ora marem iku bisa njaluk jejeging adil marang Sanghyang Tunggal.

Lan yen dheweke tetep durung bisa nampa putusane Sanghyang Tunggal, bisa nerusake upaya njaluk jejeging adil marang Sanghyang Wenang. Putusan kang ditetepake dening Sanghyang Wenang mujudake putusan kang dhuwur dhewe, saengga gelem ora gelem, kabeh pehak kudu nampa.

Pawadan iku, ing jagat pewayangan, pucuking panguwasa kang dhuwur dhewe ana ing tangane Sanghyang Wenang. Sanghyang Wenang duwe hak nemtokake jejeging adil adhedhasar pambijine dhewe lelandhesan sipat jujure kang pancen kondhang dhuwur dhewe kajujurane. Wandane Sanghyang Wenang iku Mangu. ::Ichwan Prasetyo::

Leave a Reply

Please log in using one of these methods to post your comment:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: