Sitija Putrane Hyang Wisnu Kang Nguwasani Krajan Loro

Tembung sitija ateges lair saka lemah, siti ateges lemah lan ja ateges lair. Bambang Sitija iku anake Hyang Wisnu lan Dewi Pratiwi utawa Pertiwi, putrane putri Prabu Nagaraja, raja krajan Sumur Jalatunda. Sitija duwe sedulur tunggal bapa biyung sing jenenge Dewi Siti Sendari.

Ing jagad pedhalangan Sitija kondhang kanthi jeneng Bambang Suteja utawa Seteja. Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, Sitija duwe pusaka peparing ibune, saka kanugrahan kang diparingake Hyang Wisnu, arupa cangkok Kembang Wijayakusuma kang arane Wijayamulya. Pusaka iki duwe kasiyat nguripake titah kang wus mati lan kabeh barang kang wus ora migunani.

Sawijining dina Bambang Sitija pengin nggoleki bapake, kang wektu iku tumurun ing Arcapada njilma dadi sawijining raja gung binathara. Saka pituduhe ibune, Dewi Pratiwi, dheweke diwenehi pangerten, yen sejatine Bambang Sitija iku putrane Hyang Wisnu, ananging ing wektu kuwi nembe njilma marang Narayana utawa Sri Kresna. Dene cirine yaiku kulite cemani utawa ireng, padha kalawan kulite Hyang Wisnu.

Bambang Sitija banjur mangkat nggoleki bapake, dikancani adhine, Dewi Siti Sendari. Nalika ing laku mudhun menyang Arcapada, Sitija lan Dewi Siti Sendari malah tekan ing papan kang kanggo ngguwang samubarang rereged. Ing kalodhangan iku Sitija pengin nyoba daya kasektene cangkok Wijayamulya.
Nalika iku, ing papan kang kanggo ngguwang samubarang rereged iku, Sitija nguripake bathange manuk dara kang sabanjure malih dadi manuk raseksa lan dijenengi Gatodara. Pecahan mangkok kang diguwang ing papan iku amarga dayane cangkok Wijayamulya malih dadi raseksa sing jenenge Yayuhgriwa. Lan ancak, papan nata panganan sing digawe saka nam-naman pring, amarga dayane cangkok Wijayamulya malih dadi ditya sing jenenge Ancakogra.

Satekane ing Dwarawati dheweke bisa sapatemon kalawan Sri Kresna kang wektu iku nembe ngadhepi pangrasabane Prabu Narakasura, raja ing krajan Surateleng. Sitija banjur mbiyantu Sri Kresna lan kasil mateni Narakasura, lan wusana raja kasebut malah manuksma dadi siji kari jiwane Bambang Sitija. Sabanjure Bambang Sitija diakoni dening Sri Kresna minangka putrane.

Bambang Sitija banjur ngrabasa nagara Prajatista, krajane Prabu Bomatera lan kasil mimpang ing paprangan iku. Sabanjure nagara Surateleng lan Prajatista dadi hake Sitija. Wusana Sitija jumeneng nata kanthi jejuluk Prabu Bomanaraksura. Kanggo nguwati krajane dheweke netepake patih Surateleng, Pancatnyana, tetep kudu ngurusi urusan njaban karaton sinambi netepi kuwajiban minangka senapati perang.

Patih Prajatista, Arya Supala, ditetepake dadi patih urusan paprentahan utawa urusan njero lan kabeh wadyabala daden-daden, yaiku Ancakogra, Yayuhgriwa, Gatodara lan liyane dadi wadya sinelir, yaiku wadyabala kang duwe kalungguhan mligi. Sitija duwe tumpakan awujud garudha sing jenenge Wilmuna. Garuda sing endhase wujud raseksa iki duwe kasekten sinebut aji Pangasonabumi, yaiku duwe pangaribawa ora bisa mati waton isih njejak bumi. Wilmuna bisa nyokot amarga panjilmane Prabu Narakasura.

Putrane putri Prabu Narakasura sing jenenge Dewi Yatnyawati utawa Dewi Hagnyawati dadi sisihane Sitija. Ing lakon Rebutan Kikis Tunggarana dicritakake, krajan Surateleng lan Pringgadani mujudake nagara kang cedhak watese. Raja Pringgadani, Prabu Arimbaji, memungsuhan kalawan raja Prajatista, Prabu Bomantara. Prabu Narakasura banjur ngrabasa Prajatista. Prabu Bomantara mati ing paprangan lan nagara Prajatista dadi kukubane Surateleng.

Raja Surateleng, Prabu Narakasura wusana ditempuh dening Sitija, anake Prabu Kresna. Sapatine Prabu Arimbaji, krajan Pringgadani dipasrahake marang pangeran pati, ananging mati dening Prabu Pandu Dewanata nalika ngrabasa nagara Astina. Dhampar keprabon banjur dikuwasani dening anak mbarep sing jenenge Prabu Arimba. Nanging Arimba mati dening Bima.

Dewi Arimbi banjur nglenggahi dhampar keprabon Pringgadani nggenteni kakange lan paprentahan dipasrahake marang Gathotkaca, anake Bima. Saka kedadeyan iki banjur tuwuh prekara rebutan kikis alas Tunggarana antarane Sitija lan Gathotkaca. Ing jagad pedhalangan, matine Sitija, kawiwitan nalika Dewi Hagnyawati cidraresmi kalawan Samba, putrane Sri Kresna saka ibu Dewi Jembawati. Sitija nesu lan ngajar Samba nganti mati, dene Sri Kresna mbaleni Samba lan kasil mateni Sitija nggunakake sanjata Cakra.

Lakon matine Sitija lan Samba iki ing jagad pedhalangan gagrag Ngayogyakarta kondhang sinebut lakon Samba Sebit. Lakon iki kapetung wingit. Ing lakon Sitija Lena dicritakake nalika Sitija ketaman sanjata Cakra gulune pedhot, Gathotkaca mbiyantu Sri Kresna nggunakake anjang-anjang. Nalika awake Sitija ngleyang, ditampani Gathotkaca nggunakake anjang-anjang saengga awake Sitija ora ngambah lemah. Kanthi cara mangkono Sitija mati amarga aji Pangasonabumine ora ana dayane yen awake ora ngambah lemah.

::Ichwan Prasetyo::

Leave a Reply

Please log in using one of these methods to post your comment:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: