Bathara Kamajaya Dadi Pralambang Priya Kang Sampurna

Bathara Kamajaya iku putrane Sanghyang Ismaya lan Dewi Sanggani. Dewi Sanggani dhewe ora liya putrane putri Sanghyang Wenang kang kaping sanga. Bathara Kamajaya iku kondhang duwe pasuryan kang bagus banget, dedeg piyadege uga sampurna.

Yen ing arcapada ana Arjuna kang dadi pralambange priya kang sampurna pasuryan lan dedeg piyadege, ing Suralaya ana Bathara Kamajaya. Kayangane sinebut Cakrakembang. Prameswarine asma Dewi Ratih, yaiku putrane putri Bathara Soma.
More

Bathara Narada Patih Ing Suralaya

Sang Hyang Narada utawa Bathara Narada iku putrane Sang Hyang Caturkanwaka lan Dewi Laksmi. Karana iku Narada uga sinebut Hyang Kanwakaputra utawa Sang Hyang Kanekaputra.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa weton Balai Pustaka, ing jagad pedhalangan Bathara Narada asale saka Kayangan Siddi Udhaludhal. Dheweke duwe sedulur telu yaiku Sang Hyang Pritanjala, Dewi Tiksnawati lan Sang Hyang Caturwarna.
More

Bathara Sambu Nate Kajibah Ngebur Samodra Susu

Bathara Sambu utawa Sambo iku putra pambarepe Sanghyang Manikmaya, panguwasa Tribuwana, saka garwa sepisanan, Dewi Umayi.

Tembung Sambo tegese ambu utawa ganda, tanggung jawab, cukat trengginas, sinandhi, tangeh lamun, cetha lan tongkat utawa teken. Papan dununge Bathara Sambu ing Kayangan Swelagringging.
More

Mijil Bhisma Gugur

Mangsah tumanceping jaja nenggih

rah muncar sumurup

Bhisma nibo gumuling ratane

Bhismo mati deniro Srikandhi

bolo Pandhawa tri

surake gumuruh

More

Patih Sengkuni Duwe Gegayuhan Nguwasani Astina

Sengkuni utawa Sakuni ing Mahabarata dikenal minangka raja ing krajan Gandaradesa lan jejuluk Prabu Gandara.

Ananging ing pedhalangan mung sinebut Sengkuni. Ing Purwacarita dikenal kanthi aran Trigantalpati. Dene ing Pustakaraja jenenge Arya Suman.

Ing crita wayang Jawa, Sengkuni kuwi anake Prabu Keswara, raja nagara Gandaradesa. Anake Keswara yaiku Arya Gandariya, Dewi Gendari/Gandari, Arya Sarabasata, Arya Sakuni lan Arya Gajaksa. Arya Sakuni duwe sisihan aran Dewi Sukesti lan duwe anak Surakesti.
More

Prabu Kalimantara

Uwong yen wis darbe samubarang tur rumangsa digdaya kerep-kerepe banjur takabur. Semono uga Prabu Kalimantara, ratu saka nagara Nusantara utawa Cempaka Kawedhar iki. Wujude buta, sekti mandraguna. Isih enom, gegayuhane ngrabi widadari lan nguwasani tribawana.
More

Prabu Salya Dadi Kusir Nalika Karna Tandhing

Prabu Salya kang jeneng cilike Narasoma kalebu tetunggule kulawarga Kurawa. Ing perang Bhratayuda, Salya dadi senapati agung wadyabala Kurawa lan kusir kreta perange Adipati Karna nalika perang tandhing kalawan Arjuna. Crita perang tandhinge Karna lan Arjuna kababar ing lakon Karna Tandhing. Nalika iku sing dadi kusir kreta perange Arjuna ora liya Prabu Kresna.
More

Raden Samba

Raden Samba, satriya ing Paranggarudha, uga akekasih raden Wisnubrata. Baguse ora njamak, awit wong-wong padha alok baguse kaya Samba, nadyan wong bagus sepirang-pirang. Kejaba misuwur bagus, ngandikane nggrecek, renyah, luwes, lan marak ati. Ana ing negara Dwarawati katengen dening Sang Prabu Kresna. Nadyan Prabu Kresna kagungan patih kang tanggon yaiku Udawa, nanging saben pisowanan kang diajak rembugan prakara negara ya mung Raden Samba.
More

Salah Kedaden

Aku kalairake minangka pembayun nata agung Ngastinapura Prabu Duryudana lan Ibu Dewi Banowati. Adhiku wadon sesilih Dewi Lesmanawati. Tata lair aku pancen putrane rama prabu. Nanging sejatine aku lan adhiku asil slingkuhe ibu Banowati lan pamen raden Janaka. Lha bener tho..!! Ing kalangan elit pura bae ana paselingkuhan. Kisah roman selingkuh wong agung kraton iki nyatane wis akeh kecatet ing lakon-lakon parwa, sadurunge kraton Ngastinapura ana. Klebu dewa-dewi, widadara-widadari uga akehkang slingkuh. Kelbu inga antarane ratuning ya Hyang Girinata. Mual jeneng ora salah miturut panemuku yen aku ya seneng slingkuh lan nylingkuhi. Lha wong ono sing tak tiru. Nyatane ibuku slingkuh, rama ya api-api ora ngerti.
More

Setyaki Dalam Lakon Prabu Garbanata

Wauto, menika ta warnane Prabu Garbanata ratu ing Garbaruci kang taksih tedakturune Prabu Kalaruci, ratu ing Karanggubarja. Prabu Kalaruci tumekeng lampus natkala aprang kalawan Prabu Pandu duk angrangsang Suralaya, amarga gandrung kapirangu kalawan Dewi Wersini.

Prabu Garbanata daup kalawan Dewi Danawati, putri Prabu Kalayaksa, raja negara Garbasumanda, apeputri Dewi Garbarini.
More

Wahyu Jatiwisesa

Pagebluk mayangkara larang sandang paceklik pangan nyengkerem praja Ngastina agawe judheg sang prabu Suyudana, gya nganakake pasewakan andangu Sang Hyang Durna kapyarsa matur:

“O lole lole semonyor-monyor, waloh genjor-genjor geyor-geyor, somalewa somarente emprit ganthil buntute omah joglo, haweloh-haweloh ableduhus wlageyhong. Menapa sampun kepareng pun bapa matur ngersani anak prabu?”.
More

Wit Adhikih Woh Adhakah

Ing negara Gilingwesi, wektu kuwi kang jumeneng nata Prabu Watugunung. Sang Prabu kagungan garwa loro cacahe, sing siji asma Dewi Sinta, sijine Dewi Landhep.

Putrane ana pitulikur, yakuwi Wukir, Kurantil, Tolu, Gumbreg, Warigalit, Warigagung, Julungwangi, Sungsang, Galungan, Kuningan, Langkir, Mandhasiya, Julungpujut, Pahang, Kuruwelut, Marakeh, Tambir, Madhangkungan, Maktal, Puye, Manahil, Prangbakat, Bala, Wugu, Wayang, Kulawu, Dhukut.
More

Yu Cangik

Tengah-tengah

(Kaya adate, tabuh sewelas esuk apa apa wis cumepak ing angkring kang sarwa prasaja iki. Prasaja sing mande, prasaja jajanane. Kawit saka cemplon tekan walang kayu dibacem, gulu di-barbeque, kabeh ana.)

Petruk nyelathu,”Wayah manjing awan mangkene iki, enake mbakar gulu Yu! Dhasar wetengku kit mau esuk klintar-klintir. Blas, durung kisenan apa-apa. Mara Yu, Mang angkringke gulu siji, tempe siji! Aja lali, teh kenthel pahite mang dhisikke!”, sinambi nyokot jadah goreng.
More

Aswatama Nate Gawe Dredah Ing Suralaya

Aswatama iku putra tunggale Brahmana Drona kalawan Dewi Krepi saka nagara Tempuru. Ngenani laire Aswatama, miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Resi Baratamadya ing Hargajembangan duwe anak lanang telu, yaiku Kumbayana (nalika dhewasa jenenge dadi Drona), Kumbayaka lan Dewi Kumbayani.

Saka katelune sedulur iku, Kumbayana sing menjila dhewe. Kumbayana kondhang sektine, wasis babagan andon yuda, prigel ngolah sanjata, sugih japa mantra lan uga dadi dwija.
More

Babakan Kunthi

Cerita Dewi Kunthi iki bermula soko Raja Mandura (bangsa Yadawa) sing nduwe anak 2 lanang wadon (yen ra salah ya lur), yaiku Basudewa lan Prita. Basudewa iki mengko nduwe anak 3 sing terkenal banget. Sing mbarep jenenge Baladewa aka Kekrasana aka Balarama, sing nomer loro jenenge Kresna aka Narayana aka Janardana aka Madusudana, lha sing ragil wadon jenenge Sembadra aka Roro Ireng utawa akeh sing nulis Subhadra.
More

Batara Kala Wenang Mateni lan Mangan Wong-Wong Sukerta

Bathara Kala iku putrane Sanghyang Manikmaya lan Dewi Umayi kang nomer enem, utawa putra ragil. Tembung kala ateges wektu lan dewa penasaran.
Sawise Bathara Guru lan Dewi Umayi peputra cacah lima, kalorone lelungan ngenggar-enggar ati numpak Lembu Andini utawa Nandini.

Ing satengahing mlaku-mlaku iku Bathara Guru kapiadreng saresmi, ananging Dewi Umayi nulak. Pawadane kahanane ora apik kanggo saresmi amarga ana ing satengahing adicara mlaku-mlaku ngenggar-enggar ati.
More

Bathara Anantaboga Mbiyantu Pandhawa Oncat Saka Bale Sigalagala

Bathara Anantaboga iku dewa kang awujud naga kanthi swiwi lan dumunung ing kayangan Saptapratala. Tembung ananta iku tegese tanpa wates utawa tan winates, lan tembung boga tegese mangan. Anantaboga ateges mangane tanpa wates. Kaprah sinebut Antaboga.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, salasilahe Bathara Anantaboga kawiwitan saka Sanghyang Wenang kang peputra putri Dewi Sayati. Dewi Sayati iki sabanjure palakrama karo jin awujud naga kang jenenge Anantawisesa.
More

Bathara Bayu Duwe Siswa Pitu Ing Arcapada

Bathara Bayu kang uga kondhang sinebut Sanghyang Pawana iku putrane Sanghyang Manikmaya utawa Bathara Guru lan Dewi Umayi kang nomer papat.

Tembung pawana ateges angin, dene tembung bayu ateges kekuwatan utawa angin. Bathara Bayu dumunung ing kayangan Panglawung. Sisihane asma Dewi Sumi, putrane Bathara Soma.
More

Bathara Brahma Nurunake Raja-raja Ing Arcapada

Bathara Brahma utawa Sanghyang Brahma iku putrane Sanghyang Manikmaya kang nomer loro. Bhatara Brahma lair saka prameswari Dewi Umayi.

Bathara Brahma uga sinebut Bathara Brama. Dene tembung brahma iku ateges geni, panas, pandhita lan saka sabranging samodra.
More

Bathara Guru Nguwasani lan Ngatur Tribuwana

Wiwit babaran iki Jagad Pewayangan sedya ndhudhah jati dhirine para dewa ing ngalam kadewatan pakeliran wayang kulit purwa. Kawiwitan kanthi njlentrehake jati dhirine Bathara Guru.

Ing jagad pakeliran, miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathara Guru iku mujudake panguwasa kang dhuwur dhewe. Iku amarga Bathara Guru kang nyekel kuwasa tumrap Tribuwana utawa ngalam telu, yaiku Suralaya, Surawani lan Suranggangkara.
More

Previous Older Entries