Wit Adhikih Woh Adhakah

Ing negara Gilingwesi, wektu kuwi kang jumeneng nata Prabu Watugunung. Sang Prabu kagungan garwa loro cacahe, sing siji asma Dewi Sinta, sijine Dewi Landhep.

Putrane ana pitulikur, yakuwi Wukir, Kurantil, Tolu, Gumbreg, Warigalit, Warigagung, Julungwangi, Sungsang, Galungan, Kuningan, Langkir, Mandhasiya, Julungpujut, Pahang, Kuruwelut, Marakeh, Tambir, Madhangkungan, Maktal, Puye, Manahil, Prangbakat, Bala, Wugu, Wayang, Kulawu, Dhukut.

Sawijining dina, Sang Prabu ngersakake mbeburu ana alas, sing kadhawuhan ndherek salah sijine garwa yakuwi Dewi Sinta. Nalika para prajurit lagi ngaso sak wise mbeburu, Sang Prabu lan garwane leyeh-leyeh ana papan sing edhum. Nalika leyeh-leyeh kuwi Sang Prabu nglolos makutha kang diagem, banjur sareyan ana pangkone kang garwa. Saeba kagete Dewi Sinta nalika pirsa yen mustakane Sang Prabu jebul belong utawa pethak amarga tatu. Dewi Sinta matur, apa sababe dewe mustakane pethak, dhawuhe Sang Prabu, nalika isih cilik biyen, amarga saka nakale, Sang Prabu dithuthuk enthong dening ibune. Mustakane gubras getih. Kegawa ati kelara-lara Sang Prabu mlayu ninggalake keng ibu.

Dewi Sinta kaget banget, amarga apa sing dimirengake kuwi critane dhewe nalika milara putrane. ”Lha yen ngono jebul aku ki digarwa anakku dhewe.”

Dewi Sinta susah lan getun penggalihe, nanging ora wani medharake kahanan mau menyang garwane sing jebule uga putrane kuwi mau. Mula saka kuwi Dewi Sinta banjur golek akal supaya bisa uwal saka regemaning Sang Prabu.

Sawijining dina, nalika sang garwa katon sajak susah penggalihe, Sang Prabu Watugunung alon nyedhaki.

”Nimas, baya apa ta sababe, dene wis pirang-pirang dina iki praupanmu katon aclum? Apa ana bab sing njalari cuwaning atimu? Apa ana sing kok pengini lan kowe ora wani matur menyang aku?” aris pangandikane Sang Prabu.

Dewi Sinta matur alon, ”Dhuh Sang Prabu, kula kinten mboten wonten malih kekiranganipun anggen kula suwita wonten ngarsa paduka, namung sejatosipun wonten cuwanipun sekedhik.”
”Lha apa ta kurange kuwi Nimas, kenangapa kowe ora enggal matur. Kowe ngerti, apa wae kang kok suwun mesthi bakal tak paringake.”

”Sejatosipun, kula kepengin sanget gadhah maru widodari,” ature Dewi Sinta lirih. Sang Prabu kaget. Ora ngira yen garwane bakal duwe atur kaya ngono. Wong sing dimaru mestine lara ati, kok iki malah njaluk dimaru, tur marune kudu widodari pisan.

”Kowe kuwi guyon apa tenanan ta Nimas? Katresnanku menyang kowe ora ana pindhane, kok kowe duwe atur kaya ngono. Apa kowe lagi nodhi gedhening katresnanku?”
”Mboten Sang Prabu, kula matur saestu. Kula sampun gadhah maru yayi Landhep, nanging kula kepengin, paduka mundhut garwa malih, namung kedah widodari saking Suralaya.”

Gandheng adreng panyuwune kang garwa, Sang Prabu banjur nyaguhi. Ing dina sing wis katemtokake, Sang Prabu ngirit wadya bala munggah menyang Suralaya. Ature menyang para Dewa, yen ora dikeparengake mboyong salah sijine widodari, Suralaya bakal dirusak.

Kasektene Prabu Watugunung pancen ngedab-edabi. Senadyan para Dewa ora ana sing kuwat ngadhepi. Ing kono Sang Bathara Narada banjur dhawuh menyang Bathara Wisnu, amarga mung Bathara Wisnu sing bakal saguh ngalahake amuke Watugunung.

Cekaking carita, Bathara Wisnu wis adu arep karo Prabu Watugunung. Diendhakake sarana aris tetep puguh ora gelem bali yen ora mboyong salah sijine widodari. Nanging Watugunung duwe bedhekan.

”Yen kowe bisa mbatang bedhekanku iki, aku pasrah bongkokan, kok kapak-kapakake aku manut, nanging yen ora, aku tetep ngamuk ana kene, nganti panjalukku dituruti,” sesongaran pocapane Sang Prabu.

”Oh, ya, mara enggal kandhakna apa bedhekanmu kuwi?” alus dhawuhe Bathara Wisnu.
”Wite adhikhih, wohe adhakah, kuwi apa. Lan wite adhakah wohe adhikih, kuwi ya apa?” ature Watugunung.

Nanging kanthi mesem Bathara Wisnu ngendika, ”Wit adhikih woh adhakah kuwi semangka, dene wit adhakah woh adhikih kuwi ringin.”

Adhakah bisa ditegesake gedhe, dene adhikih mono cilik. Semangka kuwi senadyan wohe gedhe, ngluwihi sirah uwong, nanging wite cilik, dene wit ringin, senadyan wite gedhe, nanging wohe cilik-cilik.

Sang Prabu Watugunung kaget, ora ngira yen Bathara Wisnu bisa mbatang bedhekane. Gandheng wis dadi pocapane, wusana Watugunung ora wani suwala, mula banjur kanthi gampang ditigas janggane. Meruhi ratune kalah, prajurite padha mlayu kocar-kacir.
Kocapa Dewi Sinta bareng krungu kabar mau, banget getun lan susahe. Maune amarga saka lingsem banjur kepengin nyingkirake Prabu Watugunung, nanging bareng Watugunung tiwas, getune ora kena kinira.

Tangise Dewi Sinta sundhul tekan Suralaya, mahanani swasana ing Suralaya dadi panas ora karu-karuan, lan gawe bingunge para widadara-widodari.

Bathara Narada sing kadhawuhan mudhun banjur ndangu kenangapa tangise Dewi Sinta nganti kekejer kaya mengkono. Ature, yen Prabu Watugunung ora diuripake maneh, Sinta ora bakal meneng saka anggone nangis. Keparenging Bathara Guru, Prabu Watugunung banjur diuripake maneh, nanging jebule Watugunung ora gelem mudhun maneh menyang ngarcapada.

Dewi Sinta, Landhep dalah para putrane banjur nyuwun supaya dikeparengake sumusul menyang Suralaya, sing uga dikeparengake dening para Dewa. Nanging munggahe ora bisa bareng, mung dijupuk mbaka siji, lan mung saben pitung dina sepisan, wiwit saka Sinta, Landhep, banjur para putrane kabeh.

Kuwi mula bukane wuku sing cacah telung puluh, yakuwi Sinta, Landhep, Wukir lan sak banjure, sing pungkasan dhewe Watugunung. Petung wuku mono mung ana ing tatanan kejawen, sing mbokmenawa ing jaman saiki ora akeh sing ngerti, apa maneh mangerteni.

::Tien Kumalasari Widayat::

Leave a Reply

Please log in using one of these methods to post your comment:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: